Important Announcement
PubHTML5 Scheduled Server Maintenance on (GMT) Sunday, June 26th, 2:00 am - 8:00 am.
PubHTML5 site will be inoperative during the times indicated!

Home Explore Materi Tembang Gambuh (1)

Materi Tembang Gambuh (1)

Published by dhirataraumi, 2021-02-23 03:50:15

Description: Materi Tembang Gambuh (1)

Search

Read the Text Version

Materi Tembang Gambuh Serat Wedhatama Karya sastra punika dipunserat dening Ngarsa Dalem Ingingkang Wicaksana Kanjeng Gusti Pangeran Adipati Arya Sri Mangkunegara IV. Raja ing keraton Mangkunegaran Solo. KGPAA Mangkunegara IV kalebu raja ingkang kawentar amargi kawsisanipun ing babagan ilmu pengetahuan, piyambeke ugi kawentar amargi kalebu satunggaling tokoh ingingkang sakti mandraguna, adil, lan arif bijaksana. Lumantar olah laku spiritual ingkang mumpuni, piyambekipun sedah kaliyan kasampurnan gesang sejati salebete ngadep Gusti Ingkang Mahawisesa, nggih niku warangka manjing curiga atanapi anggayuh kamuksan, ngadep Gusti kaliyan raganipun sirna tan winekas. Serat punika kadhapuk saking 100 pupuh tembang macapat, ingkang dipunperang dados gangsal tembang, inggih menika: Pangkur (14 pupuh,1 – 14) Sinom (18 pupuh, 15 -32) Pucung (15 pupuh, 33 – 47) Gambuh (35 pupuh, 48-82) Kinanthi (18 pupuh, 83-100) Wose tembang macapat kang ana ing serat wedhatama iku ngandharake bilih manungsa urip ing ngalam donya iki ora bisa uwal saka Gusti Kang Maha Kawasa, kang wis maringake kanugrahan awujud rasa pangrasa minangka sawijining bab kang bisa mbedakake manungsa karo titah liyane. Pitutur kang kamot ana ing tembang ngandharake tumindak becik kang kudu dilakoni dening manungsa supaya bisa dadi manungsa kang utama. Tumindak kasbeut yaiku tansah eling lan waspada ing samubarang gawe, lan kudu bisa ngendhaleni hawa nepsu kang gawe kapitunan marang awake dhewe lan wong liya, lan nuwuhake sikep tansah “mulat sarira angrasa wani (mawas diri)”. Tembang Macapat Tembang macapat inggih menika wujud tembang Jawa ingkang ugi dipunsebat tembang alit. Guru gatra, guru wilangan, lan guru lagu. 1. Guru gatra yaiku cacahing gatra saben sapada. 2. Guru wilangan yaiku cacahing wanda saben sagatra. 3. Guru lagu yaiku tibaning swara ing pungkasaning gatra. Guru gatra, guru wilangan, dan guru lagu tembang macapat 1. Gambuh 4 gatra: 12u, 6a, 8i, 12a 2. Megatruh 5 gatra: 7u, 10u, 12i, 8u, 8o 3. Durma 7 gatra:12a, 7i, 6a, 7a, 8i, 5a, 7i

4. Pangkur 7 gatra: 8a, 11i, 8u, 7a, 12u, 8a, 8i 5. Mijil 6 gatra: 10i, 6o, 10e, 10i, 6i, 6u 6. Sinom 9 gatra: 8a, 8i, 8a, 8i, 7i, 8u, 7a, 8i, 12a 7. Kinanthi 6 gatra: 8u, 8i, 8a, 8i, 8a, 8i 8. Asmarandhana 7 gatra: 8i, 8a, 8e, 8a, 8a, 8u, 8a 9. Dandhanggula 10 gatra: 10i, 10a, 8e, 7u, 9i, 7a, 6u, 8a, 12i, 7a 10. Megatruh 5 gatra: 12u, 8i, 8u, 8i, 8o 11. Maskumambang 4 gatra: 12i, 6a, 8i, 8a Gambuh iku tambuh, embuh, kambuh, jumbuh lan tembung kang awanda mbuh. Tegese Lanteh. Anggitane Natapraja. Kacarita mula bukane tembang iki lelagon gandarwa (raseksa) ing jaman Mataram. Digunakake kanggo menehi ngelmu kang kukuh bakuh (tegas/galak). a. Pathokan tembang Gambuh Guru Gatra GAMBUH 5 Guru Wilangan Guru Lagu 7U 10 U 12 I 8U 8O b. Watak tembang Gambuh Watake tembang Gambuh iku grapyak, sumanak, mula cocok kanggo ngandharake bab-bab asipat paseduluran, pitutur, piwulang, kekarepan. c. Makna tembang Gambuh Miturut maknane, tembang Gambuh iku nggambarake watak pawongan kang ngancik dewasa utawa pribadi kang sansaya dewasa, mula isa njumbuhake kabutuhan lair lan batin, kluwarga lan masarakat, pribadi karo Gusti. Tembang iki menehi pitutur, anggenah-nggenahake utawa tansah menehi pangerten. Pancen lumrahe piyayi sepuh tansah isa njumbuhake panguripane lan seneng aweh pitutur marang anak putu, patrap lan pangucap isa nyawiji, panguripane ayem tentrem lan ora bot sisih. Makna sawijine sawise omah-omah kudu padha ngertine, asah asih asuh marang sawenehe kabutuhan, tanggung jawab lan perkara ing sajroning kluwarga kang saya abot lan maneka warna.

d. Tuladha tembang gambuh Pada 1 Samengko ingsun tutur, sembah catur supaya lumuntur, dihin raga, cipta jiwa, rasa, kaki, ing kono lamun tinemu, tandha nugrahaning Manon


Like this book? You can publish your book online for free in a few minutes!
Create your own flipbook