Important Announcement
PubHTML5 Scheduled Server Maintenance on (GMT) Sunday, June 26th, 2:00 am - 8:00 am.
PubHTML5 site will be inoperative during the times indicated!

Home Explore PENERAPAN MATERI MODUL 2

PENERAPAN MATERI MODUL 2

Published by Ling Ling Insyirohati, 2021-11-04 01:43:24

Description: PENERAPAN MATERI MODUL 2

Search

Read the Text Version

ANALISIS PEN EANALISIS PENERAPAN MATERI (MODUL 2) RAPAN MATERI (MODUL 2) SUTARTO DWI SUTRISNO, S.Pd. KELAS A PPG BAHASA JAWA FKIP UNS MENU

Analisis Lingkungan Unggah-Ungguh Basa Unggah Unggah Basa ing Kurikulum Pangetrepaning Materi Unggah-Ungguh

ANALISIS LINGKUNGAN BELAJAR PESERTA DIDIK Kondisi Sekolah: SMA Unggulan CT ARSA Foundation Sukoharjo menika SMA swasta Islam ingkang berasrama. Mapanipun wonten ing Desa Sidorejo, Kecamatan Bendosari, Kabupaten Sukoharjo. SMA menika pawiyatan kanthi beasiswa penuh. Siswanipun saking keluarga ingkang kirang mampu asalipun saking Provinsi Jawa Tengah, Yogyakarta lan Jawa Timur. Kondisi Siswa: Para siswa kathah saking tlatah Banyumasan pramila menawi nyinaoni basa dialeg Surakarta- Yogyakarta (Bandhek) radi kaweratan. Saksanese niku penguasaan kosa kata/ leksikon ragam krama, krama inggil taksih sekedhik. Wonten ing lingkungan keluarga kalihan masyarakat para siswa ugi jarang ngginakaken ragam basa krama/ karma inggil

UNGGAH-UNGGUH BASA Unggah-ungguh ugi asring sinebat undha usuk, tingkat tutur, tingkatan ujaran. Adhedhasar menika unggah-ungguhing basa Unggah ungguh Basa Jawi ing jaman samenika miturut Sudaryanto (1987) sinengkuyung Tjatur Wisnu Sasongko (2004) wonten 4 tataran inggih menika: 1. Ngoko Lugu 2. Ngoko Alus 3. Krama Lugu 4. Krama Inggil Basa Jawi ngoko lan krama menika kaginakaken bebrayan agung kangge sarana: 1. Norma lan etika sesrawungan wonten ing masyarakat. 2. Pakurmatan saha kekadangan dhumateng tiyang sanes. 3. Mranata jumbuhing kalenggahan

UNGGAH-UNGGUH BASA SALEBETING KURIKULUM Wonten ing Kurikulum 2013 Bahasa Jawa SMA/MA/SMALB/SMK/MAK Provinsi Jawa Tengah materi unggah-ungguh basa boten madeg piyambak ing kerangka kurikulum, ananging dilebetaken/ disisipaken wonten materi kelas XI semester gasal yaiku teks sesorah lan teks eksposisi babagan adat tradisi mantu.

PANGETRAPANING MATERI UNGGAH UNGGUH BASA Pangtrepanipun HOTS babagan unggah-ungguh basa saged lumantar pasinanon materi sesorah. Pasinaonipun ngginakaken model pembelajaraan project based learning yaiku menulis teks sesorah dengan ragam, diksi, dan unggah- ungguh basa yang sesuai dengan konteks dan norma berbahasa lan nyerat teks eksposisi tentang adat Jawa umpaminipun mantu kanthi ragam, diksi, dan unggah-ungguh basa. Kanthi model pasinaon menika para siswa sampun mlebet wonten tataran kognitif C6 yaiku ndamel. Saksanese niku kangge pembiasaan ngginakaken unggah ungguh saged lumantar kegiatan program kemis njawani. Wujuding program kemis njawani yaiku sedaya keluarga ageng pawiyatan kedah migunakaken basa Jawi kangge wicantenan.


Like this book? You can publish your book online for free in a few minutes!
Create your own flipbook