Important Announcement
PubHTML5 Scheduled Server Maintenance on (GMT) Sunday, June 26th, 2:00 am - 8:00 am.
PubHTML5 site will be inoperative during the times indicated!

Home Explore Modul Basa Jawa Kelas II semester genap

Modul Basa Jawa Kelas II semester genap

Published by Mas TOP CHANNEL, 2020-10-11 07:40:22

Description: MODUL BAHASA JAWA KELAS 1-6\Modul Basa Jawa Kelas II

Keywords: Modul, basa jawa

Search

Read the Text Version

Piwulang 1 Piwulang 2 Piwulang 3 • Membaca teks • Membaca teks •Membaca teks dongeng dengan dongeng dengan dongeng dengan lafal dan intonasi lafal dan intonasi lafal dan intonasi yang tepat. yang tepat. yang tepat. • Menyebutkan • Mengartikan nilai luhur yang •Menyebutkan kata-kata sulit terdapat dalam sifat-sifat tokoh yang terdapat dalam dongeng dongeng. yang patut diteladani/diconto • Menjawab Budi pertanyaan Pekerti h. tentang isi dongeng. Piwulang 4 •Menyatakan suka atau tidak suka • Membaca teks terhadap sifat dongeng dengan tokoh disertai lafal dan intonasi alasannya. yang tepat. • Menceritakan kembali isi dongeng menggunakan ragam ngoko. 50

Piwulang 1 Tujuan Pembelajaran: Dengan membaca teks dongeng peserta didik dapat : • Mengartikan kata-kata sulit yang terdapat dalam dongeng dengan benar. • Menjawab pertanyaan tentang isi dongeng dengan benar. Ayo Maca ! Wacanen kanthi premati dongeng “Manuk karo Semut”! Manuk karo Semut Ana semut kecemplung ing blumbang. Semut bengok-bengok njaluk tulung. Kacarita ana manuk mabur ing dhuwur blumbang. Wiwite manuk bingung carane nulungi semut. Amarga manuk ora bisa nglangi. Manuk banjur nggawa godhong kanggo nulungi semut. Sawise semut numpak ing godhong, manuk nggeret godhong tekan pinggir blumbang. Manuk seneng bisa nulungi semut. Semut ngucapake matur nuwun marang manuk. 51

Pinuju semut mlaku-mlaku ing alas. Ana wong arep mbedhil manuk kang lagi mencok ing wit. Manuk ora ngerti dheweke arep dibedhil wong. Semut sing weruh banjur nyedhaki wong iku. Semut banjur nyokot sikile wong iku. Manuk slamet saka bebaya. Manuk ngucapake matur nuwun marang semut. Semut seneng bisa genten nulungi manuk. Kapetik saka : Sudi Yatmana lan Endang Rahayu,”Manuk karo Semut”,Yudhistira 2016 Ayo Gladhen ! A. Tembung-tembung sing gegayutan karo dongeng “Manuk karo Semut” ing jero kothak iki golekana tembung tembung padinanmu lan kramane! No Tembung ing Basa Padinan Basa Krama Wacan Tuladha : amarga Jalaran,sebab Amargi 1. Blumbang .... .... 2. Numpak .... .... 3. Mlaku-mlaku .... .... 4. Alas .... .... 5. Bebaya .... .... B. Kowe wis bisa nemtokake tembung padinan lan kramane tembung- tembung jero kothak. 52

Gawea ukara migunakake tembung-tembung mau ing basa padinan lan krama! No Tembung ing Basa Padinan Basa Krama Wacan Tuladha : Budi ora sekolah amarga Budi mboten sekolah amarga lagi lara amargi nembe sakit 1. Blumbang .... .... 2. Numpak .... .... 3. Mlaku-mlaku .... .... 4. Alas .... .... 5. Bebaya .... .... Uji Kemampuan Wangsulana pitakon-pitakon sing gegayutan karo dongeng “Manuk karo Semut” ing ngisor iki migunakake basa ngoko! 1. Pitakon : Semut kecemplung ana ing ngendi? Wangsulan : .................................................................................. 2. Pitakon : Sapa sing nulungi semut? Wangsulan : ................................................................................. 3. Pitakon : Geneya manuk bingung piye carane nulungi semut? Wangsulan : ................................................................................. 4. Pitakon : Kepriye carane manuk nulungi semut? Wangsulan : ................................................................................. Pitakon : Apa sing ditindakake semut nalika weruh wong arep mbedil manuk? Wangsulan : ................................................................................. 53

Refleksi Perasaanku nalika sinau babagan tembung angel lan pitakon gegayutan karo dongeng yaiku : Aku wis ngerti babagan : 54

Piwulang 2 Tujuan Pembelajaran: Dengan membaca teks dongeng peserta didik dapat menyebutkan nilai luhur yang terdapat dalam dongeng. Ayo Maca ! Wacanen maneh kanthi premati dongeng “Manuk karo Semut”! Ayo Gladhen ! Saben crita mesthi ngemot pitutur luhur. Pitutur luhur yaiku pesan utawa nasehat sing apik. Carane nemtokake pitutur luhur yaiku kanthi nggoleki tumindak becik kang ditindakake dening paraga crita. Ing crita “Manuk karo Semut” iku Semut kecemplung blumbang lan ditulungi dening Manuk. Semono uga Manuk ditulungi dening Semut nalika Manuk arep dibedhil wong. Pitutur Luhur ing jero crita “Manuk karo Semut” yaiku ................................................................................................................. ................................................................................................................. ................................................................................................................. ................................................................................................................. ................................................................................................................. ................................................................................................................. .......................................................................................................... 55

Uji Kemampuan Wacanen dongeng ‘Kancil karo Keyong”! Sebutno Pitutur Luhur sing kaamot ing jero crita kasebut! Tulisen ing salembar kertas! Fotonen asil garapanmu lan kirimno marang bapak/ibu guru kanthi piranti Hp! Kancil lan Keyong Kabeh ngakoni yen Kancil pancen kewan sing pinter lan sugih akal. Emane, Kancil malah dadi kewan sing kumalungkung. Kancil senengane pamer kapinteran marang kewan liyane. Sawijining dina, Kancil mlaku-mlaku ing sapinggiring kali. Kabeneran ana Keyong lagi golek pangan ing kono. Weruh Keyong lagi mlaku nggremet, Kancil ngguyu cekakaan. Ing batine tuwuh rasa gumedhe. “He, Keyong! Ayo balapan mlayu karo aku! Aku mesthi menang,”panantange Kancil karo ngece. Si Keyong mikir sedehela banjur nyauri,” Ayo, aku ora wedi!” Esuke, Kancil balapan mlayu karo Keyong. Kancil mlayune banter banget. “Keyong!” pambengoke Kancil. 56

“Ya, aku neng ngarepmu,”kandhane Keyong. “Ha?” Kancil ndomblong. “Ayo mlayu meneh, Cil!”Kandhane Keyong. Kancil mlayu banter maneh. “Keyong!” pambengoke Kancil. “Aku nek kene,Cil,” “Ha, kowe neng ngarepku maneh?”pitakone Kancil. Suwe-suwe Kancil kesel lan tiba nglumpruk. Kancil kalah balapan mlayu karo Keyong. “Aku menang, Cil. Aku karo kowe padha-padha titahe Gusti Allah. Dadio kewan sing aja adigang adigung adiguna. Aja rumangsa bisa apa wae,”kandhane Keyong. Jebulane, Keyong duwe kanca-kanca sing gelem ngewangi. Kanca-kancane ngewangi kanthi baris ing sapinggiring kali. Refleksi Perasaanku nalika sinau babagan pitutur luhur dongeng yaiku : Aku wis ngerti babagan : 57

Piwulang 3 Tujuan Pembelajaran: Dengan membaca teks dongeng peserta didik dapat : - Menyebutkan sifat-sifat tokoh yang patut diteladani/dicontoh dengan benar. - Menyatakan suka atau tidak suka terhadap sifat tokoh disertai alasannya dengan benar. Ayo Maca ! Saben paraga crita mesthi duwe watak dewe-dewe. Ana sing duwe watak seneng tetulung, sregep, kesed. Ana uga paraga sing duwe watak ora becik, kayata srei, drengki, sakarepe dewe, lan seneng nyilakani sapadha-padha. Wacanen meneh crita “Manuk lan Semut”! Ayo Gladhen ! Saiki temtokna watak-watak saben paraga kasebut ! No Paraga Watak 1. Semut ..... 2. Manuk ..... 3. Wong mbedhil ..... Kowe kabeh wis bisa nemtokake paraga crita lan watak-watake. Kowe mesthi duwe rasa seneng marang paraga lan watake. Bisa uga kowe ora seneng. Apa alesanmu kowe seneng utawa ora seneng? 58

Pilih salah sawijining wangsulan kanthi nguripake wangsulan sing di pilih banjur menehi alasan! 1. Watake Semut ing crita,” Manuk karo Semut” Panemu : seneng / ora seneng Alesane : ……………………………………………………………………… 2. Watake Manuk ing crita,” Manuk karo Semut” Panemu : seneng / ora seneng Alesane : ……………………………………………………………………… 3. Watake Wong mbedhil ing crita,” Manuk karo Semut” Panemu : seneng / ora seneng Alesane : ……………………………………………………………………… “Gliyak-gliyak tumindak, sareh pakoleh” (Upaya yang dilakukan perlahan, tapi akhirnya tujuannya akan tercapai) 59

Uji Kemampuan Wacanen meneh crita “Kancil lan Keyong”! Saiki temtokna watak-watak saben paraga kasebut ! No Paraga Watak 1. Kancil ..... 2. Keyong ..... Pilih salah sawijining wangsulan kanthi nguripake wangsulan sing di pilih banjur menehi alasan! 1. Watake Kancil ing crita,” Kancil lan Keyong” Panemu : seneng / ora seneng Alesane : ……………………………………………………………………… 2. Watake Keyong ing crita,” Kancil lan Keyong” Panemu : seneng / ora seneng Alesane : ……………………………………………………………………… Refleksi Perasaanku nalika sinau babagan watake paraga ing dongeng yaiku : Aku wis ngerti babagan : 60

Piwulang 4 Tujuan Pembelajaran: Dengan membaca teks dongeng peserta didik dapat menceritakan kembali isi dongeng menggunakan ragam ngoko. Ayo Sinau ! Nyritakake isine crita iku ora gampang. Sepisan, kowe kudu maca maneh crita kasebut kanthi premati. Kaping pindo, golekono pokok-pokok crita kasebut. Kaping telu, ngrakit pokok-pokok crita kasebut dadi sawijining crita. Tuladha : Pokok-pokok crita : 1. Ana Semut kecemplung blumbang 2. Manuk nulungi semut nganggo godhong 3. Semut ngucapake matur nuwun wis ditulungi manuk .....lan sateruse. Isining crita : Ana semut kecemplung ing blumbang. Semut bengok-bengok njaluk tulung. Ana manuk mabur ing dhuwur blumbang. Manuk bingung carane nulungi semut. Amarga manuk ora bisa nglangi. Manuk banjur nggawa godhong kanggo nulungi semut. Sawise semut numpak ing godhong, manuk nggeret godhong tekan pinggir blumbang. Manuk seneng bisa nulungi semut. Semut ngucapake matur nuwun marang manuk. ....lan sateruse. 61

Ayo Maca ! Wacanen maneh crita “ Manuk karo Semut”! Ayo Gladhen ! Critakna maneh crita kasebut migunakake basa ngoko! Wangsulan : …………………………………………………………………………….. …………………………………………………………………………...... …………………………………………………………………………...... …………………………………………………………………………...... …………………………………………………………………………...... …………………………………………………………………………...... …………………………………………………………………………...... …………………………………………………………………………...... …………………………………………………………………………...... …………………………………………………………………………...... …………………………………………………………………………...... …………………………………………………………………………...... …………………………………………………………………………...... …………………………………………………………………………...... …………………………………………………………………………...... …………………………………………………………………………...... …………………………………………………………………………...... …………………………………………………………………………...... …………………………………………………………………………...... …………………………………………………………………………...... …………………………………………………………………………...... …………………………………………………………………………...... …………………………………………………………………………...... …………………………………………………………………………...... …………………………………………………………………………...... …………………………………………………………………………...... 62

Uji Kemampuan Wacanen maneh crita “ Manuk karo Semut”! Critakna maneh crita kasebut migunakake basa ngoko lan gawenen video ! Kirimno video asil garapanmu marang Bapak utawa Ibu guru ! Refleksi Perasaanku nalika sinau babagan nyritakake maneh crita dongeng yaiku : Aku wis ngerti babagan : 63

EVALUASI Wacanen kanthi premati dongeng “Manuk karo Semut!” Manuk karo Semut Ana semut kecemplung ing blumbang. Semut bengok-bengok njaluk tulung. Kacarita ana manuk mabur ing dhuwur blumbang. Wiwite manuk bingung carane nulungi semut. Amarga manuk ora bisa nglangi. Manuk banjur nggawa godhong kanggo nulungi semut. Sawise semut numpak ing godhong, manuk nggeret godhong tekan pinggir blumbang. Manuk seneng bisa nulungi semut. Semut ngucapake matur nuwun marang manuk. Pinuju semut mlaku-mlaku ing alas. Ana wong arep mbedhil manuk kang lagi mencok ing wit. Manuk ora ngerti dheweke arep dibedhil wong. Semut sing weruh banjur nyedhaki wong iku. Semut banjur nyokot sikile wong iku. Manuk slamet saka bebaya. Manuk ngucapake matur nuwun marang semut. Semut seneng bisa genten nulungi manuk. Kapetik saka : Sudi Yatmana lan Endang Rahayu,”Manuk karo Semut”,Yudhistira 2015 A. Wenehana tandha ping (X) ing aksara a, b, utawa c sangarepe pratelan kang bener ! 1. Paraga sing kecemplung blumbang yaiku .... a. Manuk b. Wong mbedhil c. Semut 2. Paraga sing nulungi Semut yaiku .... a. Semut b. Manuk c. Wong mbedhil 3. Manuk nulungi Semut nggawa .... a. Godhong 64

b. Kayu c. Carang 4. Semut ngucapake ... marang manuk. a. Tulung b. Matur nuwun c. Ngapura 5. Pitutur luhur ing crita “Manuk karo Semut” kang bisa dituladhani yaiku .... a. Adigang adigung adiguna b. Gugur gunung c. Tulung tinulung B. Isinen ceceg-ceceg ing ngisor iki nganggo tembung kang mathuk ! 1. Paraga sing arep mbedhil manuk yaiku .... 2. Semut tanpa ditembungi manuk, gelem nulungi iku watak .... 3. Tembung nulungi padha karo .... 4. Seneng tetulung marang kanca iku watak kang patut .... 5. Watak kang ora oleh ditiru ing dongeng “Manuk karo Semut” yaiku .... 65

Kunci Jawaban Pasinaon V A. Pilihan ganda 1. b 2. c 3. c 4. a 5. c B. Isian 1. pak Empo 2. akur/bareng-bareng 3. nyambut gawe 4. maos 5. dolanan Pasinaon VII A. Pilihan ganda 1. b 2. a 3. a 4. c 5. b B. Isian 1. Laire kapisan/ ngarep 2. Nakula Sadewa 3. Werkudara 4. Jodipati 5. Sadewa 66

Pasinaon VII A. Pilihan ganda 1. c 2. b 3. a 4. b 5. c B. Isian 1. wong 2. becik 3. ngrewangi 4. diteladani/ ditiru 5. mbedhil kewan 67

Dhaftar Pustaka Nirmala Kusumaningayu. 2015. Kulina Basa Jawa, Klaten: Intan Pariwara. Sudi Yatmana, Endang Rahayu, Sutapa. 2016. Aku Bisa Basa Jawa 2. Boyolali : Yudhistira. 68

085 Modul ini disusun oleh TIM KKG Kabupaten Semarang sebagai pendamping Pembelajaan Jarak Jauh (PJJ) selama program Belajar Dari Rumah pada masa pandemi Covid-19. Modul Bahasa Jawa ini disusun berdasarkan kurikulum 2013 dengan materi yang telah disesuaikan untuk pembelajaran daring (online) selama masa pandemi Covid-19. 69


Like this book? You can publish your book online for free in a few minutes!
Create your own flipbook