Important Announcement
PubHTML5 Scheduled Server Maintenance on (GMT) Sunday, June 26th, 2:00 am - 8:00 am.
PubHTML5 site will be inoperative during the times indicated!

Home Explore Bahan Ajar Upacara Adat

Bahan Ajar Upacara Adat

Published by kharisma pratidina, 2022-11-13 16:41:21

Description: Bahan Ajar Upacara Adat dan Busana manten gagrag ngayogyakarta

Keywords: busana manten gagrag ngayogykarta

Search

Read the Text Version

Sumber : google BAHAN AJAR Upacara Adat Jawa Manten Gagrag Ngayogyakarta Dening : Kharisma Pratidina

Satuan Pendidikan BAHAN AJAR Kelas Mata Pelajaran UPACARA ADAT MANTEN Guru Pengampu GAGRAG NGAYOGYAKARTA Materi : SMK Hamong Putera : XII / 1 : Bahasa Jawa : Kharisma Pratidina : Upacara Adat Jawa Kompetensi Dasar 3.4.1 Indikator Pencapaian Pengetahuan 3.4.2 Menganalisis urutan tahapan dalam prosesi 3.4 Memahami prosesi upacara 3.4.3 upacara adat Jawa manten gagrag Ngayogyakarta C4 adat Jawa Menyimpulkan amanat yang terkandung dalam setiap prosesi upacara adat manten gagrag Ngayogyakarta C4 Memerinci busana manten gagrag Yogya C4 Ketrampilan 4.4.1 Mengkritisi hasil temuan kelompok lain P5 4.4 Menyajikan Upacara Adat Manten dengan lisan maupun Pertemuan kedua tulis 4.4.2 Mempresentasikan makalah mengenai busana manten Yogya secara berkelompok P5 TUJUAN PEMBELAJARAN Pertemuan pertama Melalui kegiatan pembelajaran dengan pendekatan scientik, model pembelajaran Problem based learning, diskusi, tanya jawab a. Peserta didik dapat menganalisis urutan prosesi upacara adat manten gagrag Yogyakarta dengan cermat b. Menyimpulkan amanat yang terkandung dalam setiap prosesi upacara adat manten gaya yogya dengan teliti c. Setelah melakukan serangkaian kegiatan peserta didik dapat mengkritisi hasil temuan kelompok lain dengan penuh tanggung jawab. Pertemuan kedua Melalui kegiatan pembelajaran dengan pendekatan scientik, model pembelajaran Problem based learning, diskusi, tanya jawab a. peserta didik dapat merinci busana manten gagrag ngayogykarta dengan teliti b. peserta didik dapat menyajikan hasil makalah dan memberi saran peserta didik lain tanggung jawab

MATERI PEMEBELAJARAN  Faktual : Upacara Adat  Konseptual : Urutan Upacara Adat Manten Pakem Yogya  Prosedural : Memahami prosesi Upacara Adat Jawa, Tata urutan, Ubarampe, dan Ajaran Moral yang terkandung dalam Upacara adat manten gagrag Yogya.  Metakognitif : Mempresentasikan urutan dan mengambil ajaran moral dalam upacara Adat Jawa FASE 1 Identifikasi Masalah Materi Faktual UPACARA ADAT MANTEN GAGRAG YOGYA Wiwahan utawi manten inggih menika salah satunggal ing pagesangan. Wiwahan menika asring sinebat wiwitaning pagesangan manungsa. Andedhasar menika sakbibaripun masa bayi, enem-eneman, diwasa, salajengipun manungsa mlebet ing pagesangan enggal. Wonten ing ngandhap menika rantaman saking upacara adat manten gagrag ngayogyakarta. Salah satunggaling upacara wonten ing upacara wiwahaning penganten wonten upacara pasang tuwuhan ingkang kawastanan upacara Pasang Tarub. Upacara Pasang Tarub katindakaken sedinten saderengipun Upacara Dhaup (Ijab Kabul). Upacara Pasang Tarub inggih menika upacara pasang tetuwuhan sarta janur kuning minangka rerenggan papaning pawiwahan. Limrahipun pasang Tarub katindakaken sareng kaliyan upacara Siaraman. Adicara siraman awujud nyirami utawi ngedusi calon penganten. ancasipun, supados calon pengantin resik lair lan batosipun. Urutaning Upacara Pasang Tarub lan Siraman Adat Yogyakarta inggih menika : 1) Pasang tarub/bleketepe 2) Ngabekten Jangkepipun katrangan wonten ing 3) Ngracik toya Bit.ly/BAUManten22 (klik utawi search) 4) Ngintun toya perwita adi 5) Siraman 6) Sesuci (wudlu; tumrap ingkang ngrasuk agami Islam) 7) Pecah pamor (kendhi) Wondene ubarampe ing salebetipun inggih menika gb. pasang bleketepe 1) Sanggan 2) Tumpeng robyong 3) Tumpeng gundhul 4) Tumpeng megana 5) Sekul liwet 6) Jajan pasar

7) Rujak degan gb. ubarampe 8) Brokohan 9) Ketan manca warna 10) Pisang ayu 11) Sekar pari 12) Toya tempuran 13) Damar/diyan 14) Tempe mentah 15) Sajen bucalan FASE 2 Mengorganisasikan Materi Konseptual Peserta Didik Wonten fase menika siswa saged ningali menapa kemawon ingkang dados konsep ing bahan ajar menika. Peserta didik saged diskusi kaliyan kanca ngengingi urutan ing salebetipun upacara adat manten pakem Yogya PANGERTO SAN makna PETA urutan KONSEP Ubarampe

FASE 3 Membimbing Materi Konseptual Penyelidikan Perangan rantaman acara ing upacara panggih 1. Sanggan Panebus Panggih Wonten ing acara menika, wakiling saking kulawarga kakung ngasta sanggan lumampah ing sangajengipun temanten kakung, samangkih dipuntingali pisangipun. Menika anggadhahi ancas bilih pisang raja ingkang rasa manis menika dados memanising bebrayan samangkih ugi saged dados panembus. Gb. Sanggan Sumber: google.jpg 2. Kepyok Kembar Mayang wonten acara menika wakil kulawarga ingkang sampun krama (adatipun putri) ngasta kembar mayang ingkang sampun karantam, posisinipun wonten ngajeng temanten putri, kembar mayang dados simbol kangge ngilangi sukerta. Gb. Kembar mayang Sumber : google.jpg 3. Balangan Gantal wonten tahapan menika temanten putri panggih kaliyan temanten kakung, salajengipun nindhakaken balang gantal. Gantal ingkang dipuncepengi dening temanten putri menika cacah 3, wondene ngkang kakung menika 2. Ancasipun ing acara menika supados temanten kekalihipun saged nembung ing dada, ingkang putri saged mendet ati ingkang kakung.

Gb. Cara balang gantal saha nyepeng gantal 4. Ramupada (membasuh kaki temanten kakung) Wonten ing tahapan menika, temanten putri mijiki sukunipun ingkang kakung, ancasipun ngabekti marang garwanipun samangkih menawi sampun balewisma (gb. Ramupada) Sumber : google 5. Wiji dadi (mecah antiga) Wonten ing perangan menika, temanten kakung nyempengi temanten putri tetulung anggenipun jumeneng saking ramupada. Salajengipun juru sumbaga menika nyepengi tigan ingkang dipun pecah wonten ngandhapipun. Menika anggadhahi teges bilih samangkih dipunparingi gampil anggenipun bebrayan pikanthuk momongan kanthi lancar dumugi babaran. Gb. Wiji dadi Sumber : google

6. Kirab;. Wonten fase menika penganten kekali lumampah tumuju dampar rinengga ingkang dipunwiwiti dening edan-edanan. Tari edan-edanan menika awujud temanten kekalih ananging dipunrias radi nyleneh, ngasta ubarampe sulak saha sapu kangge ngilangi sukerta ing pawiwahan ugi tumujuning bebrayan menika. Saged akses https://www.youtube.com/watch?v=WerN4WVkSkw supados mangertos kados pundi anggenipun nari Gb. Kirab saha edan-edanan Sumber : google 7. Tampa kaya Tahap menika inggih ngesokake ubarampe arupa kacang kawak, dhele kawak, jagung kawak, wos jenar (beras kuning) dan uang logam. Ingkang ngesok inggih temanten kakung lajeng dipuntadahi dening temanten putri, sabibaripun menika dipunbuntel, dipuncaosaken dening tiyang sepuhipun. Tahap menika anggadahi teges, bilih garwa kakung menika kedah tanggel jawab dumateng semahipun, wondene ugi kedah iklas caos nafkah kaliyan marasepuhipun. gb. Tampa kaya sumber : google

8. Dhahar klimah inggih menika dipunsamketakaken sego golong, ingkang lawuhipun ati ampela. Menika ingkang dhahar inggih temanten putri, temanten kakung namung ningali kemawon. Wondene menawi gagrag solo, menika ingkang kakung ndulang temanten putri. Dhahar klimah anggadhahi ancas bilih samangkih tiyang kakung menika pados rezeki dumateng tiyang putri, ingkang saged ngraosaken ugi tiyang putri, wondene pengraos tyang kakung kedah iklas saha rumesep. Gb. Nyamektakaken dhaharan. Sumber : google 9. Sungkeman, Wonten urutan menika kekalih temanten kedah sungkem dumateng tiyang sepuh, ateges dados bukti anggenipun ngabekti. Gb. Sungkem Sumber : Google

Perangan Busana Manten Gagrag Ngayogykarta Paes ageng Gb. Busana Paes Ageng Sumber : google Busana paes ageng ingakng langkung kathah dipunagem dening kulawarga keraton. Busana ingkang kakung ngginkaken kemben, jaja menika katingal saha kuluk kanigaran. Wondene ingkang puteri menika ngginakaken kampuh/dodot tanpa bludru, dipunpaes lacip awarni cemeng ing sirah. Paes Ageng Jangan Menir Busana paes ageng jangan menir menika ugi taksih asring dipunginakaken dening kulawarga keraton nalika boyongan. ananging samenika ugi masyarakat kathah ingkang ngginkaken busana menika supados langkung estetik anggenipun pahargyan. Menika memper kaliyan busana paes ageng ananging ingkang jangan menir ngginakaken rompi bludru.

Gb. Paes Ageng Jangan Menir Sumber : google Yogya Putri Busana ingkang kaping tiga inggih menika Yogya putri, busana menika dipunginakaken nalika sepasaran (5 dina sabibaripun upacara panggih). Busana menika ugi dipunginakaken putra-putri keraton nalika sowan gubernur.busana menika ngginkaken bahan bludru ananging cuntuk mentul namung 1 kemawon. Gb. Yogya Putri Sumber : google

Kesatrian Ageng Busana Kesatrian Ageng adatipun dipunginakaken putra-putri keraton nalika malam selikuran (tanggal 20 Maulud) ugi nalika acara resepsi saha tasyukuran. Busana ingkang ketingal sederhana menika ingkang putri ngginkaken sanggul tekuk saha cuntuk cacah 3. Wondene ingkang kakung ngginkaken surjan saha blangkon tanpa cupingan. Gb. Kesatrian Ageng Sumber : google Kesatrian Busana Kesatrian menika langkung sederhanan tinimbang ingkang kasatrian ageng. Busana menika dipunginakaken nalika resespsi utawi tasyukuran. Busana ingkang kalebet nonformal menika adatipun dipunginakaken masyarakat kangge boyongan. Wujud paes sami kaliyan paes ageng ananging dipuntambah ronce sekar melati. Gb. Kesatrian Sumber: google

FASE 4 Mengembangkan dan Materi Prosedural menyajikan hasil Siswa saged ningali tuladha urutaning upacara adat manten gagrag ngayogyakarta ing youtube Pasang bleketepe : https://www.youtube.com/watch?v=k9IfbvRTDgA ; Panggih : https://www.youtube.com/watch?v=9i05_BtFO58 FASE 5 Mengevaluasi dan Analisis metakognitif Menawi sampun mangertos urutan saha maknanipun saben urutan adat manten gagrag ngayogya, siswa saged analisis wonten ing perangan LKPD DUDUTAN Saking menika saged dipundudut bilih upacara adat manten menika saben laladan beda- beda. Wondene bedhanipun boten namung wonten urutan ananging ugi wonten busananipun. Wonten ing bahan ajar menika kaandharaken urutan saha busana ing upacara adat manten gagrag Ngayogyakarta. Urutan prosesi upacara manten gagrag ngayogyakarta mliginipun ing panggih inggih menika : pisang sanggan, kepyok kembar mayang, balang gantal, ramupada, wijidadi, kirab, tampa kaya, dhahar klimah, sungkeman Wondene busana manten gagrag ngayogyakarta kaperang dados gangsal : paes ageng, paes ageng jangan menir, yogya putri, kesatrian ageng, kesatria KAPUSTAKAN Astutiningsih, dewi. 2018. Kawuryan Gladhen Basa Jawa Kelas XII. Klaten: CV Sinar Pengetahuan Setya Amrih Prasaja, S.S dan Umi Kuntari, S.S. 2017. Wibawa wiyata basa Jawa. Yogyakarta: DIKPORA Suwarna. Tata upacara dan wicara Pengantin Gaya Yogya. Yogyakarta: Kanisius Saadah, L. N., & Suhartini, R. (2020). Penerapan Video Tutorial Materi Busana Pengantin Berbasis Website. Jurnal Tata Busana, 9(2). Despa, S. (2013). Analisis Deskriptif Makna Simbol-Simbol Dalam Upacara Pernikahan Agung Kraton Yogyakarta (Doctoral Dissertation, Upn''veteran''yogyakarta). https://disbud.kulonprogokab.go.id/detil/511/upacara-panggih-pengantin-dalam-rangka-gsby-tahun-2022 www.rismap.blogspot.com www.sastra.org/Leskikon https://dunianyamaya.wordpress.com/2008/04/30/makna-simbolik-dalam-upacara-panggih-adat- yogyakarta/


Like this book? You can publish your book online for free in a few minutes!
Create your own flipbook