Important Announcement
PubHTML5 Scheduled Server Maintenance on (GMT) Sunday, June 26th, 2:00 am - 8:00 am.
PubHTML5 site will be inoperative during the times indicated!

Home Explore Geguritan Agus Purnomo

Geguritan Agus Purnomo

Published by Agus Purnomo, 2021-12-09 14:32:40

Description: Geguritan Agus Purnomo

Search

Read the Text Version

Kumpulan PUISI BAHASA JAWA SABAR MUSTIKANING LAKU Disusun oleh : AGUS PURNOMO, S.Pd.SD NIP. 19780826 201406 1 003 SD Negeri 2 Ngadiwarno i

IDENTITAS GURU Nama Sekolah : SDN 2 Ngadiwarno Nama Guru : Agus Purnomo, S.Pd.SD NIP : 197808262014061003 Jabatan/ Gol Ruang : Penata Muda Tk. I / IIIb Alamat Sekolah : SDN 2 Ngadiwarno Jl. Plantungan - Ngadiwarno Km. 4 Kecamatan Sukorejo , Kabupaten Kendal Telepon (0294) 452292 i

KATA PENGANTAR Assalamu ‘alaikum Warohmatullahi Wabarokatuh. Alhamdulillah wasyukurillah, segala puji syukur kami panjatkan ke hadirat Allah Yang Maha Esa, atas karunia-Nya semata kami dapat menyelesaikan penyusunan “Kumpulan Geguritan / Antologi Puisi dalam Bahasa Jawa”. Penulis menyadari bahwa Kumpulan Geguritan / Antologi Puisi dalam Bahasa Jawa ini dapat terselesaikan dengan baik, namun jauh dari kesempurnaan. Oleh karena itu besar harapan kami atas kritik dan saran atas penulisan Kumpulan Geguritan / Antologi Puisi ini . Penulis menyampaikan terima kasih yang tak terhingga bantuan semua pihak yang terkait atas dukungan dan kerjasamanya, sehingga penulisan Kumpulan Geguritan / Antologi Puisi ini dapat terselesaikan dengan baik. Semoga Kumpulan Geguritan / Antologi Puisi ini bermanfaat bagi semua pihak ( guru,siswa, atau pihak lain yang terkait). Berikut ini penulis persembahkan Kumpulan Geguritan / Antologi Puisi kepada pembaca sebagai bahan referensi dan khasanah literasi. Wassalamu “alaikum Warohmatullahi Wabarokatuh. Kendal, 29 April 2021 Penulis Agus Purnomo, S.Pd.SD i

DAFTAR ISI Sampul depan ………………………………… i Identitas Penulis ………………………………… ii Kata Pengantar ………………………………… iii Daftar isi ………………………………… iv Judul Geguritan Korona ………………………………… 1 Swara Jenggeret Ing Wayah Sore ………………………………… 2 Dadi Guru ………………………………… 3 Roro Jonggrang ………………………………… 4 Bulan ………………………………… 5 ………………………………… 6 Wajibe Wong Urip 7 Sabar Mustikaning Laku ii 8 Golek Ilmu 9 Gawean 10 Angel Temen 11 Wong Desa 12 Sing Ora Becik 13 Anakku Nduk 14 Papan Pangayoman 15 Syukur 16 Bocah 17 Sepedaku 18 Swara Tekek 19 Panganan 20 Dalan Anyar 21 Jarene Simbah 22 Pakaryan 23 Guru 24 Misakke Temen 25 Wayah Wengi 26 Kodhog Ngorek 27 Nganthuk

Ngapusi 28 Dolanan 29 Kiwa Tengen Omahku 30 Welinge Ibuk 31 Bocah Saiki 32 Ping Para Tambah lan Suda 33 Manuk Mabur 34 Watak Satriya 35 Apa Kuwi 36 Keluwarga 37 Wit Klapa 38 Kipas Angin 39 Jaran Kepang 40 Swara Adzan 41 Sekolahanku 42 Udan 43 Segara 44 Gusti 45 Pengorbanane Wong Tuwa 46 Nuswantara 47 Nrima Ing Pandum 48 Curug Sewu 49 Cilikanku Biyen 50 Katresnane Ibu 51 Wis Dilalekake 52 Mangsa Ketiga 53 Kali Tledhog 54 Nikmate Urip 55 Iklas 56 Rekreasi 57 Kathok 58 Wit Ringin 59 Wulan Poso 60 iii

Korona Korona…. Donyane kiamat Korona teka ora uluk salam Wong sak jagad padha giris Meruhi kahanan kang miris Apa tandhane… Grana wis ora mambu gandha Awak krasa kesel banget Socane lara Mlebu metu menyang kakus Rasane jeleh lan muntah -muntah Otote kaku lan keju Piye Nyegahe…. Wijik nganggo sabun Nganggo masker Jaga jarak Ora kumpul-kumpul Ngurangi pasrawungan 1

Swara Jenggeret Ing Wayah Sore Swara jenggeret ing wayah sore… Gawe nggrentes atiku Swararane sahut-sahutan siji lan liyane Ana ing sak tengahing kebon Swara jenggeret ing wayah sore… Nlusup ning gendhang kupingku Ngang nging ngang nging saya suwe saya banter Swara jenggeret ing wayah sore… Ketok jenggerete Tak cekel jenggerete Sak kecap meneng kaya ora dhuwe daya Swara jenggeret ing wayah sore… Maneka warna endah edining swarane 2

Dadi Guru Dadi Guru… Aku arep dadi guru Nyangking tas numpak sepedha Ketemu karo bocah-bocah Pakeane necis Rambute nganggo minyak kinclong Sisirane rapi Nganggo sepatu Dadi Guru… Menehi kawruh kanggo bocah-bocah Ngajari nulis Ngajari maca Ngajari gambar Dadi Guru… Mangkat isuk bali awan Ora sarapan bisa dhahar siang Atine seneng Ilmune manfaat 3

Roro Jonggrang Jonggrang….nduk cah ayu… Gelema dadi garwa pun kakang Apa kang dadi panyuwunmu tak sembadani Rawe-rawe rantas malang- malang putung Oh jonggrang… Kuwi to panjalukmu Sewu candi wektu sewengi Tak sembadani… Kukuruyuuuuk………… Jonggrang kowe mblenjani janji Kowe wis tumindhak culika marang aku Yen mengkono Kurang patung siji Awakmu kang bakal ngganti Jonggrang….Rara Jonggrang Iki wis dadi nasibmu 4

Bulan Bulan…. Rupamu bunder gawe seneng atiku Cahyamu gawe padhang ing wayah ratri Ora ana lampu kang bisa nandhingi padhangmu Ora ana bosenne nyawang prainanmu Bulan…. Tanggal siji rupamu durung dingerteni Tanggal telu prainanmu durung ketemu Tanggal limalas sinebut wulan purnama Tanggal telung puluh diarani silem Bulan… Tekamu gawe renaning ati Lungamu ora tak anti Endahmu karyaning Gusti 5

Wajibe Wong Urip Srengenge wis sumunar ana ing sisih wetan Swara jago kluruk padha sahut-sahutan Pratandha dina wis isuk Wong-wong padha bangun enjing tumuju makarya dhewe-dhewe Sikil jumangkah golek pangupa jiwa dina iki Esuk makaryo, awan entuk rejeki, sore enthek Awak krasa seneng, bisa napakohi kaluwarga Tansah percaya karo sing Kuwasa Dene rejeki kuwi wis ana dalane dhewe-dhewe Saben manungsa urip ing alam donya kuwi mesthi wis diparingi rejeki Nanging takerane rejeki kuwi saben wong dhewe-dhewe Dioyak –oyak yen dhurung tekan bakal mlayu Mula tansah iklas ngupadi urip Ora meri dhuweke liyan Ya mung pangarep-arepe Muga bisaha berkah ing samubarang Bisa mangan, bisa nyandhang, lan kasembadan kang dadi cita-citane 6

Sabar Mustikaning Laku Sabar…. Sak tembung tegese akeh banget Ora gampang nesu Ora kesusu Ora grusa-grusu Nata ati Nata piker Nata laku Lan Nata tingkah laku Ya sabar kui mustikaning laku 7

Golek Ilmu Dadi manungsa kuwi ………….. kudu sregep golek ilmu Ilmu kang migunani kanggo urip Ilmu agama, Ilmu sopan santun, Ilmu akademik, Ilmu sesrawungan, Lan ilmu liya- liyane Nanging………… Ojo golek ilmu kanggo ngapusi Ojo golek ilmu kanggo mbodoni ing sapadha Ojo golek ilmu kanggo tumindhak culika Ilmu kang diangsu luwih becik…….. Ditularake kanggo sapadha-padha Diamalake kanggo kapentingane wong akeh Supaya ilmune berkah lan manfaat Golek ilmu iku ora ana watese Wiwit bisa mikir tumeka mlebu ing liyang lahat Wiwit cilik tumeka dipundhut sing Kuwasa Golek ilmu iku kewajiban kanggo wong urip kabeh Mulane wong urip sing ora gelem golek ilmu ibarate wit-witan sing ora awoh lan Kaya tawon kang ora dhuwe madu Mulane ayo podo golek ilmu kanggo kasampurnaning urip 8

Gawean Gawean…………… Saben dina ana gawean Wong urip kuwi kudu ngupadi gawean Kanggo kepentingane awake dhewe uga kaluwarga Wong sing megawe saben dina padha karo ngibadah Gawean kuwi ora sewates kanggo awake dhewe lan kaluwarga thok Gawean……………… Megawe kudu dilambari karo keikhlasan Ora ngarep-arep upah lan pamrih Gawean becike dilakoni kanthi temen Nganggo cara kang cerdas Ora ninggalake tepak Lan dilakoni kanthi mawas dhiri 9

Angel Temen Angel…angel…………… Tegese tembung aku ora ngerti Unine tembung…aku ora paham Jaman saiki beda karo biyen Angel…angel… Negesi ukara iki… Jaman saiki wis ora usum sing jenenge trompah…anane sandal Jaman saiki wis ora ana jenenge jeguran…anane renang Apa maneh mangerteni jenenge anak kewan, aran kembang, jeneng gegodhongan lan sak panunggalane Ealah tobel….anake kadal Ealah mayang…kembange blimbing Ealah pupus godhonge gedhang Kabeh mau bisa digladi Kabeeh mau bisa disinau Ya karo guru yo karo wong tuwa lan wong sing mangerteni kbudayn jawa 10

Wong Desa Wong desa … Sugih sega Sugih klapa Sugih sata Wong desa…. Kurang tata Akeh kanca Seneng golek kraca Seneng suka-suka Wong desa… Guyub rukun Seneng sukun Seneng golek dukun Wong desa….. 11

Sing Ora Becik Apa wae si sing ora becik kuwi… Ngapusi Clemer Grundel Selak ing janji Apa maneh sing ora becik kuwi… Culika ing sapadha Rai gedheg Dhemen mitnah Korupsi Kolusi Nepotisme Sing endhi maneh sing ora becik kuwi Apa apa sing gawe awake dhewe lan wong liya rugi Apa apa sing gawe awake dhewe lan wong liya selak saka ati lan nurani 12

Anakku Nduk Anakku nduk…. Sing sregep anggonmu ngaji Sing sregep anggonmu ngudi ilmu Anakku nduk… Masa depanmu ana ing tanganmu Sing bisa ngubah derajat lan pangkatmu ya awakmu dhewe Anakku nduk… Ngajenana mring Bapak karo Ibu Ngajenana mring Bapak lan Ibu gurumu Ngajenana mring uatadz-ustadzmu Anakku nduk… Bapak Ibu mung bisa dedonga Nyuwun pamuji mring Gusti Muga-muga gegayuhanmu kang kaesti Bisaha pikantuk idi 13

Papan Pangayoman Papan Pangayoman…. Papan kanggo turu Papan kanggo nglelipur sukma Papan kanggo ngglethakake raga Papan kanggo ngumpul kaluwarga Papan Pangayoman…. Papan kanggo nyimpen raja kaya Papan kanggo ngglethakake raja brana Papan kanggo nyimpen pala kependhem Papan kanggo ngglethakake pala gumantung Papan Pangayoman…. Papan kang akeh paedahe Papan kang akeh migunani Papan kang bisa kanggo samubarang 14

Syukur Syukur kuwi… Tembung sing prasaja Ning angel nglakonane Gegandhengan karo rasa Gegandhengan karo jiwa Gegandhengan karo ati Syukur kuwi… Tansah nrima ing pandum Tansah ayem karo opo sing di dhuweki Ora meri dhuweke liyan Ora drengki marang sapadha-padha Syukur kuwi mustikane manembah mring Gusti 15

Bocah Bocah……… Esemmu nyenengke Ramamu Polahmu nganyelke ibumu Bocah… Aja padha playon Playumu banter kaya mimis kumbang Rama kuwatir yen sliramu tiba Ibu ora tega yen kulitmu lecet kena aspal Bocah… Lucumu aja nganti ilang yen awakmu ngancik diwasa Aja lali Rama ibu Mbangun turut marang wong tuwa Kaya rama ibumu ngrawat awakmu awit cilik tekan diwasa Bocah…. Swargamu ana ing tlapak sikil ibumu 16

Sepedaku Sepedaku sepeda anyar…. Winganane dipundhutke bapak Warnane abang plered putih Tak gencot banter mlebu ning selokan Sepedaku kelangenanku…. Tak serbeti saben dina Ora ana bledug sing bisa nyepak Ora ana kotoran kang bisa kumanthil Sepedaku sepeda mini…. Saben dina tak gabyuri Nganggo sabun wangi Supaya gandhane sedhep Sepedhaku ….. Saben dina tak tumpaki Ati seneng Awak seger Muter-muter 17

Swara Tekek Othok…othok…tekek Othok…othok…tekek Swarane mbudhegi kuping… Othok…othok…tekek Othok…othok…tekek Swarane ngageti piker… Othok…othok…tekek Othok…othok…tekek Swarane ngebeki omah… Ning omahku akeh tekek Tekek lanang thekek wedok lan thekek anak Othok…othok…tekek Othok…othok…tekek Tai thekek tiba ning dhuwur meja… Othok…othok…tekek Othok…othok…tekek Thekek tak sampluk cublek ning ngisor Othok…othok…tekek Othok…othok…tekek Tekeke mati swarane ilang… Othok…othok…tekek Othok…othok…tekek 18

Panganan Panganan…. Tela diparut dikukus diwenehi gula diarani lemet Ketan didang ditutu nganti alus diarani gemplong Ketan didang jerone ana iwake diarani lemper Sega didang dibuntel godhong diarani lonthong Panganan…. Akeh banget jenenge Ana sing jenenge jenang Ana sing jenenge wajik Ana sing jenenge bakwan Lan ana sing jenenge tahu sumpel Panganan…. Ngomong panganan ora ana rampunge Mripat melek weruh panganan Tangi turu weruh panganan Mlaku-mlaku weruh panganan Siji dipangan sijine ning tangan Panganan….oh panganan 19

Dalan Anyar Dalan anyar… Dalan kang ana ing ngarep omahku kuwi Katon kenceng ora menggak menggok Kemis wingi diresmekke Pak Bupati Sewulan bethethet digawe ora liren Para warga padha suka-suka mangerteni dalane wis malih Maune lemahan saiki dadi aspal Maune belok yen udan saiki wis orak Dalan anyar… Margane wong kanggo golek pangupa jiwa Margane wong tumuju sasana karya Margane warga kanggo samubarang Dalan anyar… Dalan kang kebak pangangen-angen 20

Jarene Simbah Jarene si mbah Kancil kuwi senenge nyolong timun Jarene si mbah Ora kena mangan ning tengah lawang Jarene si mbah Wit asem kuwi kelebu wit sing angker Jarene si mbah Gethuk kuwi asale saka tela Jarene si mbah Anak sapi jenenge pedhet Jarene si mbah Wit pring jenenge krosak Jarene si mbah Kembang tebu jenenge gleges Jarene si mbah……… Jarene si mbah………….. 21

Pakaryan Guru Mulang muruk siswa ana ing sekolah Polisi Ngayomi warga lan brastha tindhak kriminal Dokter Mriksa lan ngobati wong lara Tentara Ngayomi warga lan gawe wilayah negara ora pisah Wong Tani Nandur sakahehing tetanduran Miyang Golek iwak ana ing segara Lurah Pimpinan ana ing desa Bupati Pimpinan ana ing Kabupaten Presiden Pimpinsan ana ing negara 22

Guru Guru Awit jaman biyen Kirata basane digugu lan ditiru Dudu wagu tur saru Guru Jaman saiki Kirata basane golek utangan ra uwis-uwis Apa bener Lamun bener Ya ora kabeh Guru Panutan para siswa Tingkah laku lan tindak tanduke ditiru para siswa Pencetak sakehing gawean Petani, dokter, polisi, malah tekan Presiden Kabeh mau jasane guru Guru Gawean mulia, ora akeh sing kersa 23

Misakke Temen Wingi bengi bapakne dipundhut karo sing kuwasa Misakke………….misakke temen Gara-garane nyambut gawe menyang Cirebon Ngeterke endog Montore mlaku banter nabrak montor ning ngarepe Krompyang sak nalika montore remuk Misakke………….misakke temen Bapakne kancaku digawa ring rumah sakit Telung dina telung bengi koma ora sadar Ibune kancaku nusul ning rumah sakit Dedonga jam-jaman maca ayat suci Misakke………….misakke temen Sak wise diwacakke ayat suci Nyawane bapakne kancaku oncat saka ragane Jantunge mandheg ambegane ora obah Tutuke muruh Misakke………….misakke temen Bapakne kancaku diparani malaikat izrail Digawa menyang alam kelanggengan Misakke………….misakke temen Kancaku Sing sak sekolahan 24

Wayah Wengi Wayah wengi Udan grimis ra uwis-uwis Gegodhongan pating sumilak katiup angin dalu Kaya-kaya dadi kanca anggonku nangis Nangis amarga kelangan Ibuku sing wis kondur Kondur marang ngarsane gusti Wayah wengi Ora ana rembulan Apa maneh gumebyare lintang Anane petheng dhedhet Kadya pralaya kang lagi tiba Wayah wengi Iki dudu ngimpi Ananging kasunyatan kang sejati 25

Kodhog Ngorek Theoooot….the bluuuung Swara kodhog ing wayah wengi Tak obori ora katon Tak senteri ora ngetok Theoooot….the bluuuung Kodhog iki pancen gawe nesuku Swarane mbrebegi talinganku Mbrebeni adhiku kang lagi turu Theoooot….the bluuuung Akhire ketemu Umpetan ning ngisor wit sawo Tak cedhaki mencolot lunga Tak oyak tak golekke bala Tak gawe swike Theoooot….the bluuuung Theoooot….the bluuuung Theoooot….the bluuuung 26

Nganthuk Mripatku iki rasane sepet Arep melek angel banget Paribasan kegandulan watu pirang-pirang kilo Pikiran wis ora fokus Pandhangan wis ora kebek Sirahe oleng Jaluk diglethakake Ana ing Kasur sing empuk 27

Ngapusi Wong sing ngapusi kui antarane guneman lan kasunyatan seje Kontul diomongke banyak banyak diomongke kontul Apa sing diucapake ora padha karo sakbenere Wong sing ngapusi kuwi duwe pamrih Pamrih golek jeneng Pamrih golek pangakat Lan pamrih dialem Nanging wong sing ngapusi Sepisan konangan Saklawase ora bakal dipercaya maneh Senajan apa sing diomongke bener ora bakal digubris Mula aja seneng ngapusi 28

Dolanan Bocah pada jejogedan nganggo topeng nuli nembang Buta -buta galak solahmu lonjak-lonjak Sakwise wethenge luwe terus nembang lepetan-lepetan angudhari anguculi Bubar segane mateng disunggi karo nembang gundhul-gundhul pacul gembelengan Segane wutah dikroyok kupu bocah –bocah nuli nembang kupu kuwi tak encupe Kupu diencup weruh menthok terus ditembangke menthok-menthok Ana sakwijine bocah kang isin weruh polah tingkahe menthok Banjur nganggo topeng penthol lan nembang penthol rai macan Topenge warna kuning banjur nembang lagu kuning-kuning kawula gawe lara Karo mlaku-mlaku weruh gajah nembang gajah-gajah kowe tak kandhani Akhire bocah-bocah padha keselen lan turu wis ora nembang maneh 29

Kiwa Tengen Omahku Ing ngarep omahku kebak kembang maneka warna Ana mawar melathi euphorbia gelombang cinta Wijaya Kusuma anggrek lan liya- liyane Saben dina tak sirami isuk lan sore mula kembang mau urip ngrembaka Ning sandhing taman ana kolam kang isine iwak mas lan mujahir Sak tengahing kolam ana tanduran bonsai ringin kah endah Sak pinggiring kolam ana wit-witan kang akeh banget Ana sinom parijotho ana dewa dharu ana suruh ana sawo lan liya-liyane Samping kolam ana kolam liyane maneh kang isine iwak nila lan iwak lele Aku seneng banget karo kiwa tengen omahku Bisa kanggo ngusadani yen aku lagi sunthuk Lan dadi jejampi yen awakku lagi ora kepenak 30

Welinge Ibu Dadi wong kuwi sing duweni tepa slira Tansah tumindhak becik Nanging uga sing waspada Aja seneng sulaya Gawe cuwa marang sapadha-padha Lan srei marang wong liya Apa sing kok tandhur bakal uwoh Kabeh bali ning awake dhewe Becik ketitik ala ketara 31

Bocah Saiki Bocah saiki Wis lali sejatine wong Jawa Ngucap maturnuwun nganggo basa tengkyu Ngucap nyuwun sewu nganggo basa sori Iki apa maneh Sungkem riyadi munine kosong-kosong Yen kesendu sak ithik omonge lu gue en Bocah saiki Wis lali marang tatanan kebecikan Wis lali marang piwulange guru lan kyai Nanging kabeh mau ora mung salahe bocah kuwi mau Wong tuwa kang sibuk dhewe Ndadhekake bocak kurang perhatian Lingkungan kang ora panthes dadi tuladha Marakake bocah ambrol ing kasusilan Bocah saiki 32

Ping Para Tambah Lan Suda Ping para tambah lan suda Siji tambah siji dadi loro Lima disuda telu dadi loro Loro ping siji dadi loro Papat para loro dadi loro Telu tambah loro dadi lima Telu disuda siji dadi loro Telu ping telu dadi sanga Telu dipara telu dadi siji Ping para tambah lan suda 33

Manuk Mabur Manuk mabur ning gili wangan Ngocehe sahut-sahutan Cicit cuit cicit cuit mencrok ning dhuwur pemehan Dioyak-oyak Parjiman Ora candhak-candhak Diplintheng enda Dikabruk mencolot mabur menyang wuwungan Dibalang lungko abang Bablas menyang dhuwur mega sak ngisoring angkasa 34

Watak Satriya Watak Satriya kang dadi tuladha Luwih becik dadi bathang tinimbang wirang Rawe-rawe rantas malang-malang putung Ditalenana medhot dipalangana mlumpat Sepi ing pamrih rame ing gawe Mendhem jero mikul dhuwur Dadi awar-awar ing saktengahing bebayan 35

Apa Kuwi Burnaskopen…bubur panas kokopen Wiwawite…wi dhawa uwite Lesmbadange…tales amba gadhange Karwopete…dokar dhawa tipete Pak boletus…tepak kebo metu lelene satus Surmbahwurca…susure si mbah ning dhuwur kaca Muwittuslangwitwu…Nemu dhuwit satus ilang dhuwit sewu Supinakbenget…susu sapi enak dombe anget Pilusbungduswa…pipi alus diambung wedhus jawa 36

Keluwarga Ing Dalem Keluwarga Kudu padha nresnani Kudu padha mangerteni Ora padha tukaran Ora padha gelutan Susah seneng dirasakake bareng Pancen abot dhuwe keluwarga Yen dhuwe gawe utawa karsa Nanging Sak susah-susahe keluwarga Isih seneng tinimbang ora dhuwe keluwarga Pikiran abot dipecahake bareng Gawean akeh bisa entheng Ana panganan wethenge padha wareg bareng Ora ana panganan luwe bareng Iku artine keluwarga Keluwarga iku wujude negara paling cilik 37

Wit Klapa Wit klapa kuwi akeh banget gunane Wiwit seko ngisor tekan dhuwur Wit klapa bisa kanggo bahan bangunan Tepes klapa bisa kanggo keset Bathok klapa bisa kanggo samubarang kang migunani Kaya irus, wadah janganan lan liyane Janur klapa bisa kanggo blongsong kupat lepet Blarak klapa bisa kanggo wuwung omah Sada klapa bisa kanggo sapu Manggar klapa bisa kanggo tamba Degan klapa bisa kanggo jampi Klapane dhewe bisa kanggo masak 38

Kipas Angin Kipas angin ning ngomahku Gumlethak ning pojokan ruang tamu Ngadheg katon dhawa ning ruangan Disetel tombole Menthiung noleh ngiwa lan nengen Gawe seger swasana ning ruangan Muter-muter banter banget Sak wektu-wektu bisa digunakake Yen aku pengen nguripi 39

Jaran Kepang Hoya…hoya… Mlaku maju…mlaku mundhur… Hoya…hoya… Mlaku ngiwa…mlaku nengen… Cether…cether…ana sing ndadi Cether…cether…sing ndadi mlayu nyepaki pawange Cether…cether…di setrum celeng Cether…cether…nyrudhugi penonton Cether…cether…sing kesrudhug melu ndadi Cether…cether…ndadine suwi banget Hoya…hoya… Mangan kembang mawar… Hoya…hoya… Ngombe kocahan Cether…cether… Ditambani karo pawnage Cether…cether… Sing ndadi mari Cether…cether… Jran kepange rampung Cether…cether Wong wong padha bali 40

Swara Adzan Swara Adzan Kanggone wong Islam Pinangka pratandha panyeluk Panyeluke supaya padha teka menyang Masjid utawa Langgar Manembah marang Gusti Gusti kang Maha Agung Swara Adzan Pratandha nyekseni anane Gusti Lan nyekseni Utusane Gusti Swara Adzan Ajakan kanggo Sholat Ajakan kanggo kebahagiaan Swara Adzan Swara kanggo komando Saiyeg saeka kapti 41

Sekolahanku Ana ing pinggire alas pines Hawane adhem nyengsemake Sak tengahing sekolahanku ana lapangan amba Saben dina kanggo bal-balan lan olahraga liyane Sak kiwa tengene sekolahanku ana wit-witan kang ngrengguyung Ana wit kelengkeng , wit maoni, lan wit ringin sing ngrebawani Tamane sekolahanku kebak kembang manekawarna kang edi peni Ana kebon sekolahanku ana tanduran jengkol, mlinjo, klapa, lan pohong Sekolahanku tansah resik ngglines Ora ana suket kang thukul amarga mau diupakara kanthi apik Sekolahanku kanggo pusat kegiatan sak gugus Sekolahanku sing tak banggakake 42

Udan Langit mendhung pratandha arep udan Megane mlaku ngumpul alon-alon saya suwe saya akeh Angine tansah sumribit anyes hawane Wit-witan obah katiup samirana Sungginge swasana katon nggegirisi Kaya-kaya angkasa arep ambral Pertiwi arep obah mosik Tumetese warih saya suwe saya akeh Tumiba ing pratala Langit malih padhang Swasana katon anteng maneh 43

Segara Segara Katon endah ing soca Gawe tentreming wardaya Yen wayah esuk cumloroting bagaskara ing sisih wetan dhuwur segara Katon edipeni kaya-kaya meruhake agunging Gusti kang akarya jagad Jumlegure ombak kang katiuping bayu Kaya-kaya gumlegure pangajab saben jalma Segara Ing pinggiring segara wit cemara gembel ngadeg gagah kang dadi pangiyuping wayah awan Ombaking segara dadi kanca amongraga kang bisa ngikis sakabehing cuntheling pikir Pasir kang kumepyur dadi usadaning pikir kang ora waras Sumebaring kulit kerang dadi mustikaning pangarep-arep Segara Oh segara Katon endh ing soca 44

Gusti Ana wong ngomong Gusti kuwi papane ing dhuwur Ana uga kang ngomong Gusti kuwi manggon ing manah Ana sing gunem Gusti kuwi ana ing pangangen-angen Ning sing bener Gusti kuwi siji Gusti kuwi ora dhuwe putra lan ora dianakake Gusti kuwi ora ana kang bisa madhani Awake dhewe bisa meruhi Gusti Saben awake dhewe sembahyang Awake dhewe nyepak Gusti bakal nyepak Awake dhewe adoh Gusti bakal adoh Gusti ngratoni apa-apa kang ana ing angkasa lan ing pertiwi Gusti kuwi ora sare Samubarang kedadean kuwi kersane Gusti Gusti kang Maha Kuasa 45


Like this book? You can publish your book online for free in a few minutes!
Create your own flipbook