Important Announcement
PubHTML5 Scheduled Server Maintenance on (GMT) Sunday, June 26th, 2:00 am - 8:00 am.
PubHTML5 site will be inoperative during the times indicated!

Home Explore Modul Basa Jawa Kelas VI semester genap

Modul Basa Jawa Kelas VI semester genap

Published by Taufik Yulianto, 2020-10-11 08:05:07

Description: MODUL BAHASA JAWA KELAS 1-6\Modul Basa Jawa Kelas VI

Keywords: Modul, basa jawa

Search

Read the Text Version

DINAS PENDIDIKAN, KEBUDAYAAN, KEPEMUDAAN, DAN OLAHRAGA KABUPATEN SEMARANG MODUL PENDAMPING PJJ Kangge SD/MI Kelas 6 SEMESTER GENAP

Puji syukur dhumateng Pangeran ingkang Maha Kuwaos bilih kita tansah dipun tuntun lan dipun tedahaken margi ingkang leres, saengga kita saged mujudaken satunggaling rerangken wucalan Basa Jawi kanthi pangajab sageda mbiyantu para dwija lan siswa anggenipun sami nggegulang, nguri-uri Basa Jawi. Buku punika isinipun salaras kaliyan Kurikulum Mata Pelajaran Muatan Lokal Bahasa Jawa kagem jenjang Pandhidhikan SD/MI Negeri lan swasta. Materi wonten modul punika sampun dipun ringkes miturut piwucalan wonten ing kahanan pandemi Covid-19 wanci menika. Wucalan Basa Jawi punika tujuanipun supados para siswa trampil ngginakaken Basa Jawi ingkang sae lan leres, pramila buku punika dipun jangkepi gladhen, gambar, evaluasi saha pungkasaning semester wonten gladhen kagem uji kompetensi. Buku punika taksih kathah kekiranganipun, pramila panyuruwe saking sinten kemawon ingkang awujud kasaenan tuwin kasampurnaning buku punika tansah kaantu-antu. Wasana cekap semanten mugi-mugi buku menika maedahi tumrap kemajenganipun wucalan Basa Jawi ing SD/MI lan gesangipun Basa Jawi. Nuwun. Ungaran, Oktober 2020 Redaksi Modul Pendamping PJJ Basa Jawa 1

ATUR PAMBUKA ……………………………………………………………………… 1 DHAFTAR ISI …………………………………………………………………………... 2 PROTOKOL KESEHATAN …………………………………………………………… 3 PANDUAN PENGGUNAAN MODUL ………………………………………………… 4 Pasinaon 1. Perpisahan Sekolah .……………………………………...……………...… 5 Piwulang 1 ………………………………………………………………………….…. 6 Piwulang 2 ………………………………………………………………………….…. 7 Piwulang 3 ………………………………………………………………………….…. 8 Piwulang 4 ………………………………………………………………………….…. 9 Evaluasi ……………………………………………………………………………….. 11 Pasinaon 2. Kesenian Tradhisional ……….……………………………………….…… 12 Piwulang 1 ………………………………………………………………………….…. 13 Piwulang 2 ………………………………………………………………………….…. 15 Piwulang 3 ………………………………………………………………………….…. 16 Piwulang 4 ………………………………………………………………………….…. 17 Evaluasi ……………………………………………………………………………….. 19 Pasinaon 3. Ngleluri Aksara Jawa ………………..………………………………….… 20 Piwulang 1 ………………………………………………………………………….…. 21 Piwulang 2 ………………………………………………………………………….…. 22 Piwulang 3 ………………………………………………………………………….…. 24 Piwulang 4 ………………………………………………………………………….…. 25 Evaluasi ……………………………………………………………………………….. 27 KUNCI JAWABAN ……………………………………………………………………... 28 DHAFTAR PUSTAKA …………………………………………………………………. 29 Modul Pendamping PJJ Basa Jawa 2

AYO BERSAMA MELAWAN COVID-19 DENGAN GERAKAN 3M Memakai MASKER Menjaga JARAK Mencuci tangan pakai SABUN Modul Pendamping PJJ Basa Jawa Sumber: KEMENKES RI 3

1. Modul belajar mandiri Basa Jawa ini memuat pembelajaran Bahasa Jawa untuk kelas V semester genap. 2. Modul ini dikembangkan berdasarkan kurikulum 2013 Bahasa Jawa Provinsi Jawa Tengah. 3. Materi pada modul ini telah disesuaikan untuk kegiatan Pembelajaran Jarak Jauh (PJJ) selama masa pandemic Covid-19. 4. Modul ini berisi beberapa Pasinaon (Bab), dan setiap Pasinaon terdiri dari beberapa Piwulang (Pertemuan). 5. Pada awal Pasinaon terdapat Kompetnsi Inti, Kompetensi Dasar, dan Indikator. Sedangkan pada setiap Piwulang terdapat materi dan tujuan pembelajaran. 6. Kerjakan modul ini sesuai dengan petunjuk yang diberikan. 7. Selamat belajar. Semoga kesehatan dan kesuksesan senantiasa menyertai kita. Modul Pendamping PJJ Basa Jawa 4

Kompetensi Inti: 1. Menerima, menghargai dan menjalankan ajaran agama yang dianutnya. 2. Memiliki perilaku jujur, disiplin, tanggung jawab, santun, peduli, percaya diri, dan cinta tanah air dalam berinteraksi dengan keluarga, teman, tetangga, dan guru. 3. Memahami pengetahuan faktual dan konseptual dengan cara mengamati dan mencoba (mendengar, melihat, membaca) serta menanya berdasarkan rasa ingin tahu secara kritis tentang dirinya, makhluk ciptaan Tuhan dan kegiatannya, dan benda-benda yang dijumpainya di rumah, sekolah, dan tempat bermain. 4. Menyajikan pengetahuan faktual dan konseptual dalam bahasa yang jelas, logis, dan sistematis, dalam karya yang estetis dalam gerakan yang mencerminkan anak sehat, dan dalam tindakan yang mencerminkan perilaku anak beriman dan berakhlak mulia. Kompetensi Dasar: 1.1 Menerima dan bangga akan anugerah Tuhan Yang Maha Esa berupa Bahasa Jawa sebagai bahasa Ibu. 1.2 Mensyukuri anugerah Tuhan Yang Maha Esa berupa bahasa Jawa sebagai jati diri, sarana mendekatkan diri kepada Sang Pencipta, menghormati dan menghargai ajaran agama yang dianutnya. 2.1 Menunjukkan perilaku bertanggung jawab, santun dan percaya diri dalam mengungkapkan keinginan dan pendapat menggunakan bahasa Jawa. 3.1 Memahami isi teks pidato tentang perpisahan kelas VI 4.1 Menyusun dan menyajikan teks pidato tentang perpisahan kelas VI Indikator: 3.1.1. membaca teks pidato tentang perpisahan kelas VI. 3.1.2. mengartikan kata-kata sulit dalam teks pidato tentang perpisahan kelas VI 3.1.3. menjelaskan isi teks pidato tentang perpisahan kelas VI. 3.1.4. menulis kerangka pidato Asal gambar: bse Bahasa Indonesia Kelas VI 5 Modul Pendamping PJJ Basa Jawa

Piwulang 1 Materi : Teks Pidato Tujuan Pembelajaran: • Peserta didik dapat membaca teks pidato perpisahan kelas VI. Wacanen tanggap wacana ing ngisor iki kanthi titis, banjur setitekna isine! Perpisahan Siswa Kelas 6 Assalamu’alaikum Wr. Wb. Bapak kepala sekolah, bapa/ibu guru, bapa/ibu komite sekolah, bapa/ibu tamu undangan ingkang kinurmatan. Rencang-rencang kelas enem lan adhik kelas ingkang kula tresnani. Sakderengipun kawula matur, sumangga kula lan panjenengan sedaya tansah ngunjukaken puji syukur wonten ngarsa dalem Gusti ingkang sampun paring kanugrahan, rahmat lan hidayahipun dhumateng kula lan panjenengan sedaya saengga kita saget makempal ing papan punika kanthi wilujeng nir ing sambikala. Para rawuh ingkang kinurmatan, kula lan rencang-rencang kelas 6 bingah sangetamargi saget nuntasaken pasinaon sadangunipun 6 tahun. Pramila kula sarencang ngaturaken panuwun dhumateng bapa kepala sekolah sumrambah Bapa/Ibu guru ingkang sampun mulang muruk lan nggulowentah kanthi sabar lan tulus. Bapa/Ibu guru ingkang kula kurmati, sekedap malih kula sarencang badhe nilaraken pawiyatan punika. Kula sarencang nyuwun pamit saha nyuwun donga pangestu supados saget mujudaken gegayuhan kula. Kula sarencang nglenggana salaminipun nempuh pandhidikan kathah kalepatan mila nyuwun agunging pangaksami. Marang adhik-adhik kelas, aku titip weling sinaua sing sregep, mituhu marang Bapa/Ibu guru lan ngajenana bapa lan ibumu. Mekaten ingkang saget kula aturaken, menawi wonten kekirangan lan lepating atur, kula nyuwun pangapunten. Matur nuwun. Wassalamu’alaikum Wr. Wb. Pitakon ing ngisor iki wangsulana kanthi patitis! 1. Tanggap wacana ing dhuwur diaturake ing acara apa? Wangsulan: ………………………………………………………………………………… 2. Sapa wae sing ngrungokake tanggap wacana iku? Wangsulan: ………………………………………………………………………………… 3. Apa wae ature siswa kelas 6 marang bapa/ibu guru? Wangsulan: ………………………………………………………………………………… 4. Apa wae piwelinge kelas 6 marang adhik-adhik kelas? Wangsulan: ………………………………………………………………………………… 5. Aranana 5 wae acara liyane sing ana tanggap wacana! Wangsulan: ………………………………………………………………………………… Modul Pendamping PJJ Basa Jawa 6

Perasaanku nalika sinau piwulang iki, yaiku : Aku wis ngerti babagan : Piwulang 2 Materi : Teks Pidato Tujuan Pembelajaran: • Peserta didik dapat mengartikan kata-kata sulit yang terdapat dalam teks pidato perpisahan kelas VI. Wacanen maneh tanggap wacana “Perpisahan Siswa Kelas 6”. A. Golekana tegese tembung ing ngisor iki kanthi cara menehi garis. matur ngrumangsani makempal sekolahan sambikala manut nggulowentah kesalahan pawiyatan pangapura gegayuhan ndhidhik nglenggana cita-cita kalepatan alangan mituhu kumpul pangapunten kandha Modul Pendamping PJJ Basa Jawa 7

B. Golekana tembung liyane sing kowe durung ngerti tegese 5 wae. ………………………………………………………………………………………………… ………………………………………………………………………………………………… ………………………………………………………………………………………………… ………………………………………………………………………………………………… Menawa wis rampung, fotonen banjur kirimna Bapa/Ibu gurumu lumantar Whatsapp Perasaanku nalika sinau piwulang iki, yaiku : Aku wis ngerti babagan : Piwulang 3 Materi : Teks Pidato Tujuan Pembelajaran: • Peserta didik dapat menjelaskan isi teks pidato perpisahan kelas VI. Wacanen maneh tanggap wacana “Perpisahan Siswa Kelas 6”. Coba jlentrehna isine tanggap wacana iku! …………………………………………………………………………………………………… …………………………………………………………………………………………………… …………………………………………………………………………………………………… …………………………………………………………………………………………………… …………………………………………………………………………………………………… Modul Pendamping PJJ Basa Jawa 8

Perasaanku nalika sinau piwulang iki, yaiku : Aku wis ngerti babagan : Piwulang 4 Materi : Teks Pidato Tujuan Pembelajaran: Peserta didik dapat menulis kerangka pidato Gawe cengkorongan/ perangan tanggap wacana. Kajaba bisa mangerteni isine teks pidhato, bisa nyritakake maneh, lan uga bisa aweh tanggapan, kowe uga kudu bisa gawe pidhato. Sadurunge gawe pidhato, luwih dhisik kudu mangerteni perangan pidhato lan carane gawe cengkorongan pidhato. Pidhato nduweni perangan-perangan kaya ing ngisor iki. 1. Pambuka/ purwaka a. Salam pambuka: salam agama utawa liyane. b. Pambuka/ purwaka: perangan mbagekake lan muji syukur marang Gusti. 2. Isi/ surasa: perangan wigatine (inti) tanggap wacana. 3. Panutup/ wasana basa a. Perangan panutup: nyuwun pangapura yen ana salahe anggone pidhato. b. Salam panutup: salam agama utawa liyane. Gladhen I A. Gawea cengkorongan pidhato/ sesorah perpisahan kelas VI. 1. Salam pambuka : ………………………………………………………………………….. 2. Pakurmatan marang tamu : ……………………………………………………………….. Modul Pendamping PJJ Basa Jawa 9

3. Atur puji syukur marang Gusti Allah : …………………………………………………… 4. Isine sesorah : …………………………………………………………………………….. 5. Panutupe sesorah : ………………………………………………………………………... 6. Salam panutup : …………………………………………………………………………... B. Cengkorongan kang wis kogawe iku ngrembakakna (kembangkan) dadi teks sesorah. Kasile karyamu fotonen banjur kirimna Bapa/Ibu gurumu lumantar Whatsapp. Gladhen II Teks sesorah sing wis kogawe wacanen lan rekamen banjur kirimna Bapa/Ibu gurumu lumantar Whatsapp. Perasaanku nalika sinau piwulang iki, yaiku : 10 Aku wis ngerti babagan : Modul Pendamping PJJ Basa Jawa

Piwulang 5 EVALUASI I. Ceceg-ceceg ngisor iki isenana kanthi jawaban sing trep! Kanggo mangsuli pitakon nomer 1-4 Kula sarencang kelas 6 ngaturaken pamaturnuwun dhumateng Bapa/Ibu guru saha nyuwun tambahing donga pangestu supados kula sarencang saget nglajengaken wonten ing pawiyatan ingkang langkung inggil. 1. Tembung pawiyatan ing wacan tegese …. 2. Paragraf ing dhuwur punggelan teks sesorah perangan …. 3. Perangan sesorah iku trep ing acara …. 4. Basa ngokone ngaturaken yaiku …. 5. Cekap semanten atur kula, menawi wonten kalepatan kula nyuwun pangapunten. Ukara iku punggelan teks sesorah perangan …. 6. Assalamu’alaikum Wr. Wb, sugeng siyang. Ukara iku ing naskah sesorah diarani …. 7. Nalika sesorah suarane kudu …. 8. Pinangka pambukaning sesorah kudu muji sokur marang …. 9. Mangga kula dherekaken muji sokur dhumateng Gusti. Ukara iku punggelane sesorah perangan …. 10. Sadurunge nulis teks sesorah luwih dhisik gawe … supaya runtut. II. Wangsulana pitakon kanthi patitis! 1. Aranana 3 wae perangan penting ing teks sesorah. …………………………………………………………………………………………… …………………………………………………………………………………………… …………………………………………………………………………………………… …………………………………………………………………………………………… 2. Gawea paragraf sesorah perangan pambuka! …………………………………………………………………………………………… …………………………………………………………………………………………… …………………………………………………………………………………………… …………………………………………………………………………………………… Menawa wis rampung, fotonen banjur kirimna Bapa/Ibu gurumu lumantar Whatsapp Modul Pendamping PJJ Basa Jawa 11

Kompetensi Inti: 1. Menerima, menghargai dan menjalankan ajaran agama yang dianutnya. 2. Memiliki perilaku jujur, disiplin, tanggung jawab, santun, peduli, percaya diri, dan cinta tanah air dalam berinteraksi dengan keluarga, teman, tetangga, dan guru. 3. Memahami pengetahuan faktual dan konseptual dengan cara mengamati dan mencoba (mendengar, melihat, membaca) serta menanya berdasarkan rasa ingin tahu secara kritis tentang dirinya, makhluk ciptaan Tuhan dan kegiatannya, dan benda-benda yang dijumpainya di rumah, sekolah, dan tempat bermain. 4. Menyajikan pengetahuan faktual dan konseptual dalam bahasa yang jelas, logis, dan sistematis, dalam karya yang estetis dalam gerakan yang mencerminkan anak sehat, dan dalam tindakan yang mencerminkan perilaku anak beriman dan berakhlak mulia. Kompetensi Dasar: 1.1 Menerima dan bangga akan anugerah Tuhan Yang Maha Esa berupa Bahasa Jawa sebagai bahasa Ibu. 1.2 Mensyukuri anugerah Tuhan Yang Maha Esa berupa bahasa Jawa sebagai jati diri, sarana mendekatkan diri kepada Sang Pencipta, menghormati dan menghargai ajaran agama yang dianutnya. 2.2 Menunjukkan perilaku berbahasa yang santun yang ditunjukkan dengan ketepatan penggunaan ragam bahasa (unggah-ungguh basa). 3.2 Memahami teks percakapan/dialog dengan teman sebaya atau orang tua 4.2 Menulis dan menyajikan teks percakapan dengan teman sebaya atau orang tua dengan ragam dan intonasi yang tepat Indikator: 3.2.1. membaca teks percakapan. 3.2.2. mengartikan kata-kata sulit dalam teks percakapan. 3.2.3. menjawab pertanyaan tentang isi teks percakapan. 3.2.4. mengubah teks percakapan menjadi teks narasi. 3.2.5. membuat teks percakapan. Modul Pendamping PJJ Basa Jawa Asal gambar: bse Bahasa Indonesia Kelas VI 12

Piwulang 1 Materi : Teks Percakapan Tujuan Pembelajaran: • Peserta didik dapat membaca teks percakapan. • Peserta didik dapat mengartikan kata-kata sulit dalam teks prcakapan Teks pacelathon ngisor iki wacanen kanthi setiti. Latihan Maca Geguritan, Ndongeng, lan Nembang Macapat Astuti, Dian, Doni : “Kula nuwun!” Pak Batara : “Mangga. E… ana tamu. Kene padha mlebu!” Astuti, Dian, Doni : “Inggih, matur nuwun, Pak.” Pak Batara : “Iki kok rombongan, padha saka ngendi iki?” Astuti, Dian, Doni : “Saking griya, Pak. Kula sarencang panci badhe sowan bapak.” Pak Batara : “Lo, kok dingaren. Ana perlu apa? Apa arep gladhen nggamel?” Dian : “Badhe matur, Pak. Sowan kula sarencang badhe nyuwun pitulungan supados bapak nggladhi kula sakanca.” Pak Batara : “Nglatih apa, ta? Arep kanggo apa? Astuti : “Kula badhe lomba nembang macapat, Dian lomba ndongeng dene Doni lomba geguritan.” Pak Batara : “Ya ya. Kowe muride Pak Sentanu? Kowe diutus Pak Gurumu sowan Bapak, ya?” Astuti, Dian, Doni : “Inggih, Pak. Kula panci dipun utus Pak Guru sowan mriki supados dipungladhi, Bapak.” Pak Batara : “Pak Sentanu iku mbiyen kancaku sekolah. Pak Sentanu dadi guru, aku dadi dhalang.” Astuti, Dian, Doni : “Inggih, Pak.” Pak Batara : “Ngene, Bapak sanggup nglatih kowe kabeh nanging ora saiki. Bapak saiki ana kaperluan wigati.” Astuti : “Inggih, Pak. Lajeng, mbenjang menapa sagetipun.” Pak Batara : “Sesuk awan wae, watara jam rolasan Bapak dakmenyang sekolahanmu wae.” Doni : “Makaten, Pak.” Pak Batara : “Ya, ngono wae. Matura Pak Sentanu, ya! Aja lali padha pamita bapak ibumu menawa balimu telat!” Dian : “Inggih, Pak. Ngenjang kula matur Pak Sentanu.” Pak Batara : “Ya… wis ngono wae. Bapak selak tindak.” Astuti, Dian, Doni : “Inggih, Pak. Matur nuwun, wilujeng sonten, Pak.” Kapethik saka: Gunadi Aryo, “Conto Pacelathon”, Juni 2013 Modul Pendamping PJJ Basa Jawa 13

Gladhen Sawise kowe maca pacelathon mau, mesthine ana tetembungan sing angel lan durung kongerteni tegese utawa karepe. Kanggo nggampangake kowe mbandhingake tetembungan iku ing basa ngoko, krama, krama alus/ krama inggil, gunakna kolom ngisor iki! No Tembung ing Basa Ngoko Basa Krama Krama Alus Bahasa Wacan Indonesia 1. griya … griya … rumah 2. panci … … memang 3. sowan … panci datang … sowan 4. gladhen … gladhen … latihan 5. dipungladhi … … dipungladhi dilatih 6. diutus … diutus … disuruh 7. wigati wigati … … penting 8. sagetipun … … sagetipun bisanya 9. matur … 10. tindak … … matur katakan … tindak berangkat Perasaanku nalika sinau piwulang iki, yaiku : Aku wis ngerti babagan : Modul Pendamping PJJ Basa Jawa 14

Piwulang 2 Materi : Teks Percakapan Tujuan Pembelajaran: • Peserta didik dapat menjawab pertanyaan tentang isi teks percakapan Mangsuli pitakon bab isine pacelathon Tuladha : Pitakon : Astuti, Dian, lan Doni sowan sapa? Wangsulan Basa Ngoko : Astuti, Dian, lan Doni sowan Pak Batara. Basa Krama : Astuti, Dian, kaliyan Doni sowan Pak Batara. Garapen kaya tuladha 1. Pitakon : Ana perlu apa Astuti, Dian, lan Doni sowan Pak Batara? Wangsulan Basa Ngoko : …………………………………………………………………………………. Basa Krama : ………………………………………………………………………………… 2. Pitakon : Pak Sentanu iku apane Pak Batara? Wangsulan Basa Ngoko : …………………………………………………………………………………. Basa Krama : ………………………………………………………………………………… 3. Pitakon : Ana ngendi olehe Pak Batara arep nglatih? Wangsulan Basa Ngoko : …………………………………………………………………………………. Basa Krama : ………………………………………………………………………………… 4. Pitakon : Apa welinge Pak Batara marang bocah-bocah? Wangsulan Basa Ngoko : …………………………………………………………………………………. Basa Krama : ………………………………………………………………………………… 5. Pitakon : Astuti, Dian, lan Doni diutus apa dening Pak Sentanu? Wangsulan Basa Ngoko : …………………………………………………………………………………. Basa Krama : ………………………………………………………………………………… Perasaanku nalika sinau piwulang iki, yaiku : Modul Pendamping PJJ Basa Jawa 15

Aku wis ngerti babagan : Piwulang 3 Materi : Teks Percakapan Tujuan Pembelajaran: • Peserta didik dapat mengubah teks percakapan menjadi teks narasi. Ngowahi teks pacelathon (dialog) dadi gancaran (narasi). Tuladha : Gancaran teks pacelathon “Latihan Maca Geguritan, Ndongeng, lan Nembang”. Basa Ngoko Astuti, Dian, lan Doni didhawuhi Pak Guru sowan Pak Batara. Kira-kira jam papat bocah telu padha sowan Pak Batara. Sowane Astuti, Dian, lan Doni saperlu .......………… ……………………………………………………………………………………………… ……………………………………………………………………………………………… ……………………………….… (Bacute tutugna) Basa Krama Astuti, Dian, kaliyan Doni dipun dhawuhi Pak Guru sowan Pak Batara. Kinten- kinten tabuh sekawan lare tiga sami sowan Pak Batara. Sowanipun Astuti, Dian, kaliyan Doni saperlu …..……………………………………………………………………………. ……………………………………………………………………………………………… .… …………………………………(Bacute tutugna) Menawa wis rampung, fotonen banjur kirimna Bapa/Ibu gurumu lumantar Whatsapp Modul Pendamping PJJ Basa Jawa 16

Perasaanku nalika sinau piwulang iki, yaiku : Aku wis ngerti babagan : Piwulang 4 Materi : Teks Percakapan Tujuan Pembelajaran: • Peserta didik dapat membuat teks percakapan. Gawe Pacelathon Menawa arep gawe pacelathon luwih dhisik: 1. Netepake underane (topik) 2. Netepake paraga (pelaku) 3. Gawe cengkorongane 4. Netepake ceritane (alur) Tuladha : 1. Underane (topik) : Lomba maca tulisan Jawa 2. Paragane : Nurul, Utari, Bu Hartati 3. Cengkorongane : - Lombane dileksanaake kapan - Lombane dileksanaake ana ngendi - Olehe Latihan ana ngendi, jam pira 4. Ceritane : Nurul ngajak Utari supaya ngancani sowan daleme Bu Hartati. Nurul sowan saperlu diwulang carane maca tulisan Jawa. Nurul arep melu lomba maca tulisan Jawa sing dianakake Korwil Bidang Pendidikan Kecamatan. Lomba bakal dianakake ing wulan Mei. Supaya bisa menang, Nurul kudu sinau mempeng lan golek pelatih yaiku Bu Hartati. Paugeran lan cengkorongan mau banjur ngrembakakna (kembangna) dadi teks pacelathon. Nurul : “Tari, apa kowe gelem ngeterake aku sowan Bu Hartati?” Modul Pendamping PJJ Basa Jawa 17

Utari : “Ana perlu apa, ta? Sowan Bu Hartati?” Nurul : “….” Utari : “….” Nurul : “….” Bu Hartati : “….” Bacutna! Menawa wis rampung, fotonen banjur kirimna Bapa/Ibu gurumu lumantar Whatsapp Perasaanku nalika sinau piwulang iki, yaiku : Aku wis ngerti babagan : Modul Pendamping PJJ Basa Jawa 18

Piwulang 5 EVALUASI Wacanen pacelathon ngisor iki! Ibu : “Anton, mrenea sedela!” Anton : “Inggih, Bu. Sekedhap nggih. Wonten punapa, Bu?” Ibu : “iki , lo. Rewangana njunjung meja!” “Lo, kok nggawa arit?” Anton : “Punika kangge kerja bakti wonten sekolahan benjing.” Ibu : “ … (3) … kabeh didhawuhi nggawa arit?” Anton : “Boten, Bu. Wonten ingkang beta pacul, sapu, ember.” Ibu : “Ya, wis. Ayo enggal rewangana!” Anton : “ … (4) … , Bu.” I. Wangsulana pitakon-pitakon ngisor iki kanthi patitis! 1. Apa irah-irahan kang trep kanggo pacelathon ing dhuwur? 2. Apa dhawuhe Ibu marang Anton? 3. Tembung pitakone Ibu marang Anton sing bener kepiye? 4. Wangsulane Anton marang Ibu sing bener kepiye? 5. Apa basa ngokone dipundhawuhi? II. Isenana ceceg-ceceg ngisor iki nganggo tembung kang trep! 1. Watake Anton ing pacelathon ing dhuwur yaiku …. 2. Ukara kang diucapake paraga ing pacelathon diwenehi tandha …. 3. Antarane paraga lan ukara sing diucapake ing pacelathon diwenehi tandha …. 4. Bab sing wigati kang dirembug ing pacelathon diarani …. 5. Sadurunge nulis utawa gawe pacelathon luwih dhisik gawe …. III. Wangsulana pitakon ngisor iki kanthi patitis! 1. Pacelathon ing dhuwur mau owahana dadi gancaran (narasi)! 2. Sadurunge gawe pacelathon apa wae sing kudu katindakake? Jlentrehna (terangna)! Menawa wis rampung, fotonen banjur kirimna Bapa/Ibu gurumu lumantar Whatsapp Modul Pendamping PJJ Basa Jawa 19

Kompetensi Inti: 1. Menerima, menghargai dan menjalankan ajaran agama yang dianutnya. 2. Memiliki perilaku jujur, disiplin, tanggung jawab, santun, peduli, percaya diri, dan cinta tanah air dalam berinteraksi dengan keluarga, teman, tetangga, dan guru. 3. Memahami pengetahuan faktual dan konseptual dengan cara mengamati dan mencoba (mendengar, melihat, membaca) serta menanya berdasarkan rasa ingin tahu secara kritis tentang dirinya, makhluk ciptaan Tuhan dan kegiatannya, dan benda-benda yang dijumpainya di rumah, sekolah, dan tempat bermain. 4. Menyajikan pengetahuan faktual dan konseptual dalam bahasa yang jelas, logis, dan sistematis, dalam karya yang estetis dalam gerakan yang mencerminkan anak sehat, dan dalam tindakan yang mencerminkan perilaku anak beriman dan berakhlak mulia. Kompetensi Dasar: 1.1 Menerima dan bangga akan anugerah Tuhan Yang Maha Esa berupa Bahasa Jawa sebagai bahasa Ibu. 1.2 Mensyukuri anugerah Tuhan Yang Maha Esa berupa bahasa Jawa sebagai jati diri, sarana mendekatkan diri kepada Sang Pencipta, menghormati dan menghargai ajaran agama yang dianutnya. 2.3 Menunjukkan perilaku, tindakan, dan perbuatan yang mencerminkan kepribadian 4.3 Membaca dan menulis teks berhuruf Jawa satu paragraf Indikator: 4.3.1. membaca 10 kalimat berhuruf Jawa. 4.3.2. menulis 10 kalimat berhuruf Jawa. 4.3.3. membaca paragraf berhuruf Jawa 4.3.4. menulis paragraf berhuruf Jawa. Modul Pendamping PJJ Basa Jawa Asal gambar: http://images.google.com 20

Piwulang 1 Materi : Aksara Jawa Tujuan Pembelajaran: • Peserta didik dapat membaca 10 kalimat berhuruf Jawa. Ukara kang ditulis nganggo aksara Jawa ing ngisor iki wacanen nuli tulisen latine. 1. ꧋ꦲꦏꦸꦭꦒꦶꦱꦤꦶ ꦲꦩꦸ ꦕꦲꦏꦱꦫꦗꦮ꧉ 2. ꧋ꦱꦶꦤꦲꦸꦲꦏꦶ ꦸꦏꦸꦢꦸꦠ꧀ꦭꦠꦠ꧀ꦤ꧀꧉ 3. ꧋ꦏꦫꦠꦼ ꦺꦤꦕꦥꦼ ꦠꦼ ꧀ꦧꦶꦱ꧈ꦏꦸꦢꦸꦱꦫꦒꦼ ꦥꦼ ꧀ ꦒꦭꦠꦺꦤ꧀꧉ 4. ꧋ꦱꦥꦱꦠꦁ ꧀ꦼꦩꦤꦼ ꦩꦼꦱꦶꦺꦛ ꦏꦭꦥꦶꦤꦼ꧉ꦂ 5. ꧋ꦲꦥꦠꦏꦴꦠꦮꦮꦶꦱꦱꦶꦧ ꦩꦕꦠ꧀ꦸꦭꦶꦱꦤꦗꦮ꧉ 6. ꧋ꦩꦤꦼ ꦮꦢꦫꦸ ꧈ꦁꦸ ꦺꦼꦕꦏꦶ ꦱꦶꦤꦲꦸꦺꦫꦲꦁ ꦏꦸ꧉ 7. ꧋ꦩꦤꦼ ꦮꦮꦶꦱꦥꦶꦤꦼꦲꦂ ꦏꦠꦸ ꦩꦭꦱꦸ ꦤꦼ ꧉ꦁ 8. ꧋ꦲꦠꦺꦴ꧈ꦚꦮꦸ ꦸꦤꦥꦱꦂ ꦺꦸꦲꦱꦠꦠꦸ ꧀ꦶ꧉ 9. ꧋ꦺꦲꦸ ꦱꦠꦠꦸ ꧀ꦶꦠ꧀ꦶꦤꦢꦏ꧀꧈ꦩꦠ꧀ꦸꦂꦥꦏꦠꦒ ꦠ꧀ꦴꦠ꧀ꦠꦮ ꦲ꧉ 10. ꧋ꦩꦠ꧀ꦸꦂꦤꦸꦮꦸꦤꦥꦏ꧀꧈ꦏꦸꦭꦱꦩꦸꦤꦱꦒꦢꦼ ꧀꧉ Modul Pendamping PJJ Basa Jawa 21

Perasaanku nalika sinau piwulang iki, yaiku : Aku wis ngerti babagan : Piwulang 2 Materi : Teks Percakapan Tujuan Pembelajaran: • Peserta didik dapat menulis 10 kalimat berhuruf Jawa. Kowe isih kelingan cara panulise aksara pasangan, ta? Ana bab liya kang kudu kogatekake nalika kowe nulis tembung-tembung kang migunakake pasangan. Bab iku kaandharake kaya ing ngisor iki. 1. Tembung kang pungkasane vokal lan diwenehi panambang a, panulise ditambahi ꦮ utawa ꦺ. Gatekna tuladha panulisan ing ngisor iki! Tulisan kanthi Tulisan kanthi Aksara Jawa Aksara Latin Tembung Tuladha ukara tukua ꦠ꧀ꦏꦸ ꦮꦸ ꧋ꦠ꧀ꦸꦏꦸꦮꦺꦸꦏꦸꦠ꧀ꦸꦭꦱꦶ ꧀꧉ turua ꦠ꧀ꦫꦸ ꦸꦮ ꧋ꦠ꧀ꦸꦫꦮꦸ ꦲꦤꦠꦏꦠꦤ꧉ dadia ꦢꦢꦶꦺ ꧋ꦢꦢꦺꦶ ꦠꦺꦴꦕꦃꦥꦶꦤ꧉ꦼꦂ Modul Pendamping PJJ Basa Jawa 22

balia ꦺꦭꦺꦶ ꧋ꦺꦭꦶꦺꦤꦸꦩꦥꦏꦧꦶꦱ꧀꧉ 2. Tembung lingga sing dipungkasi huruf mati (konsonan) banjur ditambah panambang e, huruf matine (konsonannya) dadi loro. Tuladha : tangan → tanganne (ꦠ꧀ꦔꦠꦤꦺ ) sikile → sikille ( ꦱꦶꦏꦶꦠꦭꦭ ) Gladhen Ukara ngisor iki tulisen nganggo Aksara Jawa! 1. Sinaua sing temen. → ................................................................................................................ 2. Majua, wacanen tulisanmu! → .................................................................................................. 3. Balia saiki, mumpung durung udan. → ..................................................................................... 4. Dadia guru, uripmu bakal mulya. → ......................................................................................... 5. Darmadi ora mlebu, sikile kesleyo. → ...................................................................................... 6. Kyai Jalil sarunge anyar. → ....................................................................................................... 7. Kembange wis padha mekar. → ................................................................................................ 8. Buta ijo mripate mlolo. → ......................................................................................................... 9. Mas Hanto boyoke lara. → ........................................................................................................ 10. Mbak Candra tangane alus. → ................................................................................................... Perasaanku nalika sinau piwulang iki, yaiku : Aku wis ngerti babagan : Modul Pendamping PJJ Basa Jawa 23

Piwulang 3 Materi : Aksara Jawa Tujuan Pembelajaran: • Peserta didik dapat membaca paragraf berhuruf Jawa. Wacan sing ditulis nganggo aksara Jawa iki wacanen banjur tulisen latine. ꧋ꦠꦤꦴꦠꦤꦼꦴꦤꦮꦺꦁꦏꦸꦭꦶꦠ꧀꧀꧉ ꧋ꦩꦲꦸꦺꦔꦼ ꦶꦲꦏꦸꦠꦤꦴꦠꦤꦼꦴꦤꦺꦮ ꦁꦏꦸꦭꦠꦶ ꧀꧀꧉ ꧋ꦭꦠꦏꦴꦠꦤꦺꦒꦠꦺꦴꦠ꧀ꦕꦏ ꦒꦸꦒ꧉ꦸꦂ ꧋ꦺꦭꦁꦠꦔꦏꦶꦩꦤꦼꦺꦸꦺꦠꦂ ꦱꦴꦠꦤꦴ꧉ ꧋ꦒꦠꦺꦴꦠ꧀ꦏꦕꦒꦸꦒꦂꦢꦸ ꦶꦥꦤꦃꦲꦢꦶꦥꦠ꧀ꦏꦶ ꦤꦂ ꧉ ꧋ꦥꦤꦃꦠꦲꦏꦂꦤꦗꦤꦼ ꦠꦁ ꦔꦏꦸꦤꦮꦼ ꦶꦗꦺꦢꦤꦸ꧉ ꧋ꦥꦤꦣꦮꦠꦺꦭꦱꦸꦁꦏꦮ꧈ꦏꦠꦺꦃꦥꦺꦱꦺꦼ ꦃꦶ ꧉ ꧋ꦺꦫꦠ꧀ꦺꦸꦢꦢꦸꦫꦫꦸꦁ ꦩꦸꦁ꧉ Menawa wis rampung, fotonen banjur kirimna Bapa/Ibu gurumu lumantar Whatsapp Modul Pendamping PJJ Basa Jawa 24

Perasaanku nalika sinau piwulang iki, yaiku : Aku wis ngerti babagan : Piwulang 4 Materi : Aksara Jawa Tujuan Pembelajaran: • Peserta didik dapat menulis paragraf berhuruf Jawa. Wacan ngisor iki tulisen nganggo aksara Jawa! Lomba Geguritan Hartadi maju lomba geguritan. Lombane ana ing kecamatan. Dheweke wakil saka sekolahanku. Hartadi juwara nomer siji. Bapak lan Ibu guru seneng banget. Menawa wis rampung, fotonen banjur kirimna Bapa/Ibu gurumu lumantar Whatsapp Modul Pendamping PJJ Basa Jawa 25

Perasaanku nalika sinau piwulang iki, yaiku : Aku wis ngerti babagan : Modul Pendamping PJJ Basa Jawa 26

Piwulang 5 EVALUASI 1. Wacan sing ditulis nganggo aksara Jawa iki tulisen latine! ꧋ꦠꦭꦴꦩꦱꦧ ꦠꦼ ꦱꦴꦫꦃ꧉ ꧋ꦲꦏꦸꦠꦩꦭꦸꦠꦭꦴꦩꦱꦧ ꦠꦼ ꦱꦴꦫꦃ꧉ ꧋ꦥꦱꦼ ꦠꦂ ꧀ꦠꦤꦲꦤꦠꦺꦴꦕꦃꦠ꧀ꦼꦭꦸꦭꦶꦏꦂꦸ꧉ ꧋ꦠꦭꦴꦩꦠꦧ ꦤꦠ꧀ꦁꦏꦠ꧀ꦼꦏꦕꦩꦠ꧀ꦼꦤ꧀꧉ ꧋ꦲꦏꦸꦗꦸꦮꦫꦱꦗꦶ ꦶ꧉ ꧋ꦲꦠ꧀ꦶꦏꦱꦸ ꦤꦼ ꦺꦁ ꦔꦠꦼ ꧀꧀꧉ 2. Wacan ngisor iki tulisen nganggo aksara Jawa! Nonton Reog Wingi bengi aku nonton reog. Aku nonton bareng mas Hardi. Reoge saka Boyolali. Sing nonton akeh banget. Menawa wis rampung, fotonen banjur kirimna Bapa/Ibu gurumu lumantar Whatsapp Modul Pendamping PJJ Basa Jawa 27

Evaluasi Pasinaon 1 II. 1. pambuka, isi/ surasa, panutup/ wasana basa 2. kawicaksanan guru I. 1. sekolahan 2. pambuka/ purwaka 3. perpisahan kelas VI 4. matur, ngucapke 5. panutup 6. salam pambuka 7. jelas, cetha, banter 8. Gusti 9. pambuka/ purwaka 10. cengkorongan Evaluasi Pasinaon 2 I. 1. kawicaksanan guru III. 1. kawicaksanan guru 2. ngrewangi njunjung meja 2. kawicaksanan guru 3. apa 4. inggih, Bu 5. dikongon II. 1. manut, apik 2. pethik loro (“…”) 3. titik loro ( : ) 4. topik 5. cengkorongan Evaluasi Pasinaon 3 2. 1. Lomba Sesorah Aku melu lomba sesorah Pesertane ana bocah telulikur Lombane tingkat kecamatan Aku juwara siji Atiku seneng banget Modul Pendamping PJJ Basa Jawa 28

Permendikbud Nomor 65-71 Tahun 2013 tentang Kurikulum 2013. Permendikbud Nomor 81 A Tahun 2013 tentang Implementasi Kurikulum 2013. SK Ka Dinas Pendidikan Provinsi Jawa Tengah Nomor: 423.5/14995 Tanggal 4 Juni 2013 tentang Kurikulum Muatan Lokal Bahasa Jawa untuk Jenjang Pendidikan SD/SDLB/MI, SMP/SMPLB/MTs, SMA/SMALB/SMK/MA Negeri dan Swasta Provinsi Jawa Tengah. W. M. Haryo, 2015.Kulina Basa Jawa VI SD. Klaten: Intan Pariwara. Modul Pendamping PJJ Basa Jawa 29

Modul ini disusun oleh TIM KKG Kabupaten Semarang sebagai pendamping Pembelajaan Jarak Jauh (PJJ) selama program Belajar Dari Rumah pada masa pandemi Covid-19. Modul Bahasa Jawa ini disusun berdasarkan kurikulum 2013 dengan materi yang telah disesuaikan untuk pembelajaran daring (online) selama masa pandemi Covid-19. TIM KKG KABUPATEN SEMARANG Modul Pendamping PJJ Basa Jawa 30


Like this book? You can publish your book online for free in a few minutes!
Create your own flipbook