Kumpulan Cerkak & Geguritan Hartoyo San i
Judul Buku : Kangen Nawangwulan, Kumpulan Cerkak & Puisi Penulis: Hartoyo San ISBN Cetakan Pertama, September 2020 Penyunting: Hartoyo San Desain Sampul: Hartoyo San Desain Isi: Hartoyo San Diterbitkan oleh: Y2K Publisher Jl. Tongkol VII/12 Perum Minomartani, Ngaglik, Sleman Yogyakarta
CRITA CEKAK........................................................................................ 6 Ngupadi Godhog Lingga .................................................................. 7 Kedhindhal ..................................Error! Bookmark not defined.3 Kangen Nawangwulan.................Error! Bookmark not defined. Kamar .................................................................................................. 24 GEGURITAN......................................................................................... 31 Lungamu ............................................................................................32 Grimis Sore Kuwi..............................................................................33 Corona ................................................................................................. 34 Riwayat Penulis ........................................................................................36 iii
Dibuat Untuk Keluarga dan sahabatku
v
Ngupadi Godhong Lingga Kedhindhal Kangen Nawangwulan Kamar
Anggone jejodhowan ajeng lan bagas wis ngancik wektu rong taun. Ananging durung ana pratandha bakal diparingi momongan. Kahanan kaya mangkono iku kang dadi cuwane penggalihe kluwarga ageng Brotoseno, wong tuwane Bagas. Ajeng karo Bagas pacen ora duwe niyat ngulur wektu anggone arep duwe momongan. Nanging uga ora duwe ancas kudu cepet-cepet. Kabeh dilakoni kaya ilining banyu kali. Yen wis titi wanci rak ya Gusti bakal paring momongan. Ngono yen wong loro padha rerembugan. Nanging kanggone Bu Broto ora kaya karepe Ajeng lan Bagas. Bu Broto selak kedereng duwe putu. Dheweke kuciwa merga saben- saben ditakoni, Ajeng wangsulan durung ngandheg. Rasa tresnane marang Ajeng saya suwe saya luntur. Malah banjur tuwuh rasa sengit. “Aja-aja Ajeng kuwi gabug,” ngono batine. Ajeng uga ngrasakake owah-owahane maratuwane kuwi. Sorot netrane Bu Broto ora bisa nyingidake rasa batine. Saben ketemu, Ajeng rumangsa ora kepenak atine. Ora jenjem, merga rumangsa disalahake. Nanging minangka anak mantu dheweke ora bisa suwala. 7
Mung bisa meneng lan sabar. Sabar nunggu tekane paringane Gusti. Mula kabeh lara atine mung bisa disimpen ana njero dhadha…. Nganti sawijining dina Ajeng krungu omong-omongane maratuwane karo Bagas, bojone. “Bagas, iki wis rong taun anggonmu bebrayan. Bojomu durung bisa menehi keturunan. Apa pancen bener pangiraku yen Ajeng kuwi gabug? Ora bisa duwe anak!” “Ibu ampun ngendika mekaten” “Bagas. Putrane Bapak ibu ya mung siji, Kowe. Nek kowe ora duwe keturunan, banjur sapa kang arep nerusake keturunan trah Brotoseno iki?” ngendikane Ibune wiwit nandhes. “Ingkang sabar, Ibu. Kula kaliyan Ajeng inggih sampun mbudidaya….” “Kowe kuwi isih enom, bagus, tur ya sugih. Upama golek bojo meneh tak kira ya ora kangelan. Akeh kang padha antri,” kandhane Bu Broto gawe kagete Bagas. “Ibu..!” “Ngene wae. Yen nganti taun ngarep, genep rong taun anggonmu omah-omah, kowe durung duwe anak. Pegaten bojomu!” Ajeng kang ngrungokake saka sawalike lawang ora kuwat atine. Dheweke banjur mlebu kamar, ungkep-ungkep. Eluhe dleweran kaya udan mangsa rendheng, disokake neng bantal nganti klebus. Atine keranta-ranta. Batine njola ora trima. Kenapa dheweke kang kudu disalahake? Bagas uga ngerti kahanane Ajeng. Dheweke trenyuh lan mesakake bojone saben dina oleh teror saka ibune. 8
“Aku ngerti panandhang kang kok rasakke. Mula kudu sabar,” kandhane Bagas karo ngelus-elus rambute Ajeng. “Nunggu rong taun?” jawabe Ajeng sengol. “Ora ngono. Percayaa. Masiya nganti selawase awake dhewe ora duwe anak, aku tetep tresna karo kowe. Tresnaku ora bakal ilang. Mbok menawa saka kersane Gusti pancen kudu mengkono,” kandhane Bagas gawe atine Ajeng ayem. “Mulane awake dhewe saiki kudu ikhtiar lan diakehi dedonga.” Dina-dina candhake, Bagas luwih akeh neng ngomah. Menehi kawigaten marang Ajeng, karo bebarengan ikhtiar, ngupaya supaya cepet oleh momongan. Kekarone banjur golek informasi sak akeh-akehe. Takon sedulur, tangga, lan kanca-kanca. Nganti sawijing wektu oleh kabar yen ana wong pinter kang jarene ampuh. Kabukten akeh kang cocok, mligine babagan ora duwe keturunan. Jenenge pak Waskita, omahe ana Wukirsari, isih sak Kecamatan karo desa Pandansari. Ajeng lan Bagas banjur marani papan panggonane pak Waskita. Pranyata ora angel nggoleki omahe Pak Waskita. Mlebu desa Wukirsari, takon pisan karo wong desa kono malah diterke menyang omahe. Pak Waskita udakara umure 45 taun. Brengose kandel dicukur rapi. Sandhang panganggone rapih lan resik. Pawakane gagah pideksa mrebawani. Kekarone banjur nelakake apa kang dadi sedyane. Pak Waskita nanggapi kebak kawigaten. Ngrungokake kabeh critane Bagas lan Ajeng. Dhukun mau nyanggupi bakal aweh pambiyantu sedyane wong sakloron kanthi nglakoni laku tirakat jamasan kembang 9
setaman.. Saben malem Jemuwah Ajeng kudu lelaku jamasan kembang setaman ana ing padhepokan Wukir sari, panggonane Pak Waskita. Lelaku jamasan kembang setaman kang dilakoni Ajeng wiwit nuwuhake pangarep-arep, sawise jamasan kang kaping papat ana kabar bungah. Ajeng mandheg anggone menstruasi. Bareng dipriksakake ana dhokter, pancen bener: Ajeng positip ngandhut! Kekarone rumangsa bungah banget. Semono uga maratuwane uga melu seneng, pulih rasa sayange marang Ajeng. Kekarone kebak ing rasa syukur, merga Ajeng wis ngandhut. Ateges kuwi bisa ngilangi prahara sajroning bebrayan. Kahanan bali tentrem, kepara tambah anget. Semono uga rasa tresna lan kawigatene Bagas marang Ajeng saya tambah rumaket. Kaya cendhot karo dhawet, angel dipisahake. Hehe… “Pak Waskita pancen ampuh tenan ya, Jeng?” kandhane Bagas karo ngelu-elus wetenge Ajeng kang kandhutane wis ngancik pitung sasi. “Awake dhewe kepotangan budi karo dheweke. Ya, Pak Waskita kang bisa nylametake rumah tanggane awake dhewe. Aku ora ngerti maneh piye critane awake dhewe yen ora ana Pak Waskita,” Mangkono kang dikandhakke Bagas bola-bali saben arep turu. Ajeng mung mesem tanpa wangsulan. Gawang-gawang dheweke kelingan kabeh apa kang ditindakake nalika lelaku jamasan kembang setaman ana Padhepokan Wukir Sari. Wiwit saka sepisanan nganti pungkasan. Kabeh dilakoni kanthi iklakang ati ngudi tentreming bebrayan, nadyan kudu ana kang dikorbanake. 10
Ajeng unjal ambegan landhung karo nyawang Bagas kang turu nglinteg karo ngeloni wetenge sisihane kuwi. “Pangapuramu ya, Mas,” kandhane Ajeng ing batin binarung tumetekang luh kang alon-alon nelesi pipi. ------ rampung ------- 11
Awan kuwi Bramantyo pamit mulih gasik amarga arep ngeterake Andri, anak mbarepe, golek sepeda motor ana dealer. Repot yen saben dina kudu ngeterake lan methuk sekolah anake lanang kuwi. Amarga tugas sekolahan saya akeh, anggone methuk dadi kerep telat. Mesakake yen kudu nunggu nganti jam-jaman. Tur maneh, Andri ya wis gedhe, umur pitulas luwih. Wis wayahe duwe montor dhewe. Kanca-kanca guru dipamiti kabeh. Muride diwenehi tugas kang kudu dirampungake ana kelas. \"Titip bocah-bocah ya, Bu Ani. Tulung diawat-awati. Aja nganti ana kang mbolos,\" kandhane Bramantyo marang Ani, kanca guru. \"Beres, Boss! Waton aja lali sesuk gawakke oleh-oleh, ya,\" kandhane Ani guyon. \"Siyaaaapp..!\" wangsulane karo ngacungake jempol. \"Wis, ya. Assalamu'alaikum,\" pamite. \"Wa 'alaikum salam warahmatullahi wa barakaatuh. Ati-ati, Pak Bram. Aja ngebut!\" 12
\"Nggih, Bu Guru. Hehe…,\" jawabe karo nyetater montore. Ora let suwe Bramantyo wis tekan dalan gedhe. Merga awan kuwi lalu lintas rada rame, mulane anggone numpak montor rada alon-alon. Sakjane kepengine ndang tekan ngomah, nanging kahanan dalan pancen lagi rame. \"Wis, dinikmati wae. Sak tekane,\" ngono batine. Ancas arep nukokake motor Andri pancen wis suwe. Amarga pancen wis dadi kebutuhan. Nembe arep kelakon saiki. Kuwi wae direwangi udreg-udregan karo Eny, sisihane. Bojone ora sarujuk yen Andri ditukokake montor. \"Aku kok ora mentala ta pak, yen Andri kudu numpak montor dhewe neng sekolahane.\" \"Lha, apa ya saben dina aku kudu ngeterkake lan methuk. Kamangka gaweyanku saya suwe saya akeh. Yen wayahe methuk Andri, gaweyanku durung rampung. Yen nunggu rampung gaweyanku, mesakke anggone ngenteni ana sekolahane. Kamangka kanca-kancane wis padha mulih kabeh. Aku kang ora mentala nyawang Andri sok nganti keturon ana emper sekolah.\" \"Ning aku kuwatir je, Pak. Dalane rame banget. Kendharaan padha pating sliwer ora karu-karuwan. Ngawur anggone padha numpak\" \"Ya, bocahe dikandhani supaya ngati-ati\" \"Aku kok tetep kuwatir ya, Pak.\" Saben dina bab rencana arep nukokake montor Andri dadi bahan diskusi karo bojone. Ora kurang-kurang dheweke anggone 13
ngerih-erih lan ngeyem-yemi Eny. Nganti pungkasane sisihane kuwi sarujuk yen Andri ditukokake montor kanggo sekolah. \"Ciiiiit……..!\" Bramantyo ngerem montore rada ngeget. Amarga anggone numpak mnotor karo ngalamun ora krasa yen lampun bangjo neng prapatan abang. Dumadakan mripate weruh ana amplop soklat gumlethak ing dalan. Kadereng rasa penasaran, dheweke banjur nyedhaki prenahe barang kuwi, dijupuk, eh...krasa anteb, mertandhani yen isine kandel. Dheweke milang-miling, \"Iki duweke sapa ya, kok tiba ana ndalan?\" pitakone ing batin. Kocapa bareng dibukak, isine amplop soklat kuwi gawe kagete Bramantyo. Amplop kuwi isine sertipikat tanah lan cek limang milyar! Guru SD kuwi mung bisa dheleg-dheleg lan ndredheg ora uwis-uwis, merga sakumur-umur durung tau ngerti dhuwit gunggunge semono akehe. Mula dheweke kepingin cepet-cepet mbalekake dokumen lan cek mau marang kang duwe. Ora ana pikiran sithik wae arep nduweni. Liwat katrangan kang ana ing kop amplop, Bramantyo bisa ngerti yen kang duwe laying mau saka sawijing PT ing Surabaya. Dheweke banjur nelpon PT mau mratelakake yen dheweke nemu layang penting. Direktur perusahaan mau rumangsa seneng banget, dene layang mau bisa ditemokake. Minangka tandha panuwun, dheweke diwenehi bebungah dhuwit rong puluh yuta kang bakal ditransfer ana rekeninge wektu kuwi uga. Senadyan Bramantyo nolak-nolak, merga dudu kuwi kang dikarepake, Direktur mau tetep meksa dheweke kudu nampa. 14
\"Pak Bram mboten prelu wigah-wigih. Kula ikhlas saestu kok, Pak. Arta kalih dasa yuta menika menika idhep-idhep kangge gantos transport dhateng Surabaya. Mbenjang Septu Bapak kula aturi tindak Surabaya nitih pesawat kanthi ngasta sertipikat saha cek menika. Mangkeh menawi sampun dumugi Surabaya, kula tambahi malih satus yuta. Lha menawi menika minangka bebungah utawi hadhiah kagem penjenengan.\" Krungu arep diwenehi maneh satus yuta atine tambah ora karu-karuwan. Dheweke mung bisa meneng ngrungokake kabeh omongane direktur mau. \"Arta semanten menika kanggene perusahaan mboten bandhing kaliyan ajining dokumen-dokumen ingkang Bapak asta sakmenika. Inggih amargi teledhoripun sekretaris kula, dokumen penting menika saget kececer wonten mergi. Mangga, Bapak kula aturi nyerat nomer rekening panjenengan lumantar WA, nggih? Kula tengga sakmenika.\" Ing antarane ngungun lan bingung, Bramantyo mung bisa nuruti panjaluke direktur mau, senadyan cengkah karo batine. Dheweke banjur nulis nomer rekening tabungane lan dikirim liwat whatsapp. Ora let suwe, tilpune muni maneh. Direktur mau ngabari yen dhuwit rong puluh yuta wis ditrasfer ana rekeninge. Mula dheweke banjur dikon niliki saldo rekeninge ana ATM sak cedhake kono. Nalika ditiliki durung ana transfer mlebu ing rekeninge. Liwat telpon, wong mau banjur nuntun kepriye carane kareben dhuwit transferan mau 15
cepet mlebu ana rekeninge. Bramantyo mung bisa manut apa omongane wong ing tilpun mau. Sawise rampung nuntun Bramantyo mencet-mencet tombol mesin ATM, wong mau aweh katrangan yen dhuwit bakal mlebu ana rekening limalas menit maneh. Wong mau uga aweh piweling yen saldhone durung nambah, dheweke kudu ngecek limalas menit maneh. Mbokmenawa jaringane nembe lelet. Nalika wis limalas menit, Bramantyo bali ngecek ATM. Sepira kagete bareng weruh saldo tabungane. Ora nambah, nanging saldo tabungan kang maune ana selawe yuta saiki malih dadi nul. Entek. Dheweke banjur kelingan welinge wong kang ana telpon mau, kudu nunggu limalas menit maneh. \"Sabar,\" ngono batine. Mangkono sabanjure, saben limalas menit Bramantyo mlebu metu ATM ngecek saldone. Nanging nganti ping lima tetep ora nambah saldone. Anggone Bramantyo bola-bali mlebu ATM pranyata dadi kawigatene Satpam Bank. Satpam mau banjur nyedhaki. \"Sugeng siyang, Bapak\" panyapane Satpam kanthi kurmat. \"Nyuwun sewu, kula gatosaken wiwit kalawau panjenengan wongsal- wangsul mlebet ATM, kados tiyang nembe bingung. Wonten menapa? Mbok bilih kepareng, menapa kula saget caos pambiyantu dhumateng Bapak?\" Sajak ragu-ragu dheweke kandha, \"Njih, ngaten pak Satpam……\" Dheweke banjur nyritakake kabeh kang dilakoni dina kuwi. Satpam banjur niti priksa sertipikat lan cek kang ditemokake. 16
\"Oalah…….\" Kandhane Satpam mau karo ngelus-elus pundhakke Guru SD kuwi. . \"Nuwun sewu, njih Bapak. Kula aturi pirsa bilih panjenengan menika nembe kemawon nampi alangan\" \"Nampi alangan pripun?\" \"Bapak kenging gendam. Sertipikat ingkang wonten amplop, ugi cek gangsal milyar menika sedaya palsu.\" kandhane Satpam prihatin. \"Napa inggih? \" kandhane Bramantyo semu ora percaya. Atine gemeter. \"Leres, Pak. Modus penipuan samangke panci kathah sanget. Kathah para durjana menika nyukani iming-iming hadiah undian utawi modus sanesipun ingkang tundhonipun nuntun para calon korban supados transfer arta ingkang wonten rekeningipun korban. Kalebet modus mbucal surat berharga kados menika.\" \"Ya, Allah….!!\" Bramantyo mbengok sora. Awake lemes. Pandulune dadi peteng ndhedhet. Ndonya kaya kalimput ing pedhut peteng. Ancas arep nukokake montor anake lanang ilang muspra. Kedhindhal! Katut ilang merga panggawene wong ala. Nganti sawetara wektu dheweke mung bisa dheleg-dheleg. Bingung ora ngerti apa kang kudu ditindakake. Durung ilang rasa bingunge, dumadakan tilpune muni. Bareng ngerti kang tilpun bojone, atine trataban. Nganti sawetara wektu tilpune lagi diangkat. \"Pak! Lagi neng ngendi?\" pitakone bojone sora, sajak ora sabar. \"Pak, ndang muliha! Saiki, ya! Cepet!\" kandhane sisihane kaya grontol wutah. Angel diselani. 17
\"Lha, ana apa ta , Bu?\" \"Iki lho, Pak. Buku tabungan kang atas namaku kae menang undian. Oleh hadiah montor, Pak!\" \"Oleh hadhiah montor? Aja guyon ta, Bu!\" \"Dikandhani kok ra percaya. Lha, iki montore malah wis diterke tekan ngomah, je. Wis, gek ndang bali. Rasah mampir- mampir!\" Tilpun ditutup. Bramantyo gedheg-gedheg. Sirahe dithuthuki dhewe. Dina kuwi dheweke rumangsa kaya wong bodho. Angel anggone nalar kabeh kedadeyan kang lagi wae dilakoni. Alon-alon montore dicengklak, ditumpaki tumuju menyang omahe kanthi nggawa pikiran-pikiran kang durung kabeh nglumpuk. ---- rampung --- 18
Mulih saka workshop penulisan novel Jawa kang diadani dening Pasbuja (Paguyuban Seni lan Budaya Jawa) Sleman, atiku dadi goreh ora karu-karuwan. Pikiranku nglambrang tekan ngendi-ngendi, gawe pangentha-entha dhewe. Gawe crita dhewe. Kadhang aku mesem, Kadhang ngguyu lakak- lakak. nanging uga bisa nangis nggugruk, manut dalaning crita kang ana pangen-angenku. Patemonku karo para tokoh sastra Jawa kuwi pancen njalari aku dadi duwe obsesi kepengen dadi penulis kaya kabeh tokoh mau. Saben mbayangke para sastrawan kuwi pikiranku kaya kedudut, katut dalaning crita kang diwedhar ana workshop. Nalika mbayangke pak Budi Sarjono, novelis kondhang kang wis akeh karyane. Aku rumangsa dadi Sam, jagoan lan tokoh utama novel ‘Prau Layar ing Kali Opak’. Nalika dadi Sam, aku lunga menyang telenge gunung Mrapi saperlu ketemu Mbah Petruk, kang mbau reksa Gunung Mrapi. Dakjaluk pambyantune mungkasi pagebluk kang kasandhang para sedulur ing Ngayogyakarta lan Indonesia kabeh. Karo Mbah Petruk aku diparingi pusaka awujud Bendhe sekti tinggalane bathara Kresna. Bendhe kuwi yen dithuthuk bakal bisa ngilangi memala lan bebendhu, kalebu penyakit. Aku banyur nuthuk Bendhe mau ana sadhengan papan. Ana Tugu, Malioboro, Parangtritis, Gunungkidul, Sleman, Bantul, lan papan-papan liyane. 19
Kabeh penyakit ilang. Warga kang nandhang lara dadi mari waras sanalika. Bungahku tanpa kinira. Bisa labuh kabecikan marang sapadha-padha. Ganti mbayangke pak Fred Wibowo, budhayawan kang nyata akeh ngelmu, wawasan lan pengalamane. Wiwit timur panjenengane wis ambyur ana donyaning seni lan sastra. Mula kejaba bisa nulis cerpen, drama, essay, uga wasis nembang macapat lan njoget Jawa. Malah bisa ndhalang uga. Pengalamane ya ora baen-baen, kabeh negara ing ndoya iki wis meh kabeh tau diambah. Wah, jan ngedab- edabi tenan. Nalika mbayangke pak Fred, aku rumangsa bisa nulis apa wae, kalebu nulis bab jagating lelembut. Tulisanku moncer kaemot ana ing saben koran lan majalah. Aku kondhang dadi penulis crita misteri kang paling pinter nggambarake swasana mistis, gawe giris kang padha maca tulisanku. Lagi maca judhule wae wong wis padha miris lan mrinding. Tokoh kang daktemoni sabanjure yaiku mbak Eny MS. Penulis kang wasis ngrakit ukara dadi geguritan lan cerkak iki pancen wis suwe ambyur ing jagading sastra Jawa. Tulisane sumebar ana ing saindhenge Nuswantara. Wanita romantis iki pancen kondhang gawe tulisan panglipur wuyung lan tembang katresnan. Yen maca tulisane, akeh kang banjur termehek-mehek klerut marang alur critane. Aku ora prelu mbayangke mbak Eny, merga dheweke wis ajeg teka ana impenku saben bengi karo nyangking eseme kang ngujiwat, ndudut ati. Kaya ing wengi kuwi, dheweke teka nggawa kembang mawar warnane ungu. Saka kadohan eseme ngambar arum gawe trenyuhe ati. Saya suwe saya cedhak marane anggonku ngadeg ana ing pinggir 20
samodra. Dheweke banjur ngulungake kembang mawar ungu mau. Wangine arum angambar ndudut suksma. Bareng dakwaspadakake, dumadakan kembang mau saya suwe malih dadi mewujudan wanodya kang sulistya ing warni. Rambute dawa ngandan-ngandan diore. Rasane aku wis tau kenal pawongan iki. Ning sapa? Ana ngendi? “Kangmas!” Sawarane wanita mau njugarake panglamunku. “Dhiajeng. Dhiajeng Nawangwulan,” Dumadakan lambeku ngomong sak karepe dhewe. “Kangmas Jaka Tarub, aku kapang banget” kandhane karo ngrangkul guluku, ngarasi pipiku nganti guluku. Lathine kang tipis kuwi tanpa wigah-wigih nyecep lambeku. Aku nimbangi lan ngladeni apa kang dadi sedyane. Aku uga ngrasakke rasa kangen kang kepati- pati. Embuh pira lawase anggonku pepisahanan, bungah rasane bisa ketemu. Aku sakloron banjur nerusake andon katresnan ana tlaga kang mbiyen aku nate nyolong slendhange. Suwe ora ketemu pancen njalari rasa kangen kang angel marine. Awake Nawangwulan kang tanpa busana katon endah kena cahyane sunar rembulan. “Nawangwulanku wis bali! Nawangwulanku wis bali!” ngono swarane atiku tetembangan. “Nawangwulang. Dakjaluk sliramu aja lunga maneh. Bali urip bebarengan karo aku,” panjalukku marang dheweke. “Kangmas, aku iki mung bisa manut dalaning pepesthi. Yen aku tetep ning kene, iku ateges dalane pepesthiku ana ing kene. Nanging, yen aku kudu bali, lilakna lungaku ya, Kangmas,” kandhane nangis sesenggrukan karo ngraketake awake ning dhadhaku. 21
Aku mung bisa meneng lan mbayangake lelakonku jaman semana, nalika aku isih jaka. Aku nate nginjen para widodari adus wuda. Banjur kanthi culika dakcolong salah sawijing busana kang tininggal ana pinggir tlaga. Busana mau dakkangidake kanthi primpen ana sangisore lesung. Ya amarga sandhangane tak colong, salah sijine widodari kang aran Nawangwulan ora bisa mabur, bali menyang Kayangan. Dheweke banjur daktulungi lan pungkasane gelem dadi sisihanku. Nawangwulan pranyata wanita kang tuhu tresna, setya lan bekti marang aku. Urip sarwa nrima, nampa aku apa anane. Dina-dinaku kebak kembang tresna, resep yen sinawang. Wohing katresnan nganti duwe momongan siji, Nawangsih. Nganti sawijining dina dheweke nemokake sandhangane kang tak kangidake ana ngisor lesung. Kanthi sandhangan mau dheweke banjur pamit bali menyang Kayangan. Aku ora bisa suwala, mung bisa nggetuni lelakonku kuwi. Nendhenge anggonku tumlawung mbayangake lelakon kepungkur, dumadakan ana suwara kang mbrebegi kuping sinartan angin riwut mobat-mabit. Dakkekep Nawangwulan kang kaget lan keweden karo golek panggonan kang aman. “Kangmas! Kangmas Joko Tarub!” Pambengoke Nawangwulan. “Kangmas, dalane pepesthene awake prayata mung cukup tekan semene. Kae, aku wis dipapag kudu bali. Lilakna aku bali. Tresnamu tansah ana ing ati,” kandhane karo uwal saka pangrengkuhku, mlayu marani prenahe swara kang mbregi kuping. “Nawangwulan! Nawangwulang!” 22
Pambengokku ora direwes. Daktututi playune Nawangwulan. Nanging ora kaconggah. Ngerti-ngerti dheweke wis mlebu lawang wewujudan memper Helikopter. Dheweke mung mesem karo tangane kumlawe, aweh salam pepisahan. Nawangwulan banjur digawa mabur ngadoh. Swarane Helikopter saya suwe saya ilang, ketungka swarane adzan Subuh. --- rampung --- 23
Ngerti ora, apa kang paling dakwedeni ana ing ngalam donya iki? Kamar! Saben aku weruh kamar rasane wedi banget. Luwih wedi ketimbang ngadhepi tekane sakaratul maut. Yen weruh kamar rasane awak dadi adhem panas, kringet sak grontol- grontol nelesi klambi. Ndredheg, ngewel, jantung trataban. Angel anggonku nggambarake. Kuwi wae lagi weruh, durung nyedhak. Apa maneh mlebu. Ora. Ora. Babar pisan ora! Nalika ndelengke kamar kang kebukak. Saka kadohan rasane awak iki kaya kesendhot sajrong guwa peteng banjur ambles ana luweng, sumur tanpa dhasar. Papan iku nyatane peteng ndhedhet lelimengan, katungka swara sepi kang sangsaya mbangeti. Yen wis mangkono, aku mung bisa pasrah tanpa daya. Manut kagawa swasana kang ora bisa tak kendhaleni. Kaya numpak roller coster sajroning peteng, sepi, ora ngerti kapan pungkasane. Mubeng minger, jungkir jempalik, menggok ngiwa nengen, ora karuwan. Aku wis ora bisa meneh nggambarake rasane: antarane arep muntah karo arep pipis. Mulane aku arang gelem mlebu omah. Upama kepeksa, ya cukup ana ruwang tamu. Sakawit akeh wong kang ora percaya marang critaku. Dianggep mung reka-reka lan ngayawara. Nanging bareng weruh dhewe kahananku nalika weruh kamar: saka kadohan wis jerit-jerit histeris kaya wong weruh setan. Siji mbaka siji ana kang wiwit simpati, 24
mesakake, lan aweh kawigaten. Nanging ora sithik kang nganggep aku wis ora waras aliyas edan. Ana kang banjur nglebokake aku menyang Rumah Sakit Jiwa. Nyatane ing RSJ aku luwih akeh dijejeli obat penenang tinimbang ngobati penyakitku. Panandhangku ora suda nanging malah saya ndadra. Saben reaksi obat penenang ilang, rasa wediku sangsaya tambah. Embuh piye critane, pungkasane aku minggat saka Rumah Sakit Jiwa. Golek kamardhikan jiwa lan tentreming ati. Tak onceki siji mbaka siji lelakon uripku. Wiwit cilik tumekaning dhiwasa. Tak tulis kabeh lelakonku. Sithik-sithik wiwit ana dalan padhang. Pranyata, sajroning uripku, aku kerep ngalami lelakon kang miris lan tragis. Bareng tak gathukake lelakon-lelakon tragis mau, nyatane kabeh ana gandheng cenenge karo kamar. Kabeh lelakon tragis mau kedadeyan ana ing papan kang padha, yaiku kamar. Umur 13 taun aku wiwit kenal karo bocah lanang. Jenenge Danang. Dheweke kakak kelasku. Wektu kuwi aku isih kelas 1 SMP. Cekake crita, aku pacaran karo dheweke. Danang klebu bocah gaul lan sandhang panganggone sarwa modis. Mula akeh bocah-bocah wadon kang kepencut kepingin dadi pacare. Ana rasa bombong, dene aku bisa dadi pacare. Danang kang ngenalake aku marang alam modern. nongkrong neng caffe, nonton bioskop, saba karaoke, lan mlebu metu dunia gemerlap: diskotik. Kabeh mau jare minangka simbol uripe manungsa modern. Kahanan kang kaya mangkono kuwi marakake aku kebius ing kahanan, lali marang tatanan norma lan agama. Nganti sawijining wektu, Danang klakon nggondhol sesotya kang paling aji tumraping 25
wanita. Aku tanpa suwala, kanthi iklas masrake sesotya iku marang Danang, kekasihku, ana ing peturon kamar hotel. Eloke, Wektu kuwi aku ora rumangsa dosa. Kabeh tak lakoni kanthi rasa bungah. Kedadeyan ing kamar hotel mau mung minangka pambuka petualang seks kang tak alami karo dheweke lan katerusake ana ing kamar-kamar liyane. Tak akoni, aku ketagihan. Pacaran karo Danang ora umur suwe. Rong taun lawase. Sawise lulus SMP Danang nerusake SMA ana Jakarta. Nanging banjur ora ana kabare. Ilang. Aku dadi kelimpungan, kelangan cagak kanggo gondhelan. Umur 16 tahun, nalika aku lagi teturon ana kamar, dumadakan wae Bapakku mlebu kamar. Nyedhaki peturonku. Karo maringi coklat dheweke ngarasi pipi lan bathukku. “Selamat ulang tahun ya, Ndhuk,” kandhane karo bali ngarasi pipiku. Bapak ora mung ngarasi pipiku, nanging mudhun menyang guluku. Tangane ngelus rambutku, pundhakku, lan….. dhadhaku. “Bapak?” Aku kaget lan ora nyana apa kang ditindakake wong tuwaku iki. Bapak mesem karo nempelake drijine neng lambeku. “Mesakna Bapak ya, Ndhuk. Bapak wis suwe ora…… Ibumu wis limang taun ora ana” Aku brontak nanging tanpa daya. Tangane Bapak tambah pengkuh ngruket awakku. Banjur awake kang isih prakosa iku nindih awakku. Napase mbekos-mbekos kaya celeng ketaton. Aku mung bisa njerit tanpa bisa suwala. 26
Rasane atiku wektu kuwi ora bisa dakgambarake. Lara banget. Rasa kuciwa lan sengitku kepati-pati nyawiji. Wong kang banget tak ajeni, jebul luwih bejat tinimbang iblis.Ndonya rasane wis kiyamat! Ora kuwat nampa kahanan, aku minggat saka omah. Beja, ana kancaku kang welas marang kahananku. Nina lan kluwargane aweh pitulungan marang aku. Aku dikeparengake manggon ana omahe. Kluwargane malah seneng yen aku gelem manggon ana omah kono, Ibu Asih, ibune Nina dadi guru SD. Pak Topo, bapake, Penilik Sekolah. Bramantya, kakange, isih kuliyah semester lima. Lan adhine, Andre, kelas 3 SMP. Kabeh nganggep aku kaya kluwargane dhewe. Aku uga kebageyan kamar kanggo turu. Kabeh menehi kawigaten marang aku, kalebu kakang lan adhine. Atiku seneng. Wiwit tuwuh rasa kapercayan dhiri lan semangat uripku. Nglalekake lelakon surem kang tak sandhang. “Alea…… Ibu seneng Alea manggon ana kene,” ngendikane Bu Asih sawijing dina. ”Lan sak teruse Ibu kepingin Alea tetep ana kene. Alea ora usah mikir kang akeh-akeh. Sekolah lan kebutuhanmu Ibu kang nyukupi. Anggepen Ibu iki minangka gantine ibumu,” ngendikane karo ngelus-elus rambutku. Mak brebel eluhku dleweran ora bisa kabendung. Kaya jebole tanggul bendungan. Trenyuh rasane. Tak rangkul lan tak kekep Ibu Asih karo nangis ngguguk. ”Matur nuwun Ibu. Matur nuwun Ibu.” Aku sak kloron padha tetangisan. Ah, endahe ndonya wektu kuwi. Watara telung sasi manggon ana keluargane Nina ing kampung kono ana ontran-ontran. Embuh piye critane, wengi kuwi kampung geger. Ana kang crita jare diserang saka tangga desa. Perusuh-perusuh 27
kuwi ngrusaki apa wae kang ana kampung. Omah-omah diobong lan dijarah rayah. Klebu omah kang tak panggoni. Aku meruhi akeh wong kang padha mlebu omah kanthi pating brengok. Ngepruki apa wae isine omah. Swarane marakake miris. Bapak Ibu kang lagi ana ruwang tamu ora luput saka amuking wong- wong kang lagi kalap. Digebuki lan dikepruki tanpa rasa kamanungsan. Getih lambah-lambah mbanjiri jogan keramik putih. Kekarone banjur diseret metu, embuh digawa menyang ngendi, ”Pateni wae! Pateni wae!” kandhane wong-wong mau sesautan, nambahi ciut nyaliku. Ngoplok, ndredheg, otot bayuku lemes kaya dilolosi. Dumadakan ana wong lanang papat nyedhaki aku , ngguyu lakak- lakak karo muni, ”Waiki…! Waiki….!” Tanpa dikomandho wong-wong mau banjur nyekeli tanganku. Nyeret aku menyang sawijing kamar. Tanpa ngrungokake sambatku. Kabeh panganggonku dilukari. Kanthi kasar gentenan padha mrawasa aku. Aku wis ora bisa ngrasakke rasa perih lan lara maneh. Jagad peteng lelimengan. Ngerti-ngerti aku wis ana rumah sakit. Krungu-krungu Bapak Ibune Ninan ora bisa dislametake, dadi korban rerusuh wengi kang wengis kuwi. Nina lan sedulure-sedulure durung ana kabare. Nyatane rumah sakit mung bisa nambani tatu ragaku, nanging ora jiwaku. Aku isih trauma marang prastawa kuwi, Aku kerep girap-girap wedi saben arep dilebokake ana kamar dhewe, Aku milih ana bangsal, bareng-bareng karo wong akeh. Nanging amarga aku kerep ngimpi 28
elek saben bengi bengok-bengok, pungkasane aku dikirim menyang rumah sakit jiwa. Ing Rumah Sakit Jiwa telung wulan ora ana owah-owahan. Trauma kuwi angel ilang saka pikiranku. Aku isih kerep bengok-bengok keweden kaya wong kesurupan. Mulane aku kerep disuntik obat penenang. Ing rumah sakit jiwa panandhangku ora suda malah sangsaya tambah. Aku kerep ngrasa ing antarane sadhar lan ora sadhar, merga obat penenang, ana kang tumindak asusila nalika aku dhewekan ana kamar perawatan. Ana kang nggrayangi perangane vital awakku, ana kang motret, lan tindak pelecehan liyane. Aku mung bisa ngrasa nanging tanpa daya, merga kena dayaning obat penenang. Kabeh kedadeyan ala kang tak alami kedadeyan ana papan kang padha, yaiku kamar! Aku minggat saka rumah sakit jiwa lan sawetara wektu urip sakparan-paran, mrana-mrene ora cetha. Pungkasane aku gabung karo kanca-kanca pengamen Malioboro. Ngregengake wengi kanthi nyanyi-nyanyi gawe seneng atine wong akeh uga dadi panglipur dhiri. Nglalekake lelakon urip kang pait. Neng kene aku nemokake katentreman. Turuku ana sadhengah papan, waton ora ana ing kamar. Ing Malioboro iki, aku nemokake urip kang sejati. Gusti wis paring kamar kang jembar banget, yaiku kamar kang plafone langit, dipadhangi sunaring rembulan lan lintang-lintang. --- Cunthel --- 29
Cerkak iki kamot ana ing Majalah Djaka Lodang Edisi 19 September 2020 30
Lungamu Grimis Sore Kuwi Corona 31
:in memoriam Sutiyono Angin esuk mbabar kabar dhuhkita Lungamu tanpa sabawa, tanpa cecala Pindha thathit wayah ketiga Gawe geter pater jroning jaja Siji mbaka siji lelakon lawas kawedhar Katon ngegla ana ing netra Dina-dina kepungkur kang kebak crita endah Gawe sengsem yen kelingan Oh, sumitra…. Rasane kaya lagi wingi Aku lan sliramu ngronce crita Lelakone ndonya Sumitra, Bakal tak simpen kabeh Critamu lan critaku minangka prasasti Sinartan ilining luh kang tumetes ing pipi Aku mung bisa memuji Muga Gusti paring pangaksami Lungamu nuhoni dalane pepesthi Minomartani, Maret 2020 32
Angin kang nyilakake grimis sore kuwi Isih ninggalake hawa kekes ning ati Lan netramu kang kekembeng geni Ngonceki lelakon perih kawuri Apa aku isih kuwagang ngadhepi Krodhaning sepine wengi Yen kowe nggawa kabeh kang dakduweni : Rembulan, lintang, mega, Kumreseke godhong-godhong garing Lan pangerike jangkrik-jangkrik Aku mung bisa nggetuni Kabeh panggantha kang muspra Lan pangangen-angen kang mabur ana awang-uwung Musna ilang kalimput ing pedhut Angin kang nyilakake grimis sore kuwi Minangka seksi lungamu pamit bali Ngestoni timbalaning pertiwi Minomartani, Maret 2020 33
Saktemene kowe kuwi sapa? Duratmaka apa maling aguna Tekamu tanpa sabawa Gawe mirising wong sak donya. Rungokna jerite para kawula cilik Rungokna sambate para bakul pasar Rungokna pambengoke para buruh harian Kang kelangan pakaryan lan dalan pangan Saktemene kowe kuwi sapa? Alap-alap samber nyawa apa setan ala Tanpa cecala, Jabuti nyawane manungsa : sak kenya-kenya Saktekamu, Dalanan dadi sepi Sekolahan padha prei Papan ngibadah kelangan umate Mall, toko, lan pasar wus ilang kumandhange Apa bener sira utusane Gusti 34
Kanggo ngelingake manungsa Kang padha lali Marang sangkan paraning dumadi Saktemene kowe kuwi sapa? Aku ora wedi lan ora preduli Merga aku isih duwe Gusti Kang bakal paring pangayoman Marang kawulane kang tuhu bekti Muga katentreman enggal kababar 35
Suhartoyo (hartoyo san) lair di Grobogan, Jawa Tengah. Saben dina pakaryane minangka dwija ana ing Lembaga Kursus dan Pelatihan (LKP) Citra Emas, Sleman. Lembaga pendidikan kang magepokan karo pendidikan dan pelatihan SDM berbasis Public Relations. Penulis minangka salah sawijining redaktur SEMBADA, Buletin Paud Dikmas, Dinas Pendidikan Kabupaten Sleman. Penulis aktif ana ing saweneh organisasi profesi, antarane HIPKI (Himpunan Penyelenggara Kursus dan Pelatihan Indonesia) minangka Ketua DPC Sleman. Gradasi (Generasi Digital Indonesia) minangka pengurus DPD DIY. Minangka anggota Paguyupan Seni dan Budaya Jawa (Pasbuja) Yogyakarta. Mapan ana ing Perum Minomartani, Ngaglik, Sleman. 36
Search
Read the Text Version
- 1 - 36
Pages: