BAHAN AJAR PAWARTA BASA JAWA Satuan Pendidikan : SMK Hamong Putera Kelas :X/1 Mata Pelajaran : Bahasa Jawa Guru Pengampu : Kharisma Pratidina Materi : Berita Berbahasa Jawa Kompetensi Dasar KOMPETENSI DASAR 3.4. Memahami dan Indikator Pencapaian menganalisis berita yang Pertemuan 1 3.4.1 Menelaah struktur teks Berita berbahasa Jawa (C4) dibacakan atau melalui 3.4.2 Menganalisis 5W+1H dalam teks pawarta 3.4.3 Menyimpulkan ajaran moral yang terkandung dalam berbagai media teks berita berbahasa Jawa C5 4.4. Menyajikan berita 4.4.1 memberi saran hasil analisis peserta didik lain 4.4.2 Menyajikan Berita berbahasa Jawa P5 berbahasa Jawa dengan lisan maupun tulis TUJUAN PEMBELAJARAN 1. Melalui kegiatan pembelajaran dengan pendekatan scientifik, model pembelajaran Problem Base Learning, diskusi, tanya jawab menelaah struktur teks Berita berbahasa Jawa, menganalisis 5W+1H dalam video Berita Berbahasa Jawa, menyimpulkan ajaran moral yang terkandung di dalam berita berbahasa Jawa (C5) 2. Setelah melakukan serangkaian kegiatan peserta didik dapat mengkritisi dan Menyajikan teks Berita Berbahasa Jawa (P5) MATERI PEMBELAJARAN Faktual : Berita Berbahasa Jawa Konseptual : Membuat dan menyajikan berita berbahasa Jawa Prosedural : Memahami berita berbahasa Jawa, struktur, ajaran moral, serta Membaca Berita Berbahasa Jawa Metakognitif : Membaca Berita Berbahasa Jawa dengan memperhatikan wiraga, wirawa, wiraswara dan wirasa
FASE I Identifikasi Masalah MATERI FAKTUAL PANGERTOSAN PAWARTA Hakikat Berita Berbahasa Jawa Teks minangka prastawa atur kanthi paugeran kohesi, koherensi,intensionalitas akseptabilitas, informativitas, situasionalitas, intertekstualitas (de Beaugrande dan dressler, 1981) Ragam analisis teks berita inggih menika Analisis isi kuantitatif.semiotik, wacana, framing. Tujuan analisis teks berita inggih menika kangge mangertosi isi (content) menapa ingkang kaemot ing salebetipun isi dokumen. Ingkang dipunanalisis inggih menika dokumen cetak ugi visual (surat kabar, radio, televisi, grafiti, iklan, film, surat pribadi, buku, kitab suci, lan selebaran). Pawarta inggih punika kabar ngèngingi kadadosan ingkang sampun kelampahan, saged awujud cetak, elektronik , utawi lisan Unsur Nilai (Ajining) pawarta miturut wos pawarta kaperang dados : Dredah/konflik pawarta medhar gagasan, idé utawi Kemajengan Wigati gagasan Caket rasa pangrasa pawarta ékonomi Jarak geografis pawarta politik Wigati pawarta panglipur ,lan Rasa kamanungsan merbawani sapanunggilanipun Sumber : (www.infojawa.org,2005:2-3) Titikanipun pawarta Aktual : tansah wonten pawarta énggal Faktual : pawarta ingkang trep kaliyan kedadosan saéstunipun. Objektif : pawarta ingkang kaaturaken kanthi adil. Publisitas : katujokaken kagem masyarakat umum Sumber pawarta primèr/langsung, kanthi ngutus reporter kanggè pados pawarta lelampahan ing madyaning masyarakat, kanthi wawancara.
sekunder/boten langsung, saged kaundhuh ing: Materi Konseptual a. mèdia cetak (kalawarti lan ariwarti), b. media elèktronik (televisi, internet), c. giyaran pawarta saking pamarintah/swasta, d. network/jaringan mawi kantor pawarta , e. masyarakat. (Sumber : Masduki,2001:14-15) FASE 2 Mengorganisasikan Peserta Didik PANGERTOSAN Nilai Titikan PETA KONSEP PAWARTA WUJUDIPUN NYERAT & MAOS Wonten fase menika, para siswa dipundawui damel kelompok kangge analisis miturut ancas ing wulangan menika
FASE 3 membimbing analisis kerja individu dan kelompok •Materi Prosedural WUJUDIPUN PAWARTA Pawarta Radio pawartos ingkang kaserat, pawartos cekak saking sumber mèdia sanès lajeng kaserat malih. Liputan rèporter ingkang tèksipun dipunolah ing studio. Hard news punika pawartos enggal saha wigati ingkang nembè mawon kalampahan. Pawartos enggal mratélaaken bab konflik ingkang damel pangaribawaning raos kadosta pawartos paprangan, gara-gara/ ontran-ontran Soft news punika pawartos ingkang sipatipun palapuran kadadosan tanpa kaiket wekdal, langkung nengenaken aspèk kamanungsan, tindak-tanduk, saha papan panggènan ingkang narik kawigatosan. Soft news saged ngemot kedadosan/lelampahan ajeg, kadosta pawartos seminar, ritual budaya, wisudhan/pelantikan pejabat Indept news punika pawartos ingkang suraosipun sakalangkung lebet, saged wujudaken kanthi wujud feature, nanging saged ugi pawartos seselan kanthi sarat, suraosipun ngemu lampahing panaliten dateng satunggalipun kadadosan/lelampahan Kedah dipungatosaken Panyeratan tanda waosan ing naskah pawarta . tanda waosan naskah pawarta radio, inggih punika tanda koma ( , ) dipungantos ( / ). Tanda titik ( . ) kagantos tanda (//). Menawi pungkasaning naskah berita migunaaken tanda (///) angka lan cekakan. (Kapethik saking warni-warni sumber)
Tuladha Teks Berita (Salam Pambuka) Assalamualaikum Wr.Wb Sugeng enjing (Pambuka) Para Pamirsa pepanggihan malih wonten ing pawarta basa Jawi Kawaosaken dening dening Roro Sunyi Keris (Isi Pawarta ) Keris, duwung utawi curiga saged ampuh mboten namung amargi dipundamel saking unsuripun wesi waja,nikel kadangkala dipuncampur unsuripun sela meteorid ingkang dhawah saking angkasa, nanging ugi cara damelipun dipunkantheni,lampah tirakat dening Empu ingkang damel keris kanthi panyuwunan tartamtu dhumateng Gusti Ingkang Maha Kuwaos. Saengga keris nggadhahi kekiyatan magis ingkang saged ngedalaken pangaribawa supados mengsah ajrih lajeng nungkul. Keris ingkang dipunagem minangka rerenggan jangkepipun ageman temanten kakung khas Jawa. Keris kalawau rinengga kanthi sekar sinebat “Kolong Keris” nggadhahi makna supados tiyang sampun ngantos nggadhahi watek brangasan,sesongaran,sewenang-wenang,kumalungkung utawi adigang, adigung, adiguna. Para Pamirsa,sutresna budaya. (Panutup) Para Pamirsa, Sinartan purnaning waosan teks pawarta basa Jawi mugia tetep manunggal wonten ing Radio Teladan FM.10 kanthi sesarengan mirengaken acara salajengipun inggih menika ”Giyaran Kethoprak Mataram.”Sugeng midhangetaken sarta nuwun (Salam Panutup) Sugeng Enjing Wassalamualaikum Wr.Wb. Saged akses tuladha pawarta sanes ing blog punika rismap.blogspot.com Pawarta menika kedah ngandhut unsur inggih menika 5w+1h, 5w+1h ing salebetipun pawarta inggih kados mekaten : what => menapa who => sinten when => kapan where => wonten pundi why => kenging menapa How => kadospundi
Saking unsur-unsur menika, saged mangretosi kwalitas saking pawarta, saha dados dhasaran kangge nyerat pawarta. Ing perangan menika para siswa saged analisis unsur ing salebetipun pawarta Fase 4 Meyajikan hasil kerja kelompok maupun individu Materi Metakognitif MAOS PAWARTA Ingkang Kedah dipungatosaken rikala maos pawarta intonasi kedah pas (nggatosaken koma saha titik, ugi tandha sanèsipun); pakecapan trep kaliyan artikulasipun; volume utawi lirih soraning swanten kajumbuhaken kaliyan kahanan; sasaged-sagedipun nyingkiri dhialek, kajawi kanggé pawarta ing TV lokal; paningalipun sasaged-sagedipun katujokaken dhateng pamirsa; Wicaranipun utawi pangucapipun: • Andhap inggil pocapan: tembung, ukara (intonasi/ketepatan nada) • Nganggé sela (durasi/pemenggalan) • Cepet-alonipun anggenipun micara (tempo/cepat-alon) • Nggatosaken tembung-tembung ingkang wigati tumrap surasaning pawarta (aksentuasi/tepat penekanan) • Bener lan pener anggenipun ngucapaken konsonan, pakecapan, tembung andhahan, ukara pakon/pitakonan, lan sapanunggilanipun kasebat artikulasi. Wirasanipun (capability) • Nedahaken minangka paraga ingkang pinter, mumpuni ing kawruh • Mangertosi swasana • Pamaosipun cetha, boten grusa-grusu • Mangertosi surasaning pawarta • Mangertosi paramasastra Wiraganipun utawi polatanipun • Sumèh • Asring mèsem • Sumanak, nyumadulur • Resep
Tuladha teks pawarta radio Judul (Irah-irahan) : Dhaharan Tradisional wiwit Langka Dinten/Tgl/Jdl/Gambar : Rebo/9 September 2015/ Dhaharan Tradisional ing Kantin Sekolah Opening (Pambuka) Sugeng siyang pamirsa / Pepanggihan malih kaliyan kula Salma Latifa/saha kanca kula Utami Dwi Suryaningputri/Ing Pawarta Wibawa// Edisi Rebo/ sanga Sèptèmber/ kalih èwu gangsal welas// Kagem ngaturaken pawarta / ingkang paling aktual/ tajem/ lan pinitados// ingkang dipunrangkum dening tim redaksi/ Pawarta Wibawa // Content(Isi) Pawarta 1: Orator Dhaharan tradisional ing Sekolah-sekolah Yogyakarta/ sakedhik mbaka sakedhik wiwit kagusur dening dhaharan modhèren//Para bakul dhaharan tradisional ing peken wiwit langka/Ibu Suparti minangka juragan dhaharan tradisional ing Kitha Yogyakarta/ wiwit nyuda produksi dhaharan tradisionalipun amargi sudaning pamundhutan saking para bakul dhaharan tradisional ing wanci sapunika//Para bakul dhaharan tradisional sapunika /kanggénuruti panyuwunan pasar/ wiwit ewah dados bakulan dhaharan modhèren kadosta sawernaning roti basah/// Tayangan ing Kantin SMA Merdeka NARASI PAWARTA 1 Ibu Suparti minangka juragan dhaharan tradisional/ wiwit tahun 1980 sampun damel manéka dhaharan tradisional// Dhaharan tradisional produksi Ibu Suparti/ugi dipuntitip-titipaken wonten ing kantin sekolah-sekolah// Ananging produksi dhaharan tradisional Ibu Suparti sangsaya dangu sangsaya kirang pandhemenipun/mliginipun laré sekolah/amargi laré sekolah langkung remen dhaharanmodhèren// Ngayogyakarta minangka kitha pendidikan lan pariwisata gadhah kathah sanget dhaharan tradhisional/tuladhanipungathot/thiwul/kipo/kembangwaru/cenil/geblèk/gathot/mentho/ growol/srabi kocor/lapis/sagon/kicak lansapanunggilanipun// Estunipun dhaharan tradhisional saking Ngayogyakarta punika kathah makna lan filosofi/ dhaharan tradhisional ugi séhat amargi boten migunakaken pengawèt//Kathah dhaharan tradhisional Ngayogyakarta ingkang migunakaken ketos/ filosofinipun ketos punika kelèt /dados pangajeng-ajengipun saged ngraketaken pasedhèrèkan// Tuladhanipun lemper/ wajik/ jadah/ kembang waru/legamara/kipo, yangko/semar mendem/ klepon/ kicak lan sapanunggilpun// Lajeng Kembang waru/wonten warni wolu ing kembang waru/ ingkang gadhah makna wolung margi utama/inggih punika baskara/ lintang /candra / mega/kisma/ tirta /samudra/saha maruta// Tiyang ingkang dhahar kembang waru pralampitanipun saged ndherek ngamalaken wolung margi utama//Tuladhanipun lambang lintang saged kanggé panuntun/méga saged pangiyup nutupi saking benter/tirta kanggé panggesangan/kisma kanggé palenggahan/baskara kangge pepajar/candra kanggé pangayoman/samodra kanggé pangupajiwa lan maruta kanggé reresik reregedan/// Closing (Panutup) Para pamirsa, makaten pawarta basa Jawa ingkang saged kaaturaken ing sonten punika/ mugi wilujeng ingkang sami pinanggih// Nuwun///
FASE 5. Mengevaluasi Pemecahan Masalah Dududutan Pawarta menika kabar ingkang sampun kalampahan saha kabiawaraken wonten ing media cethak utawi media online wujudipun pawarta kaperang dados pawarta radio, hard news, soft news, indept news nilai ing unsur pawarta ndadosaken dhasar saking analisis maos saha nyerat pawarta kedah nggatosaken kaidah-kaidahipun KAPUSTAKAN Puspitasari. 2019. Kawuryan Gladhen Basa Jawa Kelas X. Klaten: CV Sinar Pengetahuan Masduki. 2006. Jurnalistik Radio: Menata Profesionalisme Reporter dan Penyiar. Yogyakarta: LKiS Yogyakarta. M orissan. 2008. Jurnalistik Televisi Mutakhir. Jakarta: Kencana Prenada Nursisto. 1999. Penuntun Mengarang. Yogyakarta: Adicita. Nurudin.(2007).Dasar-dasar Penulisan. Malang: UMM Press Saragih, Sahat Sahala Tua. (2013). Diktat Mata Kuliah Wawancara. Jatinangor: Prodi Jurnalistik Fikom Unpad. Soehoet,A.H.M. (2003). Dasar-Dasar Jurnalistik.Jakarta : Penerbit Yayasan Kampus Tecinta-IISIP. www.sastra.org/leksikon www.rismap.blogspot.com
Search
Read the Text Version
- 1 - 8
Pages: