BUSANA JAWI GAGRAG NGAYOGYAKARTA- SURAKARTA KD: Memahami Busana Jawa Gagrak Yogyakarta
Busana Jawi Busana Jawi/Kejawen boten naming ageman biyasa kemawon ananging salebetipun ngewrat praalambang utawi praalampita. Wondene pralambang ing wujud Busana kejawen inggih menika piwulang ingkang dipudamel sinandhi ing salebeting Busana kasebut. Dados pepak sanget piwulang ingkang sinandi, pepak piwulang – piwulang luhur.
◦ Pitutur sajroning busana kejawen iku minangka pitutur kang ana gayutane(hubungane) kaliyan tumindak manungsa ing alam donya, supaya bisa laras antarane jagad cilik lan jagad ageng. Gayutane kaliyan hubungan manungsa siji lan liyane, napadene antarane manungsa lan Gusti Ingkang Akarya Jagad.
Busana Jawi/Kejawen Kakung Putri Gagrak: 1. Ngayogyakarta 2. Surakarta
BUSANA KEJAWEN TUMRAPING KAKUNG
Blangkon/Iket Iket, punika minangka sarana panutuping mustaka. Piwulang: supaya bisa duweni pamikiran kang adhem lan tenang, ngiket sedaya penggalihipun, kedah gadhah pamikiran ingkang pengkuh, sampung ngantos goyah amargi ewah gingsiring jaman. Ngayogyakarta Surakarta Blangkon ugi wonten saking Kedu saha Banyumasan
RASUKAN KAKUNG GAGRAG NGAYOGYAKARTA
Rasukan Dipunagem kangge nutupi badan. Rasukan kakung Ngayogyakarta: - Surjan sembagi/surjan Kembangan Pralambang: minangka titahing Gusti Ingkang - Surjan lurik Akarya Jagad, manungsa kedah ngrasuk kapitadosan agami. - Pranakan biru lurik telu papat - Atela Piwulang: tiyang gesang ing alam Donya Rasukan kakung Surakarta: menika saged tentrem manahipun bilih - Atela ngrasuk satunggaling agami lajeng - Beskap dipunlampahi wonten ing gesangipun. - Sikepan - Langgenarjan
Ngayogyakarta 1. Surjan Sembagi Asring dipunsebut surjan Kembangan. Sejatosipun Busana mligi dipunagem dening Sampeyan dalem Ingkang Sinuwun Sri Sultan Hamengkubuwana ingkang jumeneng nata, lan ugi Sri Paduka Kanjeng Gusti Adipati Pakualam ingkang jumeneng nata. Nanging adatipun ugi kaginakaken ing upacara pawiwahan.
2. Surjan Lurik Limrah kaginakaken kawula Ngayogyakarta ing padintenanipun.
3. Pranakan biru lurik telu papat Busana dhines tumraping abdi dalem Kraton Ngayogyakarta Hadiningrat.
4. Atéla, wujuding busana kadosdéné jas kanthi werni polosan, adatipun busana punika dipunagem déning para abdidalem apangkat bupati sapanginggil nalika pisowanan salebeting kraton.
RASUKAN KAKUNG GAGRAG SURAKARTA
1. Atéla ◦ Wujudipun kadosdene jas wingking dipunkrowok, limrahipun werni cemeng ◦ Dipunagem dening siswa pawiyatan lan abdi dalem kraton Surakarta nalika sowan kraton.
2. Beskap Wujudipun kadosdene atela nanging mawi benik/kancing kanang kering, warni cemeng adatipun kaginakaken kangge among tamu sawijining kraton, lan beskap ingkang boten cemeng ingkang ngangem senta dalem apangkat KRA lan KRAT.
3. Sikepan ◦ Busana menika mligi kaagem dening abdidalem, sentanadalem apangkat KGPH, KPH, KP, KRMH, KRA, lan KRAT ing acara pisowanan ageng kraton
4. Langgenarjanan ◦ Busana menika kaagem dening KGPAA Mangkunegara sakulawangsa manawi pinuju sowan kraton, temanten kakung nalika badhe kaijabqabulaken, saha pahargyan panggih manten ing satunggaling kraton.
Kamus/sabuk/epe k lan timang Piwulang: Epek menika sami kaliyan golek utawi pados (mencari). Tegesipun, wonten ing gesang menika tiyang kedah ngginakaken wekdal kangge pados ngilmu ingkang migunani. Timang mralambangaken ngilmu ingkang dipunlampahi kedah dipunmangertosi kanthi gambling, supados boten gamang utawi mutawatiri utawi saman.
Lonthong/Stagen Dipunagem kanthi dipunubetaken. Pralambang: nyambut damel kanthi ‘ubed’. Piwulang: Tiyang Jawi kedah ubed anggenipun makarya pados pangupa jiwa. Cara Ngayogyakarta: - Tiyang ingkang dereng apangkat riya sapanginggil ngagem ingkang polos, boten mawi seratan cindhe. - Warninipun nyumanggakaken. Limrahipun bilih ngagem udheng polos, warninipun kajumbuhaken kaliyan pelet udheng.
Benik Benik 3 pasang (cacah 6) ing gulu, pralambang rukun iman. Dipunpasang ing sakanan kiringipun rasukan ➢ Benik cacah 2 ing dhadha kiwa-tengen, pralambang kalih kalimah syahadat. Pralambang: menggalih saderengipun tumindak ➢ Benik cacah 3 ing sisih lebet celak (dipun-niknik padharan, pralambang tigang napsu rumiyin) ingkang kedah dipunjagi: napsu bahimah (hewani), napsu lauwamah Piwulang: (napsu dhahar ngunjuk), saha napsu Tiyang Jawi menika menawi badhe nindakaken syaitoniah (napsu setan). samubarang kedah diniknik utawi dipunpenggalih kanthi saestu, sampun ngantos dados kapitunanipun tiyang sanes.
Keris/Dhuwung Warangka wulan tumanggal Prabot panjangkep Busana kakung. Wonten ing Ngayogyakarta menika, kerisipun mawi warangka: 1. Warangka wulan tumanggal, wandanipun saemper wulan ingkang tumanggal (sabit), waranagka menika rumiyin kaagem dening Pangeran Mangkubuwi (HB I) 2. Warangka Gayaman 3. Warangka Branggah
Ngayogyakarta Warangka Gayaman Surakarta
Warangka Branggah Branggah Ngayogya Ladrang Sala
Jarik/jarit/sinjang ◦ Kain ingkang dipunagem nutupi perangan ngandhap badan dumugi suku. ◦ Piwulang: “aja gampang serik” ◦ Jarik gagrag Ngayogyakarta motifipun pethak cemeng utawi pethak soklat, ◦ Jarik gagrag Surakarta motifipun soklat semu jene.
Wiron/Wiru ◦ Lempitan alit-alit ing sapinggiring jarik, anggenipun Jinising Wiron: nglempit ddipuntumpuk-tumpuk. - Wiron limrah, wiron ingkang kadamel lejeran seretipun jarik limrah. Pralambang: “wiwiren sik aja nganti kleru” - Wiron engkol, wiron ingkang kadamel Piwulang: ngeluk/ngengkol, adadipun kaginakaken ◦ Menapa kemawon kedah dipunpenggalih kanthi teliti dening adidalem manawi pinuju sowan ◦ supados boten kliru. wonten kraton, utawi wiron padintenan ing salebeting kraton. Jarakipun seret ing wiron kangge kakung menika 3 driji - Wiron sala, wiron ing busana kejawen gagrag menawi kangge putri menika 2 driji Sala, seretipun boten katingalaken kados ing gagrag Ngayogyakarta
Wiron Limrah Wiron Engkol Wiron Sala
CENÉLA, UGI WINASTAN SELOP
BUSANA KEJAWEN TUMRAPING PUTRI
Ukel/ Sanggul Minangka rikma tambahan (tumraping busana putri ingkang tanpa hijab) Sanggul Ngayogyakarta: ◦ sanggul tekuk ◦ paes kembang (ingkang sampun krama) Piwulang: Tiyang gesang kedah saged ngiket sedaya penggalihipun, kedah gadhah pamikiran ingkang pengkuh, sampun ngantos goyah amargi ewah gingsiring jaman.
Kuthu baru Rasukan Kebaya Tangkepan/kartinian Rasukan inggih menika agmena putri arupi kebaya. Wonten kalih jinis: - Kebaya tangkepan(kartinian) - Kebaya kuthu baru (limrahipun katambah selendhang) - Pralambang: - minangka wanita Jawa kang alus lan luwes, polos lan manut dhawuh marang tiyang sepuh lan garwane
LONTHONG/STAGEN Dipunagem kangge ngencengi sinjang/jarik.
CENELA/SELOP
MOTIF BATIK
Sinjang Batik Sinjang batik ingkang dados awisan, ing antawisipun: 1. Parangbarong, corèk batik punika mligi dipunagem déning Ngarsadalem Ingkang Sinuwun Kanjeng Sultan, manawi pinuju pisowanan ageng. Corak parangipun ageng. 2. Parangrusak, corèk batik punika mligi dipunagem déning para naléndra, adipati, gusti pangéran. 3. Kawung ageng. Corèk batik punika dipunagem déning para sentanadalem, putradalem awit dhawuhdalem nalika ing pisowanan mirunggan.
Parangrusak Kawung ageng Parang Barong
MATUR NUWUN
Search
Read the Text Version
- 1 - 36
Pages: