Important Announcement
PubHTML5 Scheduled Server Maintenance on (GMT) Sunday, June 26th, 2:00 am - 8:00 am.
PubHTML5 site will be inoperative during the times indicated!

Home Explore 3. Media Pembelajaran Teks Deskriptif

3. Media Pembelajaran Teks Deskriptif

Published by Afwaz Muhamad Afif, 2022-09-30 11:36:04

Description: 3. Media Pembelajaran

Search

Read the Text Version

Media Pembelajaran

Kompetensi Dasar : 3.4 Menelaah teks deskriptif tentang upacara adat. Tujuan Pembelajaran : Melalui kegiatan pembelajaran menggunakan model Problem Based Learning, peserta didik diharapkan dapat :  Menemukan arti kata-kata yang dianggap sulit dalam bacaan dengan penuh rasa tanggung jawab.  Menguraikan pokok-pokok isi bacaan upacara adat dengan runtut.  Menyimpulkan piwulang luhur dalam teks upacara adat dengan tepat.

Wacan Deskriptif Tembung Deskriptif asale saka basa Latin yaiku descripcere, kang ngemu teges nulis utawa njlentrehake sawijining bab/perkara. Deskriptif yaiku wacan kang nggambarake kanthi cetha salah sawijining kaanan/objek. Objek mau kaya-kaya ana ing ngarepe wong kang maca.

Titikaning/ciri-ciri wacan deskriptif : 1) Menehi gegambaran samubarang umpamane kahanan, papan, utawa manungsa. 2) Gegambaran dilakokna kanthi nggunakake panca indra. 3) Ndhuweni ancas ( tujuan ) supaya pamaca kaya-kaya bisa melu ngrungokna, weruh lan ngrasakna apa sing dedeskripsikake dening panulis. 4) Menehi katrangan ngenani sawijining objek kang dideskripsikake, bisa awujud warna, ukuran sipat lan liya- liyane.

Wacan deskriptif kaperang dadi 2, yaiku : 1.Deskripsi Objektif, yaiku salah sawijining karangan deskripsi kang carane nggambarake objek ora ditambahi angen-angene pangripta. 2.Deskripsi Subjektif, yaiku salah sawijining karangan deskripsi kang carane nggambarake objek kang ditulis wis ditambahi pangreka-rekane pangripta.

Supaya bisa mengerteni isi sawiijine teks deskriptif, mula kudu bisa nyimpulake isine, dene bab-bab kang kudu digatekake jroning nyimpulake teks yaiku : 1.Maca teks kanthi setiti. 2.Nyatheti bab-bab sing penting 3.Ngandharake bab-bab sing penting kanthi ringkes lan padhet nggunakake basa sing

A. Teks Deskriptif Upacara Adat Tingkeban Upacara adat yaiku tradhisi kang dilakoni kanthi turun temurun lan nduweni ancas minangka wujud sokur dhumateng Gusti lan supaya diadohake saka bebaya. Tingkeban Tingkeban iku klebu salah sawijining upacara tradisi masarakat Jawa, upacara iki uga disebut mitoni. Tembung mitoni asale saka tembung “pitu”, kang ateges angka pitu. Upacara tingkeban dianakake menawi kandhutane priyantun estri sampun pitung sasi lan nembe ngandhut sepisanan. Makna Jabang bayi umur 7 sasi iku wis nduwe raga sing sampurna. Dadi miturut pangertene wong Jawa, wetengan umur 7 sasi iki proses pangriptane manungsa iku wis nyata lan sampurna ing sasi kaping 7.

Ancase upacara tingkeban iki kanggo keslametan calon bayi lan ibune, sarta kanggo sing sipate tolak bala. Upacara iki uga duweni ancas kanggo nepangake yen pendhidhikan iku dilaksanakake wiwit calon jabang bayi ana ing kandhutan dumugi diwasa. Sadangune ngandhut kathah sanget perkawis kang asipat sae kang kedah dilaksanakake dening ibune, lan kedah ngadohi saka perkawis kang ala. Iku kabeh mengku teges supaya putra kang badhe dilairake dadi putra kang sae. Reroncen acara kanggo upacara tingkeban iki luwih akeh tinimbang upacara ngupati. Urut-urutane yaiku siraman, nglebokake endhog pitik kampung ning njero kain calon ibu dening calon bapak, salin rasukan, brojolan (nglebokake klapa gadhing enom), medhot lawe utawa lilitan benang (janur), mecahake wajan lan gayung, nyolong endhog lan pungkasane yaiku kendhuren.

Upacara mitoni utawa wilujengan pitung wulanan iki lumrahe nganggo ubarampe kang disedhiyani dening kulawarga wanita kang nembe ngandhut. Ubarampe slametan nglimputi sekul ja- nganan, jenang abrit, jenang baro-baro, jajan pasar lan sriyatan kang ginawe saka wijen, dhele, kacang kang kagangsa ing gen- dhis. Saliyane iku uga cengkaruk timbal, penyon, pring sadhapur lan tumpeng robyong kang arupa tumpeng dicemplungake ing cething, diwenehi iwak kebo lan endhog godhog, gereh, krupuk. Ubarampe liyane awujud janganan mentah kayata lombok, te- rong, janganan lan sawetara jinis kembang-kembangan. Tum- peng janganan digawe cacah pitu dijangkepi pitung iji apem con- thong. Jroning upacara mitoni iku uga ana tatacara gantos pe- nganggen ngantos kaping pitu kang sabanjure disebut tingkeban. Miturut adat Jawa, wektu mitoni iku kudu diadani ing dina sing temenan apik yaiku dina Senen awan nganti mbengi utawa uga dina Jemuwah awan nganti mbengi, saderenge wulan

'purnamasidhi'. Manut Serat Tatacara anggitane Ki Padmasusas- tra, upacara tingkeban iki dileksanakake nalika tanggal ganjil tanpa ngliwati purnama (sadurunge tanggal 15, upamane tanggal 3, 5, 7, 9, 11, 13 lan 15). Acara siraman namung dianakake kanggo mitoni anak mbarep. Tata carane siraman, ing papan kang wus ditemtokake dicepakake jembangan wadhah banyu kang wus diwenehi kem- bang setaman. Banyu kang wus diwenehi kembang setaman ku- wi dianggo siraman wanita kang lagi ngandhut. Upacara siraman dhewe dileksanakake wanci jam 11.00 WIB amarga dipracaya para hapsari uga tumurun saka kayangan saprelu arep adus. Dene kang mimpin siraman yakuwi dhukun, dene kang nyiram wanita kang ngandhut yaiku para pinisepuh putri kang cacahe pitu ut- awa sangang wong. Cidhuk banyu kang dianggo kudu saka ba- thok utawa siwur.

Papan kanggo lungguhe wanita kang lagi ngandhut iku arupa dhingklik cilik kang dilambari godhong apa-apa, saliyane itu uga godhong kluwih, kara, maja, dhadhap serep, alang-alang, klasa mendhong, dhingklik uga dilambari kain warna-warna, contone sindur, jarit kanthi motif yuyu sekandhang. Padusan kakrobong utawa ditutup nganggo kain jarit motif rangrangan utawa cindhe. Padusan iki ana ing latar sisih kiwa utawa tengen omah kanthi lawang ngadhep ngetan. Krobong dirias nganggo tuwuhan jang- kep arupa pisang, tebu lan cengkir gadhing. Ing Serat Tatacara anggitane Ki Padmasusastra kasebutake, rampung siraman ban- jur ganti kain pasatan lan diubedi letrek utawa kain jarit kang logro sarta dianggoni sabuk saka godhong tebu tulak. Saka njero letrek kuwi pinisepuh nglebokake tropong ing njero jarit lan nyeblokake. Sabanjure sabuk mau dipotong nganggo ke- ris. Sawuse pedhot, bojone wanita kang lagi ngandhut iku diakon lunga tanpa pamit. Bebarengan karo kuwi ibu Maratuwa mban-

ting endhog pitik mentah lan bapake mecah cengkir gadhing kang wus digambari Kamajaya-Kamaratih, Janaka-Subadra, ut- awa Panji lan Candra Kirana, banjur disigar dadi loro. Nalika mecah cengkir direwangi bapak kandhunge wanita kang lagi ngandhut kuwi. Wanita kang ngandhut banjur diiring mlebu omah lan ngadeg ing ngarep petanen. Ing papan kuwi wus dice- pakake sinjang lan kemben cacah pitu. Sateruse para pinisepuh nganggokake jarit iku mbaka siji. Rampung nganggo siji banjur diuculi, banjur dianggokake maneh liyane. Ngono terus nganti kaping enem lan para pinisepuh mesthi ngomong durung patut. Kang pungkasan, para pinisepuh nganggokake jarik truntum kemben motif bangotulak. Bebarengan karo kuwi, para pinise- puh padha ngomong wis patut.


Like this book? You can publish your book online for free in a few minutes!
Create your own flipbook