Pangorbanane Wong Tuwa Putraku cah bagus mangertiya Wong tuwa yen ngupaya arta ya kanggo masa depanmu Wong tuwa yen ngupaya karya ya kanggo kebahagiaaanmu Wong tuwa yen ngupaya upa ya kanggo isi wetengmu Mula aja siya-siya marang wong tuwamu Mula aja gawe lara marang wong tuwamu Mula aja gawe cidra marang wong tuwamu Putriku nduk cah ayu mangertiya Wong tuwa kuwi tansah dedonga marang pangajabmu Wong tuwa kuwi tansah cegahlek kanggo cita-citamu Swargamu ana ing ngisor epek-epek samparan ibumu Kabul dongamu saka pamuji bapamu 46
Nuswantara Nuswantara kang kondang kaloka Wiwit jaman Sriwijaya kang misuwur Dadi pusat kawruhing agama Budha Wong sak donya padha jumangkah ngangsu kawruh Nuswantara kang kumbul kuncara Ing jaman majapahit nyengkuyung Sumpah Palapa Kang dadi janji suci Mahapatih Gajah Mada Nyatukake Nuswantara ing pamrentahan Hayam Wuruk Nuswantara kang kawentar Ing jaman kamardikan Ing jaman Soekarno bisa gawe simboling negara kang gagah prakosa Ing Jaman Soeharto bisa bangun Negara Ing Jaman SBY bisa mangerteni demokrasi lan hak asasi Ing Jaman Jokowi bisa gawe program Nawacita Nuswantara ….Nuswantara…..nuswantara 47
Nrima Ing Pandum Bu…bu…niko lho bu mobile pak Presiden Iya le…ning ngapa…. Elinga le…aja mikir neka-neka…mundhak lara ati Bu…bu…niko lho jase pak Mentri Iya le ning…ngapa…. Rasah melik barang sing gumebyar…mundhak gela Bu…bu…niko lho sepatune putrane pak Gubernur Iya le…ning ngapa… Aja kepengin sing dudu jatahmu…mundhak cilaka Boten kok bu…. Napa artine kula…bocah desa…kang ora duwe tata Napa artine kula…bocah kampung kang boten ngertos bangku sekolah Bebasan cebol gayuh lintang Kula sadar…wong cilik niku sing penting urip, mangan, kerja Ora kena mikir sing dhuwur…wong kula boten sekolah Ora kena mikir cita-cita wong kula ora dhuwe ijazah Awake piyambak kan tiyang boten gadhah napa boten angsal menggalih damel kemajuan bu… Iya kena le, sing penting mikire sing wajar, ora nglumpati gunung Dongaku le muga-muga uripmu tentrem ayem kobul anggonmu dedonga 48
Curug Sewu Gumlegur swara banyu grojogan kang tumiba ing watu Katon nresepake ciptane Hyang Agung Saka kadohan gerombalan kapi pada mlumpat ana ing wit-witan Nambah asrine swasana Jare simbah papan iki jenenge curug sewu Papan iki jaman semana kanggo tapa Prabu Baladewa Jarene mitos pasangan lanang wadon kang durung nikah Bisa bubar yen dolan ning kene Nanging papan panggonan iki pancen kaendahane ngedap-edapi Pikiran kalut bisa mari Lara ati bisa entuk jampi Ya mung ning curug sewu 49
Cilikanku Biyen Cilikanku biyen… Mangkat sekolah ora sepatunan Yen mangsa udan seneng udan-udanan karo perang-perangan Mlipir nig kebon apek pelem utawa jambu dhuweke wong Bocah lanang seneng engkol Bocah wadon seneng lompat karet Cilikanku biyen… Mangkat sekolah gasik banget Sangu sega goreng karo teh sing digawekake mbah Rayi Ora tau njajan wong gajine Bapak pas-pasan go tuku beras Katok sekolahku akeh dondoman tangan Kala-kala dhuwe sepatu wae sing ngarep mangap kaya tutuk baya Cilikanku biyen… Yen kelingan kegugu dhewe Jaman semana jaman merdika ning durung makmur Nonton siaran tinju sak desa dadi siji ning omahe Pak Lurah Bar kuwi jeguran ning kali nganti bedhug Tekan ngomah didukani mbah Raka Cilikanku biyen… Ning aku seneng 50
Katresnane Ibu Katresnane Ibu marang aku Lir srengenge kang madhangi bumi saben dina Namung menehi ning ora dhuwe pamrih dibalekake Saben dina tansah paring pitutur kang luhur Gladi unggah-ungguh basa Nyediani panganan rikala aku luwe Maringi ngombe yen aku salit Katresnane Ibu marang aku Ora bisa digambarake karo ukara Nanging tekan saiki aku gela Durung bisa mbales katresnane ibu marang Aku Amarga ibu wis ora ana Sowan mring ngarsane kang kuwasa Tindhak nilarake donya Donya kakng kebak dosa Nanging saiki aku mung bisa Munjung dedonga marang ibu Muga-muga pikantuk idi kang kuwasa Dingapura dosa lan kalepatan Ditampa amal kesaenan Aamiin 51
Wis Dilalekake Wong Jawa omong yen budhaya Jawa kuwi adi luhung Wong manca uga ngakoni Nanging…. Pasar wis ilang ramene…kedhung wis ilang banyune Kabudhayan kang di premati dening karuhun Saiki wis padha dilalekake Beksan wis langka katon Tatakrama wis kalah karo basa manca Arep pahargyan bingung golek pranatacara Arep upacara adat bingung golek wong winasis Study banding seni pedhalangan ana suriname Ring ngendi maneh mengko anggone arep ngangsu kawruh Jawa liyane Mula… Para generasi mudha ayo padha nglestarekake budhaya Jawa Supayo ora mati pamore Tetep kuncara ing pangajabe 52
Mangsa Ketiga Yen mangsa ketiga teka Bledhug ngebaki mayapada Bantala rengka Tirta langka Ron-ronan tumiba ing pertiwi Raja kaya padha gering amarga kurang mangan Sak kehing wisa padha teka Lara mata lara watuk lan liyane Kabeh kuwi pepeling kanggo jalma Supaya padha eling lan waspadha Lan laku syukur marang kuwasane Gusthi 53
Kali Tledhog Jaman biyen… Kali tledhog kang dadi lelangen Banyune mili agung ajeg ing samangsa-mangsa Wong padha adhus, ngumbahi, lan ngangsu ana ing tledhog Bocah padha jeguran, numpak dhebog gawe gethek Wiwit bangun enjing nganthi sore wong tanpa kendhat ana tledhog Jaman saiki… Kali tledhog kang dadi kenangan Banyune asad amarga wit-witan ning sakubenge wis padha enthek Wong mung gethun lan garek nyawang kahanan sing wis malih Kabeh kahanan saiki kebacut amarga klakuane jalma Kang ora dhuwe pikiran kang bener Lan klakuane sing keblinger Sing ora mikirke urip ing bebrayan 54
Nikmate Urip Nikmate urip Yen ora mikir kahanan Mangan lalap kubis sambel trasi wis Alhamdulillah Nganggo sandhangan murahan tuku ning pasar wis Alhamdulillah Dhuwe omah papan damar senthir wis Alhamdulillah Nikmate urip Yen awake sehat Bayaran 30 ewu wis Alhamdulillah Bisa adhang pohong kumebul wis Alhamdulillah Ngliwet sega golong jangan jantung wis Alhamdulillah Nikmate urip Ora usah bayangake panganan larang ning restoran Ora usah bayangake sandhangan ning supermarket utawa mall Ora usah bayangake omah tingkat utawa apartemen sing larang Nikmat urip Mangan sega jagung sambel oyek 55
Iklas Iklas…. Gedang uwoh pakel Ngomong gampang nglakoni angel Iklas kuwi nyambut gawe ora ngrundel Iklas kuwi nglakoni ora misoh-misoh Iklas kuwi ora dhuweni pamrih Iklas kuwi nglakoni kanthi mbanyu mili Iklas…. Iklas kuwi menehi ora ngarep-arep baline Iklas kuwi linambaran budhi pekerti Iklas kuwi krentheg saka nuranine dhewe Iklas kuwi …ya iklas 56
Rekreasi Wong kuwi perlu rekreasi Nylimurke pikir nyenengake awak Mlaku-mlaku bisa ngguwak nesu Lelungan bisa ngguwak samubarang kang dadi beban Mripat kang sepet bisa dadi seger maneh Awak kang sumeng bisa malih gumrigah Wawasane ya tambah Pengalamane ya tambah Sifat handhuwenine ana Sifat handarbenine ya tambah 57
Kathok Kathok Kathok kuwi dienggo ning sikil ora dingo ning sirah Jenise kathok ana kathok dawa ana kathok cendhak Bolongane loro ana leretan lan kancinge Sing buri ana sak nggo wadhah dompet Sing ngarep ana sak nggo slempitan dhuwit Modele macem-macem Ana kathok jin, kathok thomprang Kathok Cut bray, Kathok Beggi lan liyane Ning intine padha dinggo ning sikil 58
Wit Ringin Wit Ringin… Katon ngrengguyung ning satengahig prapatan desa Jlegere gedhi telung tangkepan wong Oyote pating klewer kena nggo gandulan Sak kiwa tengene wit ringin ana beji kanggo ngingu iwak Wit Ringin… Katon merbawani kadya omah Anggaraparna Akeh klarap padha balapan ana ing wit ringin Bunglon padha pating pencolot ana ing godhonge Sak akehing peksi padha pathing jlerit ana ing awang-awang dhuwur wit ringin Wit Ringin… Katon ijo royo-royo saka dhuwur Datan wigih katiup angin Ngadeg katon gagah pideksa Kang dadi pengayom papan sak midhere 59
Wulan Poso Wong Jawa nduweni 12 wulan ing dalem setahun Wiwit wulan Sura tekan wulan Besar Salah sijine, ana wulan kang Agung yaiku wulan Poso Wulan Poso yaiku wulan kang ditunggu-tunggu wong Islam Sak akehing dosa bisa dilebur ing wulan Poso Ing sak jroning wulan Poso ganjarane ngibadah entuk matikel-tikel Turune wong Poso wae enthuk ganjaran Ing 10 dina pungkasan wulan Poso ana salah sijining wengi Ing wengi kuwi ganjarane ngluwihi 1000 wulan Wengi kuwi jenenge lailatul qodar Beja banget wong sing menangi lailatul qodar 60
Search