TEKS dESKRIPTIF UPACARA ADAT TINGKEBAN
tINGKEBAN Tingkeban iku klebu salah sawijining upacara tradisi masarakat Jawa. Upacara tingkeban uga disebut mitoni. Tembung mitoni asale saka tembung “pitu”, kang ateges angka pitu. Upacara tingkeban ditindakake kanggo mengeti jabang bayi umur 7 sasi ing kandhutane ibu. Miturut medis, jabang bayi ngancik umur 7 sasi, dheweke wis duwe wewujudan kang wutuh kaya salumrahe manungsa. Mula kahanan iku, wong Jawa mengeti kanthi nganakake syukuran.
Ancase upacara tingkeban iki kanggo keslametan calon bayi lan ibune, sarta kanggo sing sipate tolak balak. Upacara iki uga duweni ancas kanggo nepangake yen pendhidhikan iku dilaksanakake wiwit calon jabang bayi ana ing kandhutan dumugi diwasa. Sadangune ngandhut kathah sanget perkawis kang asipat sae kang kedah dilaksanakake dening ibune, lan kedah ngadohi saka perkawis kang ala. Iku kabeh mengku teges supaya putra kang badhe dilairake dadi putra kang sae.
Upacara kang sepisan katindakake yaiku acara sungkeman. Ing tata cara iki, calon ibu lan bapak sungkem ing ngarsane tiyang sepuh. Sungkeman sepisanan marang bapak lan ibu saka kluwarga kakung, salajenge ing ngarsane tiyang sepuh kluwarga putri.
Sawise acara sungkeman dilajengake acara siraman. Calon ibu pinaringan donga pangestu lumantar siniram banyu suci. Siraman namung ditindakake kanggo mitoni anak mbarep. Tata carane sirama n, ing papan kang wus ditemtokake dic epakake jemb anga n wadhah banyu kang wus diw enehi kemb ang setama n. Banyu kang wus diw eneh i kemb ang setama n kuw i diangg o sirama n wanita kang lagi ngand hut. Upacara sirama n dhew e ditindakak e wanci jam 11.00 WIB, amarga dip racaya para hapsari uga tum urun saka kay anga n sapr elu arep adus. Dene kang mimpin sirama n yaiku dhuk un, den e kang nyiram wanita kang ngand hut yaiku para pinisepuh putri kang cac ahe pitu uta wa sanga ng wong. Cidh uk ban yu kang dia ngg o kud u sak a bathok uta wa siwur.
Medhot janur (benang lawe) yaiku katindakaken kanthi medhot janur/ benang lawe kang kasabukake ing warangkane calon ibu dening calon bapak kanthi migunakake keris kang wis linambaran kunir utawa benang lawe banjur menir. Acara iki mengku teges mugiya pinanggih gangsar anggone si jabang bayi lair. Acara salajenge yaiku mecah antigan (endhog), yaiku nglebokake endhog ayam ing sajerone kain (sarung) calon ibu, lajeng diculke nganti pecah. Iku ngemu teges yen kita kudu nrima ing pandum, apa wae kang diparingi dening Gusti, putra lanang utawa wadon. Kang paling wigati ibu lan putra kang dilairake slamet lan lair kanthi gangsar.
Brojolan yaiku tata cara nalika ibu saka calon ibu jabang bayi mbrojolake cengkir gadhing kanthi gambar Kamajaya lan Kamaratih. Anggone mbrojolake cengkir liwat nyamping kang kasarungake, dene ibu saka calon bapak kang nampani saka ngisore. Nalika cengkir mbrojol sarwa ngucap, “lanang wadon ora dadi apa, lamun lanang baguse kaya Kamajaya, dene wadon ayu ne kaya Dewi Kamaratih.” Sabanjure cengkir gadhing mau digendhong manjing ing panti busana bebarengan karo calon ibu. Cengkir gadhing mau lajeng kasalap ing papan kang wis kasamaptakaken kanthi kahanan mengkurep, tegese ora katon gambare Kamajaya lan Kamaratih. Lajeng calon bapak nyigar ing sakala cengkir gadhing mau.
Dilajengake acara ganti nyamping, yaiku ibu kang ngandhut mau banjur ganti busana kaping pitu. Busana kang diagem mujudake pilihane para sesepuh. Busana kang paling pungkasan diagem lumrahe dipilihake jarik Truntun lan kemben Banguntulak. Jarik lan kemben mau mengku teges lan panyuwunan supaya ibu kang bakal nampa momongan mau tansah rukun turun- tumurun lan kalis saka rubeda.
Sawise calon ibu kang ngandhut ganti nyamping kaping pitu, dilajengake acara dodol rujak lan dhawet, yaiku calon bapak lan ibu si jabang bayi dodol rujak lan dhawet marang sanak kadang, para tamu sakabehe. Acara iki ngemu pangajab muga-muga bebrayane tansah cukup ing sandhang lan pangan.
Acara kang pungkasan yaiku wilujengan, yaiku minangka panutuping upacara tingkeban. Kanthi pangajab manggih wilujeng nir ing kala, manggih basuki kang kaudi, sembada kang kinarya, kaleksanan sedaya gegayuhan, kasembadan lan binerkahan sedaya gegayuhan.
Search
Read the Text Version
- 1 - 10
Pages: