Important Announcement
PubHTML5 Scheduled Server Maintenance on (GMT) Sunday, June 26th, 2:00 am - 8:00 am.
PubHTML5 site will be inoperative during the times indicated!

Home Explore Salinan dari Krem Ilustrasi To Do List Poster

Salinan dari Krem Ilustrasi To Do List Poster

Published by desti fitriyani, 2022-12-07 09:41:58

Description: Salinan dari Krem Ilustrasi To Do List Poster

Search

Read the Text Version

A. Pangretosan Unggah-Ungguh 1. Kanthi Etimologi Miturut basa unggah-ungguh inggih menika gabungan saking kalih tembung yaiku unggah lan ungguh. Wonten ing kamus basa Jawa tembung unggah tegesipun sami kaliyan tembung munggah ingkang artosipun minggah. Pramila tiang Jawi anggenipun ngurmati/ngajeni tiyang sanes adhedasar kalenggahan utawi derajat ingkang langkung inggil. Menawi ungguh kanthi tingkat basa Jawa ngoko tegesipun pantes/trep kaliyan sipat-sipatipun. Tiyang Jawi anggenipun ngurmati/ngajeni tiyang sanes kedah nggatosaken kahanan lan boten pareng sembrana, supados tingkah lakunipun trep, pantes lan boten ganggu tiyang sanes. Menawi dipungabungaken tembung unggah-ungguh tegesipun sopan santun, basa basi utawi tata krama. Menika nggambaraken menawi tiyang Jawi anggengatipun bergaul ing masyarakat kedhah nggatosaken sopan santun lan tata kramanipun. 2. Kanthi Terminologi Miturut Franz Magnis Suseno, unggah-ungguh identik kaliyan prinsip kurmat inggih menika prinsip menawi tiyang Jawi wicanten/ngandika kedah nunjukaken sikap kurmat kaliyan tiyang sanes, sesuai derajat lan kalenggahanipun.

Tiyang Jawi anggenipun ngaruh-aruhi tiyang sanes ngginakaken basa kaluwarga lan ngginakaken basa krama ingkang wonten kalih tingkatan utami ingkang benten antawis perkataan lan gramatika, inggih menika krama kangge bentuk pakurmatan lan ngoko kangge bentuk keakraban, krama inggil kangge bentuk pakurmatan ingkang inggil piyambak. Tatanan ngoko-krama gadhahi fungsi kangge ngatur interaksi langsung wonten ing jawi lingkungan kaluwarga lan lingkungan kanca-kanca akrabipun. Tatanan krama sesambetanipun kaliyan obahing awak, urutan palenggahan, isi lan bentuk wicantenanipun. Miturut S. Soemiati Soetjipto negesi unggah-ungguh menika pola tingkah lakuipun manungsa/tiyang ingkang beradap, lan ngartosaken sami kaliyan istilah sopan santun, inggih menika peradapan lahiriah ingkang ngewrat tindakan manungsa ingkang medal saking kasadaranipun. Ing salebeting bukunipun Clifford Geertz kanthi irah-irahan abangan santri dan priyayi, unggah-ungguh ugi dipunsebat andap-asor inggih menika satunggaling sikap ngandapanken dhiri kanthi sopan lan menika kelakuan ingkang leres ingkang kedah dipuntunjukaken kaliyan tiyang ingkan derajatipun sami utawi langkung inggil.

Maryono Dwiraharjo ngartosanken unggah-ungguh sebagai berikut: unggah-ungguh inggih menika tingkah laku berbahasa miturut adat sopan santun masyarakat ingkang menyatakan raos kurmat dhumateng/marang tiyang sanes. Saking pangretosan-pangretosan ing inggil saget dipunsimpulaken tegesipun unggah-ungguh inggih menika sikap ingkang ditunjukaken tiyang Jawi nalika membawa diri nalika wonten ing masyarakat ingkang kedah nggatosaken ucapan utawi basa lan tingkah laku kangge paring pakurmatan dhumateng/marang tiyang sanes kanthi nggatosaken derajat utawi yuswanipun, supados terwujud kauripan ingkang sae lan selaras.

B. Unggah-Ungguh ....... 1. Unggah-Ungguh lebeting Aspek Basa (Berbahasa) Ing salebeting unggah-ungguh utawi sopan santun berbahasa tiyang Jawi ngginakaken basa ingkang trep. Lebeting basa Jawa, wonten tingkatan pokok kangge landasan nerapaken leresipun panganggene basa. Tingkatanipun inggih menika basa Jawa ngoko, madya lan krama. Ngoko inggih menika tingkatan kesopanan berbahasa ingkang andhap piyambak ingkang dipunginakaken raja dhumateng/marang rakyat biasa utawi priyayi dhumateng/marang wong cilik, saged ugi tiyang sepuh dhumaten/marang tiyang enem. Tingkatan ingkang langkung inggih saking ngoko inggih menika madya, yaiku tingkatan kesopanan berbahasa tingkat menengah. Tingkatan madya menika limrahipun dipunginakakeb dening ingkang kalenggahanipun sami utawi yuswanipun sepantaran. Tingkat ingkang saklajengipun inggih menika krama, yaiku tingkatan kesopanan berbahasa ingkang inggil piyambak. Lumrahipun dipunginakaken dening rakyat biasa dhumateng/marang raja utawi pejabat-pejabat kerajaan utawi tiyang enem dhumateng/marang tiyang ingkang langkung sepuh lan kangge basa ungkapan sikap kurmat.

Saklajengipun dipuntambah ingkang trep kaliyan tingkatanipun inggih menika krama inggil, ingakng ngengingi pribadi, tindakan-tindakan lan beberapa benda ingkang erat sanget sesambetanipun kaliyan pribadi manungsa sarta ngungkapaken sikap kurmat ingkat inggil sanget, lan ingkang dikombinasikan baik kaliyan basa krama ugi basa ngoko. Saengga, panganggenenipun basa Jawa mengandaikan kalenggahan sosial piyambak-piyambak. Kalenggah (status) dipuntingali saking kasugihan, katurunan, pendidikan, pagawean, yuswa, kekeluargaan lan kebangsaan. 2. Unggah-Ungguh Lebeting Aspek Pergaulan Kejawi wicantenan lan panganggenan basa ingkang leres, tiyang Jawi ugi kedah kurmat utawi andap-asor. Pola andap-asor madeg saking sedaya macem lampahan kados berkhidmat, amargi tiyang Jawi ngartosaken metafora kanthi saestu, mengasosiasikan inggilipun kanthi kalenggahan yangkang inggil. Kagem tiyang Jawi pengembangan sikap moral ingkang leres inggih menika perkawis pangretosan ingkang leres. Tiyang Jawi tansah mangertosi dhiri lan boten egois pados kepuasan piyambak lan nuruti hawa nafsuipun.

Seandainya hal ini terjadi pada orang Jawa, tidak berarti ia melanggar moral, akan tetapi dianggapbersikap kasar, semacamini patut disayangkan. Karena masyarakat Jawa menganggap orang yang demikian disebut durung Jawa (belum menjawa), durung ngerti (belum mengerti) atau durung dadi wong (belum jadi orang).10 Demikian juga sebaliknya, apabila orang Jawa yang sudah belajar dan berlatih, sehingga tidak kaku dalam bergaul dan bertutur kata serta mampu menempati tempat yang tepat, maka orangtersebut dapat disebutorang Jawa yang tulen.

C. Perkembangan Unggah- Ungguh Basa Ing dhasaripun ngoko-krama ngalami perkembangan lan perubahan. Kaitanipun kaliyan kewatesanipun literatur ingkang medhar medalipun tataran ngoko-krama, leresipun boten kathah literatur ingkang nyerat kalkanthi sistematis ngengingi kronologis medalipun ngoko-krama. Rikala warsa 1500 M dereng katingal unggah-ungguhing basa utawi tataran ngoko-krama lan nembe katingan saksampunipun warsa 1600 M. Ing mangsa kasebat ing Jawa menika rezim Mataran. Saengga saged dipunsebat menawi medalipun unggah-ungguhing basa menika ing mangsa kerajaan Mataram.

D. Landasan Medalipun Unggah-Ungguh Basa Kabudayan Hindu-Budha saking India gadhahi pengaruh ing Tanah Jawa. Salah satunggalipun inggih menika basa Sansekerta. Basa Sansekerta menika gadhahi pengaruh dening perkembangan sastra Jawa Kuna. Nanging kejayaan Hindu-Budha susut saksampunipun kekuasaan kerajaan Majapahit kapungkur. Wonten ing masyarakat Jawa Kuna, ingkang terpengaruh kabudayan Hindu-Budha unggah-ungguhing basa dereng katingal. Perkembangan Islam di Jawa kedadean rikala abad kaping 16, kadosta Demak lan Pajang. Ananging rikala abad kaping 17 gantos dados kabupaten yang dibawahkan Mataram. Sasampunipun Mataram berkembang dados negara lan modelipun inggih menika Demak, wontening masa menika Mataram ngembangaken kabudayan kagem kepentingan politikipun. Anangin Demak lan Pajang boten manfaataken sastra inggih menika basa kangge mencapai tujuan pilitikipun. Para pujangga keraton boten namung manfaataken karya sastra ingkang dipunserat anangin ugi kekuasaanipun.

Faktanipun saged dipuntingali rikala tumbuhnya kerajaan Islam. Kangge tanda pakurmatan mereka menyembah para wali, ingkang saged dipuntingali saking sikap saha tutur katanipun. Para raja ngginaaken basa krama, manawi para wali ngginaaken basa ngoko. Annanging wiwit jaman Sultan Agung, sikap raja Mataram berubah kapingin menundukkan para wali kanthi cara ngirimaken penyerangan dhateng Giri rikalatahun 1635, salajengipun dipun hancuraken dening Mangku Rat II rikala taun 1680. Tataran basa ingkang dipunginaaken berubah. Kados pacelathon antawis Mangkurat II kaliyan Panembahan Natapraja (Adilangu) keturunan Kalijaga. Kekalihanipun ngginaaken basa krama, ananging Mangkurat II ngginaaken basa krama inggil lan Panembahan Nata Praja ingkang dipunangkat dados sesepuh Mataran ngginakaken krama andhap.

E. Ragam Unggah-Ungguh lebeting Sikap lan Tindakan Unggah-Ungguh lebeting Kaluwarga Kaluwarga bagian terkecilwontening masyarakat. Lebeting kaluwarga wonten bapak, ibu, lan para putra. Tiyang sepuh gadhahi peran supados para putra gadhagi sikap isin, wedi, lan sungkan. Putra kedhah wedi kaliyan tiyang sepuh amargi manawi boten wedi menika dipunanggep boten sopan, kados slogan menika “wong cilik wani wong tuwa bakal cilaka”. Unggah-Ungguh Dhateng Tiyang Sanes a. Dhumateng tiyang ingkang gadhahi kalenggahan Kalenggahan ingkang dipunmaksud inggih menika kados raja lan tiyang ingkang penting wonten lebeting kraton, pemimpin negara lan para mentri, lan sapiturutipun. b. Dhumateng Tiyang ingkang Langkung Sepuh Tiyang ingkang langkung sepuh inggih menika kados simbah, bapak, ibu, pakdhe, budhe, saha sanesipun. Dhumateng tiyang ingkang langkung sepuh biasanipun tiyang Jawi ngginakaken basa krama saha krama inggil kagem wicantenan. Tiyang Jawi anggenipun menyapa tiyang sanes ngginakaken istilah bsa kaluwarga. Kados ta kang, paklik, pakdhe, mbah, mbakyu, bulik, budhe, saha sanesipun. Menika dipunginakaken kangge rasa kurmat.

c. Dhumateng Tiyang Asing Tiyang asing ingkang dipunmaksud inggih menikatiyang ingkang dereng dipuntepang. Biasanipun tiyang Jawi ngginakaken ukara ingkang trep dhumateng tiyang asing. Wonten ugi ingkang nginakaken basa krama dhumaten tiyang asing ingkang langkung enem lan ngginakaken krama inggil dhumateng tiyang asing ingkang langkung sepuh. d. Dhumateng Tiyang ingkang Sepadan utawi Sederajat Kanthi migatosaken aturan kasar-alusing basa, dhumateng tiyang ingkang gadhahi kalenggahan, pemimpin, lan tiyang ingkang langkung sepuh saha tiyang sanes, tiyang Jawi ngginakaken basa ingkang alus, ananging dhumateng tiyang ingkang sepadan ngginakaken basa ngoko. Anangin wonten ugi tiyang ingkang gadhahi kalenggahan terhormat ingkang ngginakaken krama utawi krama inggil. Kados raja kaliyan raja, duwuran kaliyan duwuran, lan sapiturutipun. Ananging dhumateng tiyang sanes ingkang ingkang sepadan utawi sederajat ananging dereng tepang nginakaken basa krama ugi krama inggil. Tiyang Jawi ingkang sepadan, sederajat lan sampun akran kathahipun nginakaken tataran basa ngoko. Tegesipun boten ngesampingaken unggah- ungguh, ananging kanthi basa ngoko sampun dipunanggep ngurmati. Biasanipun dipunginakaken tiyang enem, rakyat biasa, lan sanesipun. Kados tuladhanipun “kowe arep neng endi?” utawi “Sampeyan arep neng endi?”.

e. Dhumateng Tiyang ingkang Langkung Enem Kathahipun tiyang ingkang langkung sepuh ngginakaken basa ngoko utawi krama madya dhumateng tiyang ingkang langkung enem. Tiyang ingkang langkung sepuh ngginakaken basa ngoko dhumateng tiyang ingkang langkung enem, menawi sampun akrab utawi gadhah hubungan darah. Menawi tiyang ingkang langkung enem dereng akrab tiyang ingkang ▪︎langkung sepuh biasanipun ngginakaken basa Jawa krama madya. Unggah-ungguh dhateng Gusti Wong Jawa iku masyarakat ingkang gadhahi keyakinan, wiwit jaman biyen tiyang Jawi sampun gadhahi keyakinan animisme lan dinamisme. Kanthi keyakinan menika tiyang Jawi nganggep menawi wontenipun kekuatan gaib ing jawi kekiyatanipun satunggaling tiyang. Keyakinan tiyang Jawi dhumateng wontenipun ruh wontening salebetipun barang, dipunsebat animisme, menawi dinamisme inggih menika kayakinan dhumateng benda hidup utawi benda mati gadhahi kekuatan gaib. Kangge paring pakurmatan dhumateng Tuhan ingkang dipunyakini tiyang Jawi ngawontenaken upacara lan ritual tartamtu. Tujuwanipun supados tenang lan dipunlindungi para ruh saha kekiyatan gaib ingkang dipunanggep Tuhan.

Panganggening basa: 1. Ngoko Lugu Sampun kulinten dipunginakaken kangge: a. Tiyang sepuh marang putra b. Guru marang murid c. Kanca marang kanca ingkang sampun raket d. Pejabat dhateng ingkang dipun paringi dhawuh e. Micara ing sadaleme manah Tuladha ukara: ¤ Aku lagi maca bausastra. ¤ Mas Wahyu sinau basa Jawa. ¤ Adhiku lagi mangan bakso. 2. Ngoko Alus Sampun kulinten dipunginakaken kangge: a. Tiyang sepuh marang tiyang ingkang langkung enem ingkang prelu dipunajeni. b. Tiyang enem marang tiyang ingkang langkung sepuh. c. Ngurmati tiyang ingkang dipun ginemaken (orang ke-3) Tuladha ukara: ¤ Mas Hendi lagi sare. ¤ Daleme Pak Camat adoh banget. ¤ Bukune diasta Mbak Rara.

3. Krama Lugu Sampun kulinten dipunginakaken kangge: a. Mbahasakake awake dhewe b. Tiyang sepuh marang tiyang enem sing pangkate luwih dhuwur. c. Tiyang ingkang nembe pitepangan. d. Bos dhateng karyawan Tuladha ukara : ¤ Bu Mawar nembe sakit. ¤ Pak Warno sampun tilem. ¤ Pak Indra nembe nedha. 4. Krama Alus Sampun kulinten dipunginakaken kangge: a. Kangge ngurmati tiyang sanes. b. Tiyang enem marang tiyang ingkang langsung sepuh. c. Karyawan dhateng bos d. Murid marang guru. e. Rencang marang bendaranipun f. Kanca ingkang dereng raket. Tuladha ukara: ¤ Simbah nembe gerah. ¤ Budhe Indah sampun sare. ¤ Ibu nembe dhahar.


Like this book? You can publish your book online for free in a few minutes!
Create your own flipbook