A. Pengertian Cerita Rakyat Cerita rakyat inggih menika salah setunggaling karya sastra ingkang lair kaliyan ngrembaka wonten salebetipun masyarakat tarisional kaliyan disebaraken salebetipun wujud relief tetap, utawi salebetipun bentuk baken ingkang sumebar ing antawis kolektif tertentu wonten ing salebetipun wekdal ingkang langkung dangu. Sumber: http://yunanastiti.blogspot.co.id/2013/02/ B. Fungsi Cerita Rakyat Fungsi cerita rakyat jawa kejaba kanggo lelipur uga bisa didadehaken tuladha utamane cerita-cerita rakyat sing ngandung piwulangan-piwulangan moral. Akeng sing pada ora mangerteni menawa negari sing endah kiye nduweni akeh cerita rakyat indonesia sing durung nate kita krunggu. Bisa dimaklumi amarga carios rakyat sumebar sekang lesan marang lesan sing diwarisken sakcara turun temurun. C. Ciri-ciri Cerita Rakyat Ciri-ciri cerita rakyat: 1. Anonim, mboten dipun mangertosi sinten sejatosipun ingkang nganggit 2. Kalebu karya kolektif, dipun anggep ngadhahi rakyat sareng-sareng 3. Nyariosaken bab awon lan leres kangge nggambaraken kadadosan-kadadosan ingkang mokal wontenipun (imajinasi) 4. Statis, tetep, mboten wonten ewah-ewah ingkang wigati saking jaman dateng jaman salajengipun. D. Unsur-unsur Cerita Rakyat Unsur intrinsik cerita rakyat: 1. Tema, inggih menika gagasan baken ingkang dados dhasaripun cariyos. 2. Paraga, inggih menika purusa ingkang nglakoake cariyos. 3. Penokohan, inggih menika gambaran watak. 4. Alur/plot, inggih menika rerangkening cariyos ingkang kadhapuk kanthi logis. 5. Latar/setting, inggih menika panggenan, wekdal, utawi swasana ing crita.
6. Amanat, inggih menika pitutur utawi pesen pangripta wonten ing cariyos. 7. Sudut pandang, inggih menika posisi pangripta wonten ing cariyos. Pangripta saged dados: - Purusa kapisan paraga utama (orang pertama pelaku utama) - Purusa katiga (orang katiga) - Sarwi mangertos (serba tahu) E. Jenis Cerita Rakyat Jenis-jenis cerita rakyat kados ingkang sampun dipunandharaken ing materi mirengaken teks cerita rakyat teng ngajeng, ingkang saget dipun lebetaken teng kategori jenis-jenis cerita rakyat punika wonten werni-werni, antawisipun legenda, mite, sage, dongeng, lan fabel. Teng ngandhap punika badhe dipunjlentrehaken sakedhik pangertosan saking kategori carios rakyat ing inggil. 1. Legenda Pengertian Legenda inggih punika cerita rakyat ingkang dipun anggep leres nat kedadosan, ingkang ceritanipun dipun hubungaken kaliyan tokoh sujarah, ingkang sampun dipun bumboni kaliyan keajaiban, kasekten, lan keistimewaan tokohipun, Utawi cerita jaman ganu sing ana gegayute karo prastawa sujarah (minurut KBBI). 2. Mite Pengertian Mite inggih punika cerita prosa rakyat ingkang dipun tokohi dening para dewa-dewi utawi makluk lembut ingkang kedadosan ing dunya sanes (kahyangan utawi alam gaib) lan dipun anggep leres kedadosan dening inkang nganggit cerita punika utawi penganutipun. 3. Sage Pengertian Sage inggih punika carios dangu ingkag wonten gegayutanipun kalian sujarah, ingkang nyritakaken kewantunan, kasekten, kepahlawanan lan keajaiban satunggaling tiyang utawi tokoh. 4. Fabel Pengertian fabel inggih punika cerita ingkang nyritakaken gesangipun kewan utawi sato ingkang tindhak-tandhukipun kados manungsa, cerita punika mboten leres- leres kedadosan, namung cerita fiksi, terkadang fabel ugi nglebetaken karakter mioritas arupi manungsa. 5. Dongeng Pengertian Dongeng inggih punika satunggaling cerita ingkang mboten nate kedadosan namung cerita fiksi, ingkang nyritakaken satunggaling bab ingkang
ngaeng, aneh, lan mboten saged dipun logika. Adatipun nyritakaken bab keajaiban lan kasakten para dewa, raja, pangeran, putri, lan sanesipun. F. Teks Cerita Rakyat Mula Bukane Desa Tuyuhan Kec. Pancur Kab. Rembang Tuyuhan minangka sawijing dusun kang ana ing tlatah Rembang Jawa Tengah. Nalika iku ing taun 1734, Simbah Djumali minangka putrane Simbah Abdul ‘Alim, pikantuk dhawuh saka simbahe yaiku Sayyid Abdurrohman (Eyang Sambu Lasem), supaya dakwah nyiarake agama Islam ana ing dhaerah kidul Lasem. Sawise nyuwun pangestu marang simbah lan tiyang sepuhipun, Simbah Djumali kairing santri kang cacah loro mlaku arah mengidul. Ing kana Simbah Djumali lan santri, nglewati dhaerah sing saiki kaaran dusun Karangmaling, Muragan, lan Karanglo. Lumakune Simbah Djumali lan santri, mandeg ana ing pinggir alas cedhak kali. Ing kana Simbah Djumali ngaso nindakake salat karo para santri. Sbab wancine wis wengi, para santri ngaturi Simbah Djumali supaya wengi iku ngaso ana ing panggonan iku. Cekake crita, simbah Djumali ngedekake padepokan ing pinggir alas kang banget wingite. Ing panggonan iku, Simbah Djumali paring kawruh babagan ilmu agama marang murid-muride. Ngerti kabar yen ing pinggir alas ana alim ulama’ saka Lasem kang mbabar kawruh ilmu agama lan sekti mandraguna, akeh pawongan kang teka marang Simbah Djumali saperlu ngudi ilmu. Pawongan-pawongan kang teka saka dusun sajabane alas, ngedekake omah sacedhake padepokane Simbah Djumali supaya gampang anggone ngangsu kawruh. Simbah Djumali uga mbangun mesjid ing pinggir alas minangka sarana ngibadah lan mbabar ilmu agama marang santri. Senajan wis ngadeg padepokan lan akeh wong sing nyantri, dhaerah iku isih kagolong angker. Saben dalu bilih simbah Djumali badhe dakwah mbabar ilmu agama marang santri, putranipun tansah digodha dening bangsa lelembut. Mangertosi kahanan kaya mangkono, Simbah Djumali sumerep pusat kerajaan lelembut yaiku ing sebrang kali. Saben badhe nindakake hajat (buang air besar) lan turas, Simbah Djumali nindakake ana ing sawijing watu utawi kasebut puthuk. Puthuk iku karep digunakake Simbah Djumali anggone turas. Sabanjure, saka tembung “Watu” lan “turas” basa ngokone “nguyuh” , dusun Tuyuhan madeg. Tuyuhan saka tembung ‘Tu” lan “Yuhan”. ‘Tu ateges watu kang sinebut panggonan kagem Simbah Djumali anggenipun “Turas/Nguyuh”. Kanthi karomah lan kersane Gusti Allah, putranipun simbah Djumali lan para warga, wis ora diganggu maneh bangsa lelembut. Ing wektu iku, kahanan warga dusun Tuyuhan tansah mlarat. Golek panggawean sarwa angel. Ngerti kahanan kaya mangkono, Simbah Djumali ngaturi para warga supaya berdagang. Simbah Djumali maringi ide marang warga supaya dodolan lontong. Lontonge kagawe saka beras kanthi bentuke lontong ngrucut mbentuk segitiga. Manut carita saking Bapak Muhammad Arifin, saben pucuk saka lontong iku ngandhut makna kang wigati. Pramila ora kabeh wong bisa nggawe lontong wujud segitiga. Dene sayure kagawe saka dhudhuh klapa kang wus kacampur maneka bumbon lan pitik. Saka dodolan lontong iku uga sinebut ing basa arabe afro’ul ayyam. Sumber: https://griyataqwim.blogspot.com/2018/09/mula-bukane-desa-tuyuhan-kec- pancur-kab.html
Unsur-unsur intrinsik kang mbangun cerita rakyat Mula Bukane desa Tuyuhan Kec. Pancur Kab. Rembang, yaiku: a. Tema Tema ing crita yaiku syiar agama Islam b. Plot/alur crita Alur saka crita rakyat kasebut yaiku gunakake alur maju. Exposition : dikawiti saka lumakune simbah Djumali lan santri menyang daerah sakidule Lasem saperlu dakwah Inciting Moment : ing tahap iki simbah Djumali kejebak ing wengi saengga kudu nginep ana ing alas kang kawentar wingit. Rising action : bangsa lelembut tansah ganggu simbah Djumali anggone dakwah sarana ganggu putrane lan para warga Complication : simbah Djumali anindakake mbucal hajat lan turas ana ing watu kang mono minangka kerajaane bangsa lelembut. Ing wektu iku uga, akeh para warga kang mlarat sbab ora duwe panggawean Falling action : simbah Djumali maringi ide supaya warga dodolan lontong saperlu kanggo nyukupi kabutuhan urip lan kaluwarga Denoument : ing tahap iki para warga wis mergawe dodolan lontong kanggo nyukupi kabutahane lan bisa ngudi ilmu agama marang simbah Djumali. c. Tokoh/paraga lan karakter Tokoh: Simbah Djumali Watak/karakter: alim, sabar, welas asih, amrih pitulungan marang wong kang butuhake Tokoh : Santri Watak/karakter: sabar, andhap asor, mituhu marang Kyai. d. Latar Latar ing crita rakyat kasebut yaiku ana ing alas, padepokan simbah Djumali. e. Amanat Amanat kang kakandhut ana ing crita yaiku ngudi ilmu iku perlu senajan ana ing ngendi wae ora winates wektu lan panggonan. Tulung tinulung marang wong kang nandhang susah dikanteni rasa iklas tanpa ngarep imbalan.
Search
Read the Text Version
- 1 - 4
Pages: