Materi Pembelajaran Kelas IX Semester 1 Teks Deskriptif Upacara Adat
Kompetensi dasar 3.4 Menelaah teks Deskriptif tentang Upacara Adat tujuan pembelajaran : Menemukan arti kata-kata yang dianggap sulit dalam bacaan dengan penuh rasa tanggung jawab. Menguraikan isi bacaan upacara adat dengan runtut. Menyimpulkan piwulang luhur dalam teks upacara adat dengan tepat.
telat sekolah Minggu bengi, aku dolan nonton konser musik ing alun-alun karo kanca-kancaku cah papat, Dono, Joko, Andi lan Mardi. Konsere lekas jam wolu rampung jam 12. Aku lan kanca-kanca lunjak-lunjak saking senenge ngrongokane swarane musik band sing lagi nyanyi ing ndhuwur panggung. Kesel ora tak rasakne. Pokoke seneng. Tekan ngomah, bener apa sing tak khawatirke mau. Ibuku nesu lan nyeneni aku. Suwe banget aku diseneni lan diceramahi. Aku mung bisa meneng ora bisa mbantah. Iki pancen salahku. Apa maneh isuke aku kudu mlebu sekolah. Aku banjur kelingan, aku ana PR matematika sing durung tak garap. Mlebu kamar, aku langsung lungguh ing kursi, mbukak buku nggarap PR. Sakwise rampung nggarap PR, rasane ngantuk banget. Apa maneh, pelajaran matematika angel banget. Aku lagi rampung jam loro bengi. PR wis rampung, kesel awakku lan ngantuk mripatku. Aku nglemah ana ing kasur. Mripatku wis kriyip-kriyip ora kuwat melek maneh. Dhog...dhog...dhog…. Swara iku banter banget. Mripatku isih abot rasane arep melek. Nanging swara iku aku kenal banget. Iku swarane ibuku. Ibu nimbali aku, ngongkon tangi. Tak delok jam, wadhuh…. Wis jam 7 esuk. Telat aku. Ing sekolah, aku kena hukuman ora oleh melu pelajaran pertama.
Candi Prambanan Candi Prambanan iku candi kang nduwe corak Hindu paling gedhe sak Indonesia, sing ana ing antarane Kota Solo lan Yogyakarta. Kompleks Candi Prambanan iki kalebu Situs Warisan Dunia UNSECO amarga nglegenda lan nyimpen akeh sejarah. Yen mlebu Kompleks Candi Prambanan iki, koe bakal ndelok akeh candi-candi sing dibangun apik. Candi utama kang dadi pusate yaiku Candi Siwa, kang nduweni duwur 47 meter. Nalika mlebu ing kompleks Candi Prambanan, rasane kaya lagi mlebu ing peradaban jaman Jawa Kuno. Lingkungan sekitare resik, akeh wit-witan sing ijo, ditambah pemandangan candi-candi sing narik kawigaten. Nanging dalan arep menyang candine lumayan adoh, sanadyan mengkono rasa kesele bakal lunas karo pemandangan sing megah.
Materi pasinaon 1 2 Wacan Deskriptif Titikaning Wacan Deskriptif 3 Jinising Wacan Deskriptif
Wacan Deskriptif Tembung Deskriptif asale saka Deskriptif yaiku wacan kang basa Latin yaiku descripcere, nggambarake kanthi cetha salah kang ngemu teges nulis utawa sawijining kaanan/objek. Objek mau kaya-kaya ana ing ngarepe njlentrehake sawijining bab/perkara. wong kang maca.
Titikaning Wacan Deskriptif 1 2 Menehi gegambaran samubarang, Gegambaran dilakokna kanthi umpamane kahanan, papan, utawa nggunakake panca indra. manungsa. 4 3 Menehi katrangan ngenani sawijining objek kang Ndhuweni ancas supaya pamaca kaya- kaya bisa melu ngrungokna, weruh lan dideskripsikake, bisa awujud ngrasakna apa sing dedeskripsikake warna, ukuran sipat lan liya- liyane. dening panulis.
JINISING WACAN DESKRIPTIF Deskripsi Objektif, yaiku salah Deskripsi Subjektif, yaiku salah sawijining sawijining karangan deskripsi kang karangan deskripsi kang carane carane nggambarake objek ora nggambarake objek kang ditulis wis ditambahi angen-angene pangripta ditambahi pangreka-rekane pangripta, apa kang diandharake adhedhasar apa kang utawa apa anane. dipirsani lan dirasakake panulis.
Search
Read the Text Version
- 1 - 8
Pages: