Important Announcement
PubHTML5 Scheduled Server Maintenance on (GMT) Sunday, June 26th, 2:00 am - 8:00 am.
PubHTML5 site will be inoperative during the times indicated!

Home Explore GUBUG PENCENG GEGURITAN 11-5

GUBUG PENCENG GEGURITAN 11-5

Published by asysyifamm, 2020-11-16 22:42:25

Description: Urip iku Urup

Search

Read the Text Version

Pas wektu aku ngrasa aku Yaiku aku sing bedha Utawa aku dhewe Pas aku terengah setengah Pas aku nyungkur Lan sepertigane ilang Bumi lan Nirwa nuju awakku Mlebu awakku Kanggi kuwi Aku bakal terus njoget Ngenteni bumi setia Lan Nirwa ndekap harap lan pengapku Gubug Péncéng | 101

BATHIK NOLAK MATI Dening : Narotama Widya Manggala (24) Gatra kang sering diucapake Gatra kang bedo kanggi kawula lan kanca Kawula lan kanca yaiku generasi milenial Sing pingin nglakokake siji hal Kanggi konstribusi nerusake budaya Dadi, Kawula lan kanca kepingin mlebu ning proses Leksa Ganesha wae akeh kelibat Lan pengen ndukung usaha, isu social Ning sakitar 102 | Gubug Péncéng

Tanpa ninggalake gagasan utama Proses anggawe batik Kawula lan kanca lan Leksha Ngwenehi ruang imajinasi kanggi sampean sedaya Ing rangkaian garis abstrak ning kain Gubug Péncéng | 103

DHEK Dening : Narotama Widya Manggala (24) Ora hal ingkang gampang Nulis geguritan kanggo sampean Jam-jam aku mung iso mingkem Ndheleng buku cathetan Nambah aku ngusaha o sampean Nambah aku ora iso Tenane aku ora iso Nyembunyiake katresnanku Lan ingkang ana wong takon-takon Sopo nde e kang nggawe aku katresnan Sampean niku, wong e Ora enek liyane, dhek 104 | Gubug Péncéng

TRESNA SUCI Dening : Natasya Liana Putri (25) Gusti... Jawah agawe teles ati iki Ati sing ora ana isi Amarga ical ditelan jagad iki Nalika langit iki tiba Tresnaku ora bakal cidra Nyawang pasuryanmu ing kana Adem kerasa ing dada Gusti sing Maha Kuasa Kula mung bisa donga Agawe sekar ing alam liya Tresna iki kang bakal kula jaga Gendisku... Esemmu ana ing sliraku Gubug Péncéng | 105

Tresnaku ana ing kalbumu Jagad dadi saksi tresna suciku 106 | Gubug Péncéng

BIYUNGKU Dening : Natasya Liana Putri (25) Lara keranta polahmu Nanging eluh netes ing esemmu Jagad kang dadi saksimu Gusti paringi kekiyatanmu Biyungku... Tirta mili saka palarapanmu Ngewehi jagad kangge putramu Tansah kebecikan pamulanganmu Duh Gusti... Kula mung putra kang luput Nanging tresnoku marang biyung suci Ora bakal ical nganti maut Gubug Péncéng | 107

Biyungku Dirgantara kang dadi saksi Tansah donga pangajabmu Mugi kula dadi putra sing bakti 108 | Gubug Péncéng

REJEKI Dening : Natasya Liana Putri (25) Gusti... Padhange rembulan kang mesem Similir angin kang nembus Geni kang nyengat sliraku Gusti kula mung manungsa Saben wengi golek sega Banyu mili saka slira Netes eluh nganti ora kerasa Duh gusti... Isuk wengi ngarit rejeki Syukurku marang illahi Kekiyatan tansah diparingi Gubug Péncéng | 109

Gusti kang Maha Mulya Kula nyuwun pangestumu Paringi nikmat lan kasuburan Gusti rejekiku saka ikhlasmu 110 | Gubug Péncéng

SEKOLAHKU Dening : Naufal Ma’alikul M. M. (26) Sekolahku Panggonanku golek ilmu Sekolahku Diwulang dening Bapak lan ibu Guru Sekolahku Sinau lan maos buku Ing panggonan iki Aku diajari karo wong tua kudu bekti Ing panggonan iki Aku diwenehi ilmu nganti saiki Diparingi PR kanggo gladhen Kanggo sangu urip ing masa ngajeng Gubug Péncéng | 111

ENDAHE ALAM Dening : Naufal Ma’alikul M. M. (26) Yen mandhang alam iki Pikiran dadi endah Anugerah kangge semangat urip Ati pun dadi dhemen Yen ndeleng uwit ijo royo-royo Rasane tentrem ing ati Lan pajar sinar surya Kanggo padhange dunya iki Puji syukur matur nang Gusti Allah Marang kaendahan isine ing bumi Sing kudu dijaga lestariane Tanpa ngilangake kaendahane 112 | Gubug Péncéng

SAHABAT Dening : Naufal Ma’alikul M. M. (26) Sahabatku Mesti enek kanggo aku Ora dulur ora keluwargoku Namung luwih sangka bolo cedekku Sahabatku Kala ingkang susah Awakmu slajeng wonten Mawenehi karep lan saran Sahabatku Slajeng menehi semangat gawe aku Tansah seneng lan bungah Kang kok gambarake ing lati Gubug Péncéng | 113

KANCAKU Dening : Putri Ayu Khoiriwati (27) Kanca kang sakperjuanganku Kala ingkang susah lan sedeh Awakmu lunggguh andhap Sesandingan marang aku Mawenehi karep lan saran Kancaku… Panggonanku pitutur ing masalah Pinawa udan kowe kang tadah Kangge aku cerita isi atiku Kancaku…. Tansah seneng lan bungah Anggone kesuksesanmu Kang kok gambarake ing lathi 114 | Gubug Péncéng

Kancaku… Ingkang suwe ingkang tuwo Mikir dunyo lan kaluwaga Seneng ati ing soca Anggone banyu nithik Mili ing godhong enjing Gubug Péncéng | 115

SEKOLAHKU Dening : Putri Ayu Khoiriwati (27) Sekolahanku… Panggonan nomer loro sawise omahku Panggonan anggonku golek ilmu Dididik mring Bapak-ibu Guru Sekolahanku… Sinau, maca lan nulis buku Ing panggonan kui.. Aku diajari supaya karo wong tuwaku kudu bekti Ing panggonan iki Aku diajari marang kanca aja srei Diparingi PR kanggo gladhen Kanggo sangu urip ing tengahing bebrayan 116 | Gubug Péncéng

Aku percaya… Sanajan abot kudu dilakoni Kabeh mau kanggo kepentingan pribadhi Kareben ngesuk dadi wong kang aji Miguna tumprap bangsa lan negri Gubug Péncéng | 117

SABEN IJO Dening : Putri Ayu Khoiriwati (27) Ing pinggire deso Adoh seko ramene kutho Sinawang sawah jembar Kadyo dene kloso gumelar Seadohe penyawang moto Ijo royo-royo katon nyoto Lali sayah ngilangke lungkrah Gumanti tuwuhing roso bungah Larikan wit pari katon asri Ayem tentrem jeroning ati Tanduran katon subur Sumringah tan biso dicatur 118 | Gubug Péncéng

Emoh obah emoh owah Ninggalke sesawangan endah Ora bosen nggone mandeng Likisane poro tani ing musim rendeng Gubug Péncéng | 119

ORA CETHA Dening : Rachelita Cindi Wahyu Setyowati (28) Biyen awakmu penyemangatku Nanging malah dadi sing ngelarao aku Biyen awakmu jembar ngguyu Nanging dadi wong kang gedhe endase Rasane atiku wis cupel pangandel marang pokal gawemu Senajan awakmu bau tengen ku Malah sumringah ndelok ceblok e aku Senengan mu metani luput lan nggandho atiku Iso mu mung utang lara Wanu silit wedi rai Apa awakmu oleh wirang Opo perhatian mu kuwi palsu 120 | Gubug Péncéng

Nalika sing bisa tak lakoni mung ikhlas Nge njaro opo sing wis rapantes di pertahano Nyuwun marang Gusti Allah supaya bisa kuat Saiki uripku wis seneng tanpa kepalsuan lan pangapusan Gubug Péncéng | 121

PRATIWI Dening : Rachelita Cindi Wahyu Setyowati (28) Yen diiling iling Biyen saben esuk krasa seger Lemah e ijo royo royo Bomantara kang resik Banyu kang bening Boten enten polusi Wit wit kang kang gawe adem wis entek Langit kang resik wis kecampur karo bledug Toyamu kang bening Wis kecampur marang limbah Polusi nang ndi ndi Ora darat, banyu, udara kabeh tercemar 122 | Gubug Péncéng

Saiki awakamu wis rusak Drimba e janma gawe bencana Kabeh kenek imbase Wanadri kang dibanggao wis entek Mbok yo o cermat marang wenehan Gusti Allah Ngger, aku cuman pe ngilingo Ojo seneng ngejur mandolo Amarga kesarakahane jaman Akeh makhluk sing mati sandhang pangane Gubug Péncéng | 123

UDAN IKI Dening : Rachelita Cindi Wahyu Setyowati (28) Jawah enjing iki gawe ati ayem Seneng iso ngelalio apa sing nglarako Beban kang dipikul dadi rada enteng Gawe pikiran tenang Deleng bocah cilik sing udan udan Kilingan biyen cilikan ku Sing jembar nguyu lan bungah ati Nanging sawise dadi wong gedi Krasa pengen balik wayah cilik Nanging wektu ora bisa di puter maneh 124 | Gubug Péncéng

Malah tuwek manungsa Malah akeh tanggung jawab e Malah akeh kewajiban e Malah akeh pikulan e Pas nglakoni rasane abot Nanging sadaro opo sing mbok pikul saiki Bakal gawe uripmu bungah sok mbene Gubug Péncéng | 125

ADEME ING WENGI Dening : Retza Yoga Pamungkas (29) Nyenyeting wengi lan atising pawana kang rumasuk ing dada Uga udan gerimis kang ngileni lapangan ing desa Ngundang gerimis e waspa Bukti Yen ati iki ora iso diapusi Tanpa sliramu ing sisihku Kabeh kebak rasa sepi Mijliake prasati duk ing nguni Tanpa bisa kalarung malah tansah ngebak i mimpi Kapan kangen iki iso karukti Amarga sepi iki wis ora kanthi Ora mung ngoyak i mimpi Amarga ati iki wis ora iso ngenteni 126 | Gubug Péncéng

ISEH ANA WEKTU Dening : Retza Yoga Pamungkas (29) Wengi teka, Ngganti dina kang wis lunga Ndak cathet kanthi njlimet Lakuku kang kebak reribet Sedina laya golek upa, sepira bisa kegawa Lamun culika bakal nemu cilaka Wengi peteng Akeh lakuku kang durung lempeng Ndak tliti dalan kang tak liwati Ing rasa tetep mung kaya ngimpi Nalika nglilir dinaku wis lingsir Ana sik kepikir, sanguku akeh kang cicir Gubug Péncéng | 127

Wengi icici Luputku ndak wilang Etungan saka siji sik mesthi Sakteruse uwis lali Iseh ana wektu kanggo mbenakke laku Sakdurunge nyawa lumaku tekan gulu 128 | Gubug Péncéng

BAPAK Dening : Retza Yoga Pamungkas (29) Bapak Biyen pundakmu janges Kobong dening panase surya Ngatonke jiwa kasantosan Ngudi upa, kanggo anak-anakmu Saiki ws kethok garing Mung kaya ragangan tua Malah kepara kebak lelara Gawe ringkihe raga Gubug Péncéng | 129

Bapak Biyen rikmamu ireng Kebak, dadi makuthane mustaka Anambah sulistiya ing rupa Nalika rambutmu saiki wis mbrodhol Lan kebak warna seta Minangka tandha abot panyangamu Lan laku katerak yuswa Bapak Aku anakmu jaluk pangapura Sing kurang bekti lan ora bisa apa-apa Nalika panjenengan kena mala 130 | Gubug Péncéng

ALAM INDAHKU Dening : Rizka Adilla Octavia (30) Ati sing lara dadi waras Yen ndeleng apike alam iki Pikiran sing lesu dadi tuntas Ndeleng ciptaan sing kuasa Matur syukur marang gusti Sing wis nyiptake bumi iki Lan saisine Kita kudu ngrawat alam iki Marang dunya ksng luwih apik Gubug Péncéng | 131

WASPADA LAN NGATI – ATI Dening : Rizka Adilla Octavia (30) Njero legi, njaba kebak eri ati Yen kepengin dhahar Kudu dioceki ngati-ati Bisa-bisa eri nyubles ing lati Mangkono uga yen ngunduh Kudu nggawa piranti Tak kena grusa-grusu Supaya ora nemahi tatu Mangkono urip nang donya iki Kudu tansah waspada lan ati-ati Aja sembrana, nanging caketa mring Gusti Pangandikane diugemi 132 | Gubug Péncéng

Sadhengah lakumu nyuwun panganthi Satemah lestari uripira rina kalawan wengi Gubug Péncéng | 133

CAHYA Dening : Rizka Adilla Octavia (30) Srimbit angin lewat wengi Sang cahya ora mung nyinari pratiwi Lintang lungo ora mung ndandani tawang Ketutup mega-mega klawu Yen ora ono wulan Sapa kang tunjukake dalan Yen ora ono lintang Sapa kang dadi pelipur larane Duduk wulan kang tunjukke dalan Duduk lintang kang dadi pelipur lara Tapi Al Quran Kang tunjukkake dalan uga pelipur lara 134 | Gubug Péncéng

MILIH Dening : Salsabila Karunia Agatha (31) Alam semesta takon babagan kertu Kanggo papan sabanjure Abang, kuning, lan ijo Maju utawa muter Meneng, supaya kabeh mengaruhi eling Sing bener lan sing salah katon surem Cahya nyebar dadi peteng Manggonku ora duwe apresiasi Lan langkah-langkah sing awakmu cegah Mungkin leleh adoh Minangka salah sawijining cara sing paling apik Gubug Péncéng | 135

SESUK Dening : Salsabila Karunia Agatha (31) Dheweke sing kesel, dheweke sing nyekseni akeh banget Jagad sing bosen, manungsa terus ngucapake munafik Pilar lawas mau terus murko Nalika bumi wis rusak, kita wis maca Pegunungan lan katun miber Konten sing ilang, kita lali amarga wedi banget Pangapura wis ditutup Mung getun sing nggawe kita padha Yen ing kana srengenge lali orbit Tembung pangapunten wis ora migunani maneh 136 | Gubug Péncéng

PUNGKASAN Dening : Salsabila Karunia Agatha (31) Kanggo wektu iki, bisa uga kabeh ora bakal dibaleni maneh Ngemis, dhengkul ora mlengkung kanggo wayahe mbesuk Yaiku perkara pungkasan sing di bagi dadi loro Nuwun sewu aku ora bisa menehi awakmu kabeh sanajan terus takon Kanthi sekarat aku ora bisa tresna maneh Kanthi sekarat aku ora bisa nglindhungi Mati, ora bakal bisa menehi wektu kanggo menehi Gubug Péncéng | 137

IBU Dening : Syifanza Najlasheva Daffarisky (32) Ibu.. Tresnomu karo aku Pengorbananmu kanggo aku Sabarmu karo aku Tanpo wates lan ora bisa tak bales Ibu.. Tanpamu aku ora bisa opo opo Tanpamu aku mung manungsa lemah Iki kabeh amarga dongamu Sing ora tau pedot kanggo aku Ibu.. Matur nuwun Pengorbananmu ora bakal tak lalino 138 | Gubug Péncéng

WIT IJO Dening : Syifanza Najlasheva Daffarisky (32) Biyen, kowe mesti ana ing ndi ndi Biyen, hawa sejuk amarga kowe Nanging, saiki kowe mulai ilang Hawa mulai panas lan ora seger maneh Biyen, kowe mesti ana saben aku buka mripat Biyen, kowe sing ngalangi banyu udan Nanging, saiki kowe mulai ilang Ora ana sing ngalangi udan maneh Oh.. Wit ijo.. Aku kangen anane kowe Gubug Péncéng | 139

RASA KANGEN Dening : Syifanza Najlasheva Daffarisky (32) Hawa adem wengi iki Angin sing smilir smilir Ngonconi aku ing wengi sepi Lungguh ndelok i langit-langit Sing disinari bulan purnama Lan kelap kelipe lintang-lintang Wengi sepi iki.. Nggawe aku kangen konco-koncoku Rasa kangen iki terus muncul Bayang-bayangmu ora bisa ilang Oh lintang.. Sampaino rasa kangenku 140 | Gubug Péncéng

TRESNA Dening : Tiffany Anindya Febriartha (33) Iki ana cerita Babagan wong loro Sing awale kanca Dadi tresna Kawitane rana rene bebarengan Ora kenal wayah yen dolanan Tetep bareng senajan kangelan Mergo ora gelem ana sing kelangan Gubug Péncéng | 141

ILMU Dening : Tiffany Anindya Febriartha (33) Kudu rekasa yen golek ilmu Yen kepingin mulya kudu sinau Urip iku terus mlaku,bebarengan karo wektu Sing bias gawa lakumu,supaya apik nasibmu Yen pada males ora kepingin mulya, ilinga Witing mulya jalaran saka rekasa Akeh manungsa sing gelem rekasa Nanging ilmune ora digunakno,malah di sia-sia 142 | Gubug Péncéng

CIDRO Dening : Tiffany Anindya Febriartha (33) Wong loro sing ana rasa Nanging gawene ngapusi ora gelem cerita Sing malah gawe kuciwa Pada-pada gawe ati lara Tresna jalaran saka kulino Sing jare ape bareng rekasa Nanging gawe eluh banyu mata Lan iso ajur yen ora ati-ati nggowo Ana watese yen merjuango Yen ngeluwehi wates iso gawe lara Yen wis ora tresna ojo dipeksa Sing ana malah gawe cidro Gubug Péncéng | 143

KAENDAHAN ALAM Dening : Widhia Rahma Surya Pratiwi (34) Alamku... Tak sawang kiwa lan tengenku Akeh tetanduran kang ijo royo-royo Seger lan asri sing tak rasa Kabeh iki awujud ciptane Pangeran Nyiptakake tanpa itung-itungan Marang kaendahan isine ing bumi Kudu dijaga kanthi lestari 144 | Gubug Péncéng

APIKE ALAM Dening : Widhia Rahma Surya Pratiwi (34) Ayem tentrem pikirku Nyawang sing ono ngarep mripatku Ora ana pikiran ngelu lan lesu Penggalihku ngucap sukur marang ciptane pangeranku Awak iki mung bisa njaga Kudu bisa ngelestarikake Ojo ngrusak tanpa sebab Yen ora gelem kena azab Gubug Péncéng | 145

SYUKUR NIKMAT Dening : Widhia Rahma Surya Pratiwi (34) Bumi sing tak ideki Udara seger sing tak nggo ambekan Wit-witan anggone kebutuhan Lan iso nggawe perlindungan Kabeh ora ana digawe tanpa alasan Kabeh ana merga tujuwan Pangeran kang paring kamurahan Nyediani apa kang dadi kebutuhan Ojo pisan-pisan duweni niatan kang ala Merga ala mu iso dadi makimu dewe 146 | Gubug Péncéng

YOGYAKARTA Dening : Yogi Dwi Muriyanto (35) Yogyakarta salah sawijing kuto ing tlatah jowo Rupamu elok dipandang moto Nng kono ugo ono wisata alam lan wisata edukasi Alammu kang endah ning moto Wisata alammu ora ono entek e Ono pante lan lia-lia ne Gudeg kang dadi ciri khas e Lan bakpia kang dadi oleh oleh e Gubug Péncéng | 147

SEKOLAHKU Dening : Yogi Dwi Muriyanto (35) Sekolahku.... Panggonan kanggo golek ilmu Diwulang marang bapak ibu guru Ndadikne aku wong berilmu Sekolahku... Panggon sinau moco buku Panggonan bapak ibu guru menehi Ilmu Didakne aku manungso kang berilmu Kanggo masa depan uripku 148 | Gubug Péncéng

GURU Dening : Yogi Dwi Muriyanto (35) Guru Manungso kang digugu lan ditiru Sifatmu kang sabar lan ora tau nesu Sifatmu kang nyenengne ati Menehi ilmu kanti teliti Guru Ora tau ngerso suntuk Supoyo muridmu ora ketubruk Guru manungso kang berjasa kanggo uripku Selawase nganti metuk i pati Gubug Péncéng | 149

NEGERI LUCU Dening : Yonanda Fahma Hardian (36) Negara ingkang kawula banggaken Urip lair batin kawula abdi kangge negara Wong cilik babu ing negerine dhewe Jabatan,kuwasa,pangkat mung simbol formal pemerintah Rakyat bak semut ing jajaran singa semprul Lucune negeriku... Negara ingkang kawula cintai Wahai sirah sirah pemerintah bak bayi lair Sikilmu butuh pangan Ora mung janji palsu omonganmu Mentala anak bojo nguntal haram Nanging awak dewe bisa apa? 150 | Gubug Péncéng


Like this book? You can publish your book online for free in a few minutes!
Create your own flipbook