Important Announcement
PubHTML5 Scheduled Server Maintenance on (GMT) Sunday, June 26th, 2:00 am - 8:00 am.
PubHTML5 site will be inoperative during the times indicated!

Home Explore MENDIDIK DENGAN SETULUS HATI

MENDIDIK DENGAN SETULUS HATI

Published by Tasbihah, 2022-10-30 21:16:49

Description: MENDIDIK DENGAN SETULUS HATI

Search

Read the Text Version

["\u201cO, nggih Bu ngapunten kula kinten penyiar radio, suwarane sae! jawabane Pak Surya. \u201cOra yo Pak, elik swaraku. Niki pak kulo matur nek Eni murid jenengan ki nesu pada di olok-olok kancane, jare ora jen gatekne uga, tulung Jenengan paring bimbingan. Mesakna Pak wong Eni kui ora due bapak, ibune bar cerai\u201d jelaske Bu Nawang. \u201cO, nggih Bu siap maringi bimbingan, nuwun!\u201d jawabe Pak Surya. Pak surya kaget dikabari Bu Nawang menawa muride jenenge Eni lagi emosional mergo keluargane broken home. Mesakne Eni, lagi butuh kasih sayang wong tua. Wes rong jam anggone nunggu lomba MIPA. Kayane uwes rampung. Panitiane sibuk ngoreksi soal peserta lomba. Banjur dirangking trus diumumkake. Pak Surya bombong banget seneng atine. Yoga bisa kasil rangking siji lomba IPA, dene Titi rangking loro lomba matematika. Sik rangking siji bakal makili kecamatan maju kabupaten. Wektune seminggu maneh. \u201cSlamat ya Nak, sukses!\u201d Pak Surya ngucap kanggo Titi lan Yoga. Banjur mboncengke bocah loro, sadurunge tekan sekolah ditumbaske bakso ana Janti. Bakso Pak Warsidi seka Wonogiri sik kondang enak. Mulane rame terus saben dina okeh sik pada mara tuku. Sawise mbakso tumuli mulih 192 | MENDIDIK DENGAN SETULUS HATI","sekolahan. Ana sekolahan ijih pada pepak pak guru bu guru. Murid-murid liyane durung bubar ming kelas siji sik budal. Pak surya matur pak kepala sekolah hasil lomba MIPA. Sekolah bakal maju maneh makili lomba MIPA tingkat kabupaten. \u201cAlhamduliilah matur nuwun Pak Surya,\u201d ngendikane pak kepala sekolah. \u201cInggih, sami-sami pak,\u201d jawabe Pak Surya. Pak Surya terus mlebu kelas lima. Bocah-bocah pada anteng nggatekake. \u201cAnak-anaku sing tak tresnani, dina iki lomba MIPA. Dene sik rangking siji Yoga lan Titi rangking loro. Minggu ngarep Yoga maju maneh tingkat kabupaten. Nyuwun dongane muga-muga besok Yoga bisa kasil juwara,\u201d pintane Pak Surya. \u201cAamiin,\u201d jawabe anak-anak. \u201cAyo anak-anak nayanyi nggih, lagu Trimakasihku\u201d perintahe Pak Surya nyekel gitar. Kabeh pada nyanyi semangat seneng banget. Katon Eni ulate uwes padang bungah. \u201cSinten sik kepingin nyanyi dewe ana ngarep kelas\u201d pak guru nawake. \u201cKulo Pak!\u201d Eni ngacung. MENDIDIK DENGAN SETULUS HATI | 193","\u201cCie, Cie!\u201d kancane pada muni. \u201cSiiip mangga Eni, lagune apa?\u201d takone Pak Surya. \u201cMboten ngertos pak\u201d jawabane Eni sajak gojeki Pak Surya. Kanca-kancane pada meneng kepingin ngrungokne. Eni lekas nyanyi, swarane Eni apik. Alus we ana cengkok- cengkok sitik. Pak Surya ngiringi lagune ngganggo gitar lirih- lirih. Swarane apik dipaduke swara gitare pak guru ko pas enak banget dirungu kuping. Iki lagune. Tak pernah terpikir olehku Tak sedikitpun kubayangkan Kau akan pergi tinggalkan kusendiri Begitu sulit kubayangkan Begitu sakit kurasakan Kau akan pergi tinggalkan kusendiri Di bawah batu nisan kini kau tlah sandarkan Kasih sayang kamu begitu dalam Sungguh ku tak sanggup, ini terjadi karena ku sangat cinta Inilah saat terakhirku melihat kamu jatuh airmataku Menangis pilu hanya mampu ucapkan selamat jalan kasih Satu jam saja Ku telah bisa cintai kamu kamu Dihatiku namun bagiku Melupakan mu butuh waktuku seumur hidup Satu jam saja ku telah bisa sayangi kamu 194 | MENDIDIK DENGAN SETULUS HATI","Dihatiku namun bagiku melupakanmu Butuh waktuku seumur hidup dinantiku Rampung nyanyi pada tepuk tangan. Eni mrebes mili, katon kembeng-kembeng arep nangis. Kelingan bapakne tega ninggalke ibune lan awake. Jagad iki peteng sumpeg tumprape Eni kang lagi ngrasakake atine melu lara ditinggal lunga bapakne. Dina Ju\u201fmat tanggal loro sasi April. Kayadina biasane Pak Surya mangkate sekolah mesti gasik dewe. Dadi kebiaasane Pak Surya wiwit tugas ana Gunungkidul mangkate mruput. Rampung sholat Subuh kudu menyat. Menawa ora, kawanan sitik wus ketinggal bus jurusan Nanggulan-Jogja. Bis sik mangkat seka Nanggulan jam setengah lima. Keteg terminal Umbulharja jam enem. Trus sambung numpak bis engkel. Sak bis engkel iso muat enem belas guru utawa pegawai lajon. Tekan Karangmojo papan tugas jam pitu. Ijih esuk dewe. Iki dadi kebisaane Pak Surya mesthi teka esuk gasik. Semono uga tugas ana daerahe dewe ora pati kendat. Tetep ijih ngetokne disiplin wektu. Pak Surya pancen guru sregep. Tekan sekolah nggunakake wektune kanggo remidi utawa mbimbing anak-anak. Apa maneh persiapan arep lomba MIPA tingkat kabupaten. \u201cPak Suru,?\u201d Pak Surya krungu ana sing nyeluk trus ditoleh eh, jebul Eni. MENDIDIK DENGAN SETULUS HATI | 195","\u201cNggih, eh Mbak Eni, piye sehat Eni?\u201d pitakone Pak Surya. \u201cAlhamdulillah, Sehat Pak Guru,\u201d jawabe Eni. \u201cSesok belajar nyanyi meneh ya Pak Guru,\u201d penjaluke Eni. \u201cIya, ning Bapak Guru arep fokus mbimbing Yoga!\u201d alasane Pak Surya. \u201cHuuh Pak Guru jimbit, ra gelem marahi kula!\u201d bantah Eni karo mlayu mlebu kelas ulate njegadul. Bapak ibu guru wes pada rawuh. Sragame ngisor ireng nduwur batik lengen dowo. Ketok perbawane bapak ibu guru. Dina iki bapak kepala ora rawuh sekolah ana kegiatan K3S. Teeet, teeet, teeet, bel sekolah wes dipencet. Anak-anak pada baris ana ngarep kelas. Bapak ibu guru ngadeg ana ngarep kelas. Anak -anak giliran mlebu kelas salim karo gurune kelas. Ora let suwe krungu salam anak-anak kanggo pak guru ditruske donga lekas belajar. Mung kelas enem sing durung keprungu slamat pagi bu guru. Anak-anak anteng tanpo cumuwit. Bu Nawang kaget mlebu kelas enem. \u201cMasya Allah!\u201d iki apa anak-anak?\u201d karo bengoke bu guru. Anak-anak pada njligleg meneng wae ora ana sik jawab. Bu guru nggejejer ngadeg kamitenggengen nyawang 196 | MENDIDIK DENGAN SETULUS HATI","ruang kelas enem dihias nganggo kertas krep lan dipasangi balon kaya ana perayaan. Saben pojok kelas ana lima balon. Sik tengah-tengah ruang kelas uga ana balon sepuluhan cacahe. Werna-werna rupane kaya pelangi. Kertas krep dipotong-potong cilik trus disambung dipasang saben pojok karo tengah-tengah.Wah pokoke meriah kelas enem sik ora kaya biasane. Bu Nawang mbalike awake arep nulis ing papan tulis. Papan tulis jebul ana tulisane huruh kapital kabeh. \u201cSELAMAT ULTAH PAK GURU SURYA!\u201d TANGGAL 02-04-2008 Bu Nawang saya mbrambangi, kepingin emosi isin genea kelas enem ulahe ngene. Pancen anak-anak kelas enem ngidolake Pak Surya. Sik sabar nek mulang nyenengake ora galak. \u201cAnak-anak saiki ayo pelajaran\u201d bentak bu guru nadane duwur. Anak-anak meneng wae. Ora jawab. Si Guntur bocah paling gendut cekikikan. Mergane njero lacine kanggo deleh roti ulang tahun. \u201cGubrrraaak!\u201d bu guru gebrak meja. Karo nunjuk Puji ketuane. \u201cPuji, kana matur Pak Guru Surya diaturi mlebu kelas enem!\u201d dawuhe Bu Nawang. \u201cInggh bu\u201d Puji ketua kelas banjur nuju kantor guru. MENDIDIK DENGAN SETULUS HATI | 197","Nanging ora ketemu Pak Surya. Pak Surya ana ruang perpustakaan ndampingi Yoga persiapan lomba MIPA. Ora sranta Bu Nawang nggeblas metu kelas, tindak kantor. Matur kanca-kanca guru arep wangsul. Awake krasa mboten sehat. Banjur kondor akon ngeterake Pak Trimulya. Bapak ibu guru pada kaget, Bu Nawang kenapa ujug-ujug kondor. Mau ketok sehat. Sawise Puji mlebu kantor matur nggoleki Pak Surya. Puji matur menawa dina iki kelas enem arep merayakan ulang tahun Pak Guru Surya. \u201cWes, ana-ana wae! Sadurunge Pak Surya tugas kene kui ya apik-apik wae durung tahu kedayeyan aneh kaya iki!\u201d celatune Pak Abdul ketus. Banjur Pak Surya digoleki Bu Guru Jayim guru Pendidikan Agama Islam. \u201cPak Surya sik sabar nggih, mangga jenengan kula aturi mlebet kelas enem sampun ditunggu anak-anak\u201d ngendikane Bu Jayim. Batine Pak Surya ko kelas enem sik nunggu, apa ora salah, kudune anak kelas lima. Pak Surya mlebu kelas enem, banjur pas tekan tengah byuuuur balon-balon mau pecah isine kertas pating krelip ngebyuki awake pak surya. Anak-anak pada ambyuur gruket Pak Surya nggoceki astane. 198 | MENDIDIK DENGAN SETULUS HATI","\u201cMat ulang tahun Pak Guru\u201d anak-anak pada ngucapke. Guntur ngetokake roti ulang tahun sik kit suk mau didelehke njero laci. Disodorke Pak Surya, ing tengahe ana lilin murup mbentuk angka patang puluh (40). Pak guru diaturi nyebul lilin. Pak Surya ora bis akumecap. Genea tekan sprene durung tahu ana kedadeyan murid sik ngulangtahuni guru kaya iki. Pak Surya nrocos netes eluhhe. Nangiis. \u201cMatur nuwun, anak-anak\u201d swaranepak surya groyok. *** Papan, prastawa lan asma fiktif menawi wonten ingkang sami namung dhawah kaleresan mawon..Matursuwun. MENDIDIK DENGAN SETULUS HATI | 199","Biografi Penulis Sukiya, S.Pd. saat ini dia bekerja sebagai Kepala SD N Kutogiri Kapanewon Pengasih Kulon Progo sebagai ASN Dinas Pendidikan Pemuda dan Olahraga Kulon Progo. Selama menjadi guru berprestasi tahun 2015 juara 1 tingakat kecamatan Nanggulan , Juara harapan 3 guru prestasi tingkat kabupaten Kulon Progo. Organisasi kemasyarakatan ditunjuk maju presentasi lomba P3A tingkat nasional wakil Kulon Progo Propinsi DIY Mei 2012 di Batam Kepulauan Riau. Hobbinya menulis cerpen dan suka membaca novel karya D. Iskandar, Mira W. 200 | MENDIDIK DENGAN SETULUS HATI","Mengikuti gurp FB Gegguritan cerita bersambung yang sudah tayang \u201cTresnane Sang Guru\u201d dan juga geguritan. Mau berinteraksidengansukiya? Fb: sukiyakia WA: 081328208304 Email: [email protected] MENDIDIK DENGAN SETULUS HATI | 201"]


Like this book? You can publish your book online for free in a few minutes!
Create your own flipbook