Important Announcement
PubHTML5 Scheduled Server Maintenance on (GMT) Sunday, June 26th, 2:00 am - 8:00 am.
PubHTML5 site will be inoperative during the times indicated!

Home Explore Bahan Ajar Upacara Adat Manten Yogya_kharisma

Bahan Ajar Upacara Adat Manten Yogya_kharisma

Published by kharisma pratidina, 2022-09-28 05:29:07

Description: Bahan ajar ini memuat urutan dan tatacara upacara pernikahan adat jawa yogyakarta

Keywords: upacara adat jawa manten yogya

Search

Read the Text Version

BAHAN AJAR UPACARA ADAT MANTEN GAGRAG NGAYOGYAKARTA Satuan Pendidikan : SMK Hamong Putera Kelas :X/1 Mata Pelajaran : Bahasa Jawa Guru Pengampu : Kharisma Pratidina Materi : Berita Berbahasa Jawa Kompetensi Dasar 3.4.1 Indikator Pencapaian Pengetahuan 3.4.2 Menganalisis ubarampe dalam upacara adat manten 3.4 Memahami prosesi upacara 3.4.3 Yogya C4 adat Jawa Menguraikan makna yang terkandung dalam setiap rantaman prosesi upacara adat Jawa manten pakem Yogya C4 Menguraikan ajaran moral yang terkandung dalam prosesi upacara adat manten yogya C4 Ketrampilan 4.4.1 Memberi saran hasil temuan diskusi kelompok lain 4.4 Menyajikan Upacara Adat 4.4.2 berupa; urutan, ubarampe, ajaran moral dalam Manten dengan lisan maupun setiap tahapan prosesi upacara adat Jawa tulis Mempresentasikan makalah tentang upacara adat Jawa secara berkelompok TUJUAN PEMBELAJARAN 1. Melalui kegiatan pembelajaran dengan pendekatan scientik, model pembelajaran discovery learning, diskusi, tanya jawab, peserta didik dapat menguraikan makna yang terkandung dalam setiap ubarampe prosesi upacara adat Jawa dan menguraikan ajaran moral yang terkandung dalam setiap prosesi upacara adat Jawa dengan penuh kejujuran, teliti, disiplin, tanggung jawab, kerja keras dan menerima pendapat orang lain 2. Setelah melakukan serangkaian kegiatan peserta didik dapat mempresentasikan hasil temuan diskusi berupa; urutan, ubarampe sarta ajaran moral dalam setiap tahapan prosesi upacara adat Jawa dan menanggapi hasil temuan diskusi kelompok lain berupa; urutan, ubarampe, ajaran moral dalam setiap tahapan prosesi upacara adat Jawa dengan penuh kejujuran, teliti, disiplin, tanggung jawab dan kerja keras.

MATERI PEMEBELAJARAN  Faktual : Upacara Adat  Konseptual : Urutan Upacara Adat Manten Pakem Yogya  Prosedural : Memahami prosesi Upacara Adat Jawa, Tata urutan, Ubarampe, dan Ajaran Moral yang terkandung dalam Upacara adat manten gagrag Yogya.  Metakognitif : Mempresentasikan urutan dan mengambil ajaran moral dalam upacara Adat Jawa FASE 1 Identifikasi Masalah Materi Faktual UPACARA ADAT MANTEN GAGRAG YOGYA Wiwahan utawi manten inggih menika salah satunggal ing pagesangan. Wiwahan menika asring sinebat wiwitaning pagesangan manungsa. Andedhasar menika sakbibaripun masa bayi, enem-eneman, diwasa, salajengipun manungsa mlebet ing pagesangan enggal. Wonten ing ngandhap menika rantaman saking upacara adat manten gagrag ngayogyakarta. Salah satunggaling upacara wonten ing upacara wiwahaning penganten wonten upacara pasang tuwuhan ingkang kawastanan upacara Pasang Tarub. Upacara Pasang Tarub katindakaken sedinten saderengipun Upacara Dhaup (Ijab Kabul). Upacara Pasang Tarub inggih menika upacara pasang tetuwuhan sarta janur kuning minangka rerenggan papaning pawiwahan. Limrahipun pasang Tarub katindakaken sareng kaliyan upacara Siaraman. Adicara siraman awujud nyirami utawi ngedusi calon penganten. ancasipun, supados calon pengantin resik lair lan batosipun. Urutaning Upacara Pasang Tarub lan Siraman Adat Yogyakarta inggih menika : 1) Pasang tarub/bleketepe 2) Ngabekten Jangkepipun katrangan wonten ing 3) Ngracik toya link drive (klik/utawi search) 4) Ngintun toya perwita adi 5) Siraman 6) Sesuci (wudlu; tumrap ingkang ngrasuk agami Islam) 7) Pecah pamor (kendhi) Wondene ubarampe ing salebetipun inggih menika gb. pasang bleketepe 1) Sanggan 2) Tumpeng robyong 3) Tumpeng gundhul 4) Tumpeng megana 5) Sekul liwet 6) Jajan pasar

7) Rujak degan gb. ubarampe 8) Brokohan 9) Ketan manca warna 10) Pisang ayu 11) Sekar pari 12) Toya tempuran 13) Damar/diyan 14) Tempe mentah 15) Sajen bucalan FASE 2 Mengorganisasikan Materi Konseptual Peserta Didik PANGERTO SAN makna PETA urutan KONSEP Ubarampe

FASE 3 Membimbing Materi Konseptual Penyelidikan Perangan rantaman acara ing upacara panggih 1. Sanggan Panebus Panggih Wonten ing acara menika, wakiling saking kulawarga kakung ngasta sanggan lumampah ing sangajengipun temanten kakung, samangkih dipuntingali pisangipun. Menika anggadhahi ancas bilih pisang raja ingkang rasa manis menika dados memanising bebrayan samangkih ugi saged dados panembus. Gb. Sanggan Sumber: google.jpg 2. Kepyok Kembar Mayang wonten acara menika wakil kulawarga ingkang sampun krama (adatipun putri) ngasta kembar mayang ingkang sampun karantam, posisinipun wonten ngajeng temanten putri, kembar mayang dados simbol kangge ngilangi sukerta. Gb. Kembar mayang Sumber : google.jpg 3. Balangan Gantal wonten tahapan menika temanten putri panggih kaliyan temanten kakung, salajengipun nindhakaken balang gantal. Gantal ingkang dipuncepengi dening temanten putri menika cacah 3, wondene ngkang kakung menika 2. Ancasipun ing acara menika supados temanten kekalihipun saged nembung ing dada, ingkang putri saged mendet ati ingkang kakung.

Gb. Cara balang gantal saha nyepeng gantal 4. Ramupada (membasuh kaki temanten kakung) Wonten ing tahapan menika, temanten putri mijiki sukunipun ingkang kakung, ancasipun ngabekti marang garwanipun samangkih menawi sampun balewisma (gb. Ramupada) Sumber : google 5. Wiji dadi (mecah antiga) Wonten ing perangan menika, temanten kakung nyempengi temanten putri tetulung anggenipun jumeneng saking ramupada. Salajengipun juru sumbaga menika nyepengi tigan ingkang dipun pecah wonten ngandhapipun. Menika anggadhahi teges bilih samangkih dipunparingi gampil anggenipun bebrayan pikanthuk momongan kanthi lancar dumugi babaran. Gb. Wiji dadi Sumber : google

6. Kirab;. Wonten fase menika penganten kekali lumampah tumuju dampar rinengga ingkang dipunwiwiti dening edan-edanan. Tari edan-edanan menika awujud temanten kekalih ananging dipunrias radi nyleneh, ngasta ubarampe sulak saha sapu kangge ngilangi sukerta ing pawiwahan ugi tumujuning bebrayan menika. Saged akses https://www.youtube.com/watch?v=WerN4WVkSkw supados mangertos kados pundi anggenipun nari Gb. Kirab saha edan-edanan Sumber : google 7. Tampa kaya Tahap menika inggih ngesokake ubarampe arupa kacang kawak, dhele kawak, jagung kawak, wos jenar (beras kuning) dan uang logam. Ingkang ngesok inggih temanten kakung lajeng dipuntadahi dening temanten putri, sabibaripun menika dipunbuntel, dipuncaosaken dening tiyang sepuhipun. Tahap menika anggadahi teges, bilih garwa kakung menika kedah tanggel jawab dumateng semahipun, wondene ugi kedah iklas caos nafkah kaliyan marasepuhipun. gb. Tampa kaya sumber : google

8. Dhahar klimah inggih menika dipunsamketakaken sego golong, ingkang lawuhipun ati ampela. Menika ingkang dhahar inggih temanten putri, temanten kakung namung ningali kemawon. Wondene menawi gagrag solo, menika ingkang kakung ndulang temanten putri. Dhahar klimah anggadhahi ancas bilih samangkih tiyang kakung menika pados rezeki dumateng tiyang putri, ingkang saged ngraosaken ugi tiyang putri, wondene pengraos tyang kakung kedah iklas saha rumesep. Gb. Nyamektakaken dhaharan. Sumber : google 9. Sungkeman, Wonten urutan menika kekalih temanten kedah sungkem dumateng tiyang sepuh, ateges dados bukti anggenipun ngabekti. FASE 4 Mengembangkan dan Materi Prosedural menyajikan hasil Siswa saged ningali tuladha urutaning upacara adat manten gagrag ngayogyakarta ing youtube, sampun ngantos kesupen ngginakaken keyword gagrag yogya / adat jogja FASE 5 Mengevaluasi dan Analisis metakognitif Menawi sampun mangertos urutan saha maknanipun saben urutan adat manten gagrag ngayogya, siswa saged analisis wonten ing perangan LKPD KAPUSTAKAN Astutiningsih, dewi. 2018. Kawuryan Gladhen Basa Jawa Kelas XII. Klaten: CV Sinar Pengetahuan Setya Amrih Prasaja, S.S dan Umi Kuntari, S.S. 2017. Wibawa wiyata basa Jawa. Yogyakarta: DIKPORA https://disbud.kulonprogokab.go.id/detil/511/upacara-panggih-pengantin-dalam-rangka-gsby- tahun-2022 https://dunianyamaya.wordpress.com/2008/04/30/makna-simbolik-dalam-upacara-panggih-adat- yogyakarta/


Like this book? You can publish your book online for free in a few minutes!
Create your own flipbook