SESORAH
TEGESE Sesorah utawa tanggap wacana yaiku guneman sangarepe wong akeh ing sawijine pahargyan apadene pawiwahan kang diwedharake babagan ide.
Ancas sesorah 1. ajak-ajak Pamicara ngandharake alesan, bukti lan tuladha supaya pamirenge gelem nindakake apa kang dikarepake pamicara. 2. Menehi panglipur Sesorah jinis iki ditindakake ing acara pahargyan, dene ancase supaya adicara bisa sumringah lan meriah. 3. Menehi kawruh ngandharake babagan kang sacetha-cethane supaya pamireng mangerti.
Jinis sesorah 1. Sesorah Aksi Yaiku sesorah kang ancase kanggo penggerak. Sesorah aksi duweni pepadhan karo sesorah persuasi, bedane mapan ing asil kang diajab, sesorah persuasi ditujukake marang pribadhi utawa Lembaga, dene sesorah aksi duweni ancas kanggo gayuh ancas bebarengan.
2. Sesorah Informasi Yaiku sesorah kang ditindakake kanthi ancas menehi informasi utawa mratelakake sawijine bab. Swasana kang serius lan tertib dibutuhake sajrone jinis sesorah iki, kawigaten dipunjerake ing pesen kang diwedharake. Pamicara becike guneman kanthi cetha, sistematis, lan trep supaya informasi kajlentrehake kanthi akurat.
3. Sesorah Persuasi Yaiku sesorah kang ancase yakinake pamireng babagan sawijine bab. Sajrone jinis sesorah iki pamicara kudu duweni kaprigelan kang mumpuni jalaran dhawuhe kanggo ngrubah tumindak pamireng saka sarujuk dadi sarujuk.
Struktur teks sesorah 1. Pambuka a. Salam Pambuka b. Atur Pakurmatan c. Atur sukur 2. Isi 3. Panutup
Nulis lan nyunting teks sesorah a. Nemtokake topik sesorah b. Nglumpukake bahan c. Gawe cengkorongan d. Ngrembakake cengkorongan dadi teks sesorah.
Pambiwara kudu duweni kaluwihan ing babagan 1. Patrap a. Tangan ngapurancang b. Ora gugup lan kagetan nanging luwes, sumeh lan miluta c. Napas ora kena megap-megap d. Tatag lan tajem e. Anggone ngadeg kang tegap, jejeg, ora dhoyong.
2. Panyawang Panyawang ora mandeng salah sijine tamu, ora jlalatan, lan ora mung dhingkluk wae. Panyawang becike tajem jatmika, kehdep lan liringe mripat nyenengake. 3. Swara pambiwara swarane kudu manis, arum gandem, kung, ora methit lan monoton, sarta rancak mula tansah digladhi kanthi ajeg. 4. Paramasastra Pambiwara ora kena gunakake basa padinan kajaba kanggo banyolan.
5. Panyandhang Pambiwara becike gatekake panyandhang kang besus lan pas, tegese ora kegedhen utawa keciliken. Pantes tegese wasis milih kelir kang jumbuh karo pakulitane. Aja nganti kakehan asesori lan wewangi. Dene anggone dandan samadya wae. 6. Cara Sesorah a. Impromptu b. Ekstempora c. Naskah d. Memoriter
Search
Read the Text Version
- 1 - 11
Pages: